Yérémia 5:1-31

  • Israèl ora gelem diélikké Yéhuwah (1-13)

  • Dihancurké ning ora nganti entèk (14-19)

  • Yéhuwah ngukum bangsa kuwi (20-31)

5  Lungaa menyang dalan-dalan ing Yérusalèm. Deloken sekitaré, lan gatèkna. Golèkana ing lapangan-lapangané. Nèk kowé nemokké wong siji waé sing tumindak adil+Lan sing ngupaya tetep setya,Aku bakal ngapura Yérusalèm.   Senajan wong-wong kuwi kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah, Gusti Allah sing urip.” Wong-wong kuwi tetep waé nggawé sumpah palsu.+   Oh Yéhuwah, Njenengan kan nggolèki wong sing setya, ta?+ Njenengan ngukum umat-Mu, ning wong-wong kuwi ora ngrasa lara. Njenengan wis arep nyingkirké wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora gelem diélikké.+ Atiné* wong-wong kuwi luwih atos timbang tebing watu.+ Wong-wong kuwi ora gelem mertobat marang Njenengan.+   Ning aku mikir, ”Wong-wong kuwi mesthi wong-wong sing ora penting. Wong-wong kuwi tumindak bodho merga ora ngerti karepé Yéhuwah,*Ora ngerti hukumé Gusti Allahé.   Aku arep marani wong-wong penting lan arep tak ajak ngomong. Wong-wong kuwi mesthi bakal nggatèkké apa sing dadi karepé Yéhuwah*Lan bakal nggatèkké hukumé Gusti Allahé.+ Ning, kabèh wong kuwi wis ngremuk kayu sing dipasang ing gulunéLan medhot ranté-ranténé.”   Kuwi sebabé singa hutan bakal nyerang wong-wong kuwi,Serigala saka padhang gurun bakal terus ngoyak* wong-wong kuwi,Lan macan tutul ngincer ing cedhak kutha-kuthané. Saben wong sing metu saka kana bakal dicabik-cabik,Sebab pelanggarané wong-wong kuwi akèh banget. Wong-wong kuwi wis bola-bali ora setya.+   Mula apa kuwi isa Tak apura? Anak-anakmu ninggalké Aku,Lan wong-wong kuwi sumpah demi apa sing dudu Gusti Allah.+ Aku nyukupi kebutuhané wong-wong kuwi,Ning wong-wong kuwi bola-bali laku jinaLan bareng-bareng lunga menyang omahé pelacur.   Wong-wong kuwi kaya jaran lanang sing nafsu banget. Wong-wong kuwi kepéngin ngawini bojoné wong liya.+   ”Wis sak mesthiné ta nèk wong-wong kuwi Tak hukum merga kuwi kabèh?” kandhané Yéhuwah. ”Wis sak mesthiné ta Aku mbales tumindaké bangsa sing kaya ngono kuwi?”+ 10  ”Lungaa lan rusaken kebon-kebon angguré Yérusalèm,Ning aja nganti entèk.+ Kethoken tunas-tunasé sing isih enomMerga kuwi kabèh dudu duwèké Yéhuwah. 11  Bangsa Israèl lan bangsa Yéhuda wis bener-bener ngianati Aku,” kandhané Yéhuwah.+ 12  ”Wong-wong kuwi ngomong sing ora bener soal Yéhuwah lan bola-bali ngomong,’Dhèwèké ora bakal nindakké apa-apa marang awaké dhéwé.*+ Awaké dhéwé ora bakal kena bencana. Awaké dhéwé ora bakal ngalami kelaparan utawa perang.’+ 13  Para nabiné padha omong kosong. Omongané Gusti Allah ora ana ing atiné. Bèn waé para nabi kuwi lenyap.”* 14  Kuwi sebabé, Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan kandha,”Merga wong-wong kuwi kandha kaya ngono,Aku bakal nggawé omongan-Ku dadi kaya geni ing cangkemmu,*+Lan bangsa iki dadi kayuné. Geni kuwi bakal ngobong wong-wong kuwi.”+ 15  Yéhuwah kandha, ”Hé wong Israèl,+ ana bangsa saka adoh sing bakal Tak kongkon marani kowé. Bangsa kuwi wis ana kèt mbiyèn. Kuwi bangsa saka jaman kuna,Yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèniLan sing kata-katané ora mbok pahami.+ 16  Wadhah panahé kaya kuburan sing mbukak. Kabèh wong kuwi pejuang. 17  Panènan lan rotimu bakal dientèkké wong-wong kuwi.+ Anak-anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni. Kambing, domba, lan sapimu ya bakal dipatèni. Wit anggur lan wit aramu bakal dientèkké. Kutha-kuthamu sing ana bèntèngé sing mbok endelké bakal dihancurké prajurité wong-wong kuwi.” 18  Yéhuwah kandha, ”Senajan ngono, kowé ora bakal Tak singkirké nganti entèk.+ 19  Nèk wong-wong kuwi takon, ’Ngapa kok Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé nindakké iki marang awaké dhéwé?’ jawaben wong-wong kuwi, ’Kowé wis ninggalké Aku bèn isa nglayani allah-allah palsu ing tanahmu. Mula, kowé ya bakal nglayani wong-wong asing ing tanah sing dudu duwèkmu.’”+ 20  Sampèkna iki marang keturunané Yakub,Lan umumna iki ing Yéhuda: 21  ”Rungokna iki, hé kowé bangsa sing bodho lan ora nduwé pemahaman.+ Kowé nduwé mripat ning ora isa ndelok.+ Kowé nduwé kuping ning ora isa krungu.+ 22  Yéhuwah kandha, ’Apa kowé ora wedi karo Aku? Kuduné kowé ndredheg ing ngarep-Ku. Aku iki sing nggawé pasir dadi batasé laut. Aku nggawé batas kuwi dadi peraturan kanggo saklawasé bèn laut ora isa ngliwati. Senajan ombak-ombaké gedhé, ning tetep ora isa ngliwati batas kuwi. Senajan laut padha gemuruh, ning ombak-ombaké tetep ora isa ngliwati batas kuwi.+ 23  Tapi atiné bangsa iki ndableg lan seneng mbrontak. Wong-wong kuwi wis ninggalké Aku lan nuruti karepé dhéwé.+ 24  Wong-wong kuwi ora mbatin,”Ayo awaké dhéwé wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwéSing mènèhi udan ing wektuné,Yaiku udan pas musim gugur lan udan pas musim semi,Sing mènèhi jaminan nèk awaké dhéwé mesthi nduwé musim panèn.”+ 25  Kowé ora isa nampa berkah-berkah mau merga salahmu dhéwé. Kowé ora isa éntuk apa waé sing apik merga dosa-dosamu.+ 26  Kuwi merga ana wong-wong jahat ing antarané umat-Ku. Wong-wong kuwi ngincer, kaya wong sing ndhelik arep nangkep manuk. Wong-wong kuwi masang jebakan sing marahi mati. Wong-wong kuwi nangkep manungsa. 27  Kaya kurungan sing kebak manuk,Omahé wong-wong kuwi kebak barang-barang hasil penipuan.+ Kuwi sebabé wong-wong kuwi sugih lan nduwé kuwasa. 28  Wong-wong kuwi dadi lemu lan kulité kenceng. Wong-wong kuwi nindakké akèh banget kejahatan. Bèn isa makmur, wong-wong kuwi ora adil marang anak yatim+ Lan ora adil marang wong miskin.’”+ 29  Yéhuwah kandha, ”Wis sak mesthiné ta nèk wong-wong kuwi Tak hukum merga kuwi kabèh?” ”Wis sak mesthiné ta Aku mbales tumindaké bangsa sing kaya ngono kuwi? 30  Perkara sing ngeri lan medèni wis kelakon ing tanah iki: 31  Para nabi nyampèkké ramalan palsu.+ Para imamé nggunakké wewenangé kanggo mréntah liyané. Umat-Ku seneng karo sing kaya ngono kuwi.+ Ning pas kuwi kabèh berakhir, kowé arep ngapa?”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Wajahé”.
Lit.: ”dalané Yéhuwah”.
Lit.: ”dalané Yéhuwah”.
Utawa ”nguber”.
Utawa mungkin ”Dhèwèké ora ana”.
Maksudé, kaya omong kosongé wong-wong kuwi.
Maksudé, cangkemé Yérémia.