Yérémia 50:1-46

  • Ramalan soal Babilon (1-46)

    • Mlayu saka Babilon (8)

    • Israèl bakal digawa bali (17-19)

    • Banyu-banyuné Babilon bakal dadi asat (38)

    • Ora bakal ana sing manggon ing Babilon (39, 40)

50  Iki sing diomongké Yéhuwah liwat Nabi Yérémia soal Babilon,+ yaiku tanahé wong Khaldéa:*   ”Sampèkna ing antarané bangsa-bangsa, lan umumna. Pasangen tandha sing nduduhké arah dalan, lan umumna. Aja nganti ana sing mbok dhelikké. Kandhaa, ’Babilon wis direbut.+ Bèl wis digawé isin.+ Mérodakh wis kewedèn. Patung-patungé wis digawé isin. Brahala-brahalané sing njijiki* wis padha kewedèn.’   Sebab ana bangsa sing wis nyerang Babilon saka lor,+Mula tanahé dadi panggonan sing medèni. Ora ana sing manggon ing kana. Manungsa utawa kéwan wis padha mlayu. Kabèh wis ora ana manèh.”  Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, wong Israèl lan wong Yéhuda bakal teka bareng-bareng.+ Wong-wong kuwi bakal mlaku karo nangis+ lan bareng-bareng nggolèk tuntunané Yéhuwah Gusti Allahé.+  Wong-wong kuwi bakal takon endi dalan menyang Zion lan bakal padha lunga mrana+ karo kandha, ’Ayo awaké dhéwé dadi umaté Yéhuwah lan ngupaya nindakké perjanjian sing bakal ana sakterusé, sing ora bakal dilalèkké.’+  Umat-Ku wis dadi kaya domba-domba sing kesasar,+ disasarké karo gembalané dhéwé.+ Wong-wong kuwi padha dituntun menyang gunung-gunung lan mlaku mrana-mréné saka gunung menyang bukit, nganti lali karo panggonané dhéwé.  Wong-wong kuwi mesthi bakal dipatèni wektu ketemu karo mungsuh-mungsuhé.+ Mungsuh-mungsuhé kandha, ’Kuwi dudu salahku. Wong-wong kuwi dhéwé sing wis dosa marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis nglawan Yéhuwah, sumberé apa sing bener lan harapané nènèk moyangé.’”   ”Mlayua saka Babilon,Metua saka tanahé wong Khaldéa,+Lan dadia kaya domba lanang sing mimpin domba-domba.   Aku nglumpukké bangsa-bangsa sing kuwat saka tanah lor.+ Aku nggawé bangsa-bangsa kuwi nyerang Babilon. Bangsa-bangsa kuwi bakal ngatur barisan tempur kanggo nglawan Babilon,Lan Babilon bakal direbut. Anak panahé bangsa-bangsa kuwi kaya anak panahé pejuang,Sing nggawé wong tuwa kélangan anaké,+Sing ora tau mlèsèt saka sasarané. 10  Khaldéa bakal dijarah.+ Kabèh sing njarah dhèwèké bakal puas banget,”+ kandhané Yéhuwah. 11  ”Wektu njarah umat-Ku,+Kowé malah seneng-seneng.+ Kowé mlumpat-mlumpat terus kaya sapi enom ing suket,Lan swaramu kaya swarané jaran lanang. 12  Ibumu wis digawé isin.+ Wong wédok sing nglairké kowé wis kecéwa. Dhèwèké dadi sing paling ora penting ing antarané bangsa-bangsa. Dhèwèké kaya padhang belantara sing gersang.+ 13  Merga Yéhuwah nesu banget, ora ana sing bakal manggon ing Babilon.+ Kutha kuwi bakal bener-bener telantar lan kosong.+ Saben wong sing liwat ing Babilon bakal wedi ndelok kuwiLan padha ngécé* merga bencana sing dialami kutha kuwi.+ 14  Hé kowé wong-wong sing nekuk busur panah,Nggawéa barisan tempur, lan serangen Babilon saka ngendi-endi. Panahen dhèwèké nganti anak panahmu entèk+Merga dhèwèké wis dosa marang Yéhuwah.+ 15  Mbengoka sing banter saka ngendi-endi, lan serangen dhèwèké. Dhèwèké wis nyerah. Tugu-tuguné wis ambruk, témbok-témboké wis hancur.+ Iki wektuné Yéhuwah mbales dhèwèké.+ Balesen dhèwèké. Sing wis dhèwèké tindakké marang wong liya, tindakna kuwi marang dhèwèké.+ 16  Patènana kabèh wong ing Babilon sing nyebar benih,Termasuk wong-wong sing manèn.+ Wong-wong kuwi bakal bali menyang bangsané dhéwé-dhéwé merga ana serangan mungsuh sing nyebabké akèh wong padha mati. Wong-wong kuwi bakal mlayu menyang tanahé dhéwé-dhéwé.+ 17  ”Wong Israèl kaya domba sing kesebar+ sing bar diserang singa.+ Sing pertama, wong-wong kuwi dipangan karo raja Asiria.+ Bar kuwi, balung-balungé digrogoti Nébukhadnézar* raja Babilon.+ 18  Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku arep ngukum raja Babilon lan tanahé kaya pas Aku ngukum raja Asiria.+ 19  Israèl bakal Tak gawa bali menyang padhang rumputé,+ lan dhèwèké bakal mangan suket ing Karmèl, Basyan,+ lan ing dhaérah pegunungan Éfraim+ lan Giléad+ nganti dhèwèké wareg.’” 20  Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,Wong-wong bakal nggolèk-nggolèk kesalahané Israèl, ning ora isa nemokké. Wong-wong ya bakal nggolèk-nggolèk dosané Yéhuda, ning ya ora ketemuMerga wong-wong sing isih urip kuwi bakal Tak apura.”+ 21  ”Serangen Mérataim lan penduduk Pékod.+ Bèn waé wong-wong kuwi dipatèni kabèh lan dihancurké,” kandhané Yéhuwah. ”Tindakna kabèh sing wis Tak préntahké marang kowé. 22  Ana swara perang ing tanah kuwi,Bencana sing medèni banget. 23  Palu sing ngremuk bangsa-bangsa ing bumi wis ditugel lan diremuk.+ Babilon wis dadi panggonan sing medèni ing antarané bangsa-bangsa.+ 24  Hé Babilon, kowé wis Tak pasangi jebakan lan kowé wis kejebak,Ning kowé ora ngerti. Kowé wis konangan lan kecekel+ Merga sing mbok lawan kuwi Yéhuwah. 25  Yéhuwah wis mbukak gudhang senjatané,Terus ngetokké senjata-senjata sing digunakké kanggo nduduhké rasa nesuné,+Sebab ing tanahé wong Khaldéa,Bakal ana sing ditindakké Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan. 26  Serangen dhèwèké saka panggonan-panggonan sing adoh.+ Bukaken lumbung-lumbungé.+ Tumpuken jarahané kaya numpuk biji-bijian. Remuken dhèwèké.+ Aja nganti ana sing isih urip. 27  Patènana kabèh wong sing kaya sapi lanang enom.+ Bèn waé sapi-sapi kuwi dibelèh. Cilaka tenan wong-wong kuwi, merga wis tekan wektuné,Yaiku wektuné wong-wong kuwi dihukum. 28  Ana swara wong-wong sing mlayu,Wong-wong sing metu saka Babilon. Wong-wong kuwi ngumumké ing Zion nèk Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé wis balas dendam. Dhèwèké wis balas dendam kanggo baité.+ 29  Klumpukna para pemanah bèn padha nyerang Babilon,Yaiku kabèh wong sing nekuk busur.+ Kémaha ing sak ubengé kutha iki, aja nganti ana sing lolos. Balesen dhèwèké sesuai karo tumindaké.+ Sing dhèwèké tindakké marang wong liya, tindakna kuwi marang dhèwèké,+Sebab dhèwèké rumangsa luwih hébat timbang Yéhuwah,Timbang Sing Suci Gusti Allahé Israèl.+ 30  Mula cah-cah lanangé bakal mati ing lapangan-lapangané,+Lan para tentarané bakal dipatèni dina kuwi,” kandhané Yéhuwah. 31  Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Hé Babilon sing kurang ajar,+ Aku iki mungsuhmu.+ Bakal tekan wektuné Aku ngukum kowé. 32  Hé Babilon sing kurang ajar, kowé bakal kesandhung lan tiba. Ora ana sing bakal nulungi kowé.+ Aku bakal ngobong kutha-kuthamu,Lan geniné bakal ngobong nganti entèk kabèh sing ana ing sekitarmu.” 33  Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Wong Israèl lan wong Yéhuda padha ditindhes. Wong-wong kuwi dijaga tenanan karo wong-wong sing nawan.+ Wong-wong kuwi ora éntuk lunga ing endi-endi.+ 34  Ning, Sing Nebus wong-wong kuwi kuwat.+ Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.+ Dhèwèké mesthi bakal mènèhi keadilan marang umaté,+Bèn tanahé umaté isa ayem tentrem,+Bèn penduduk Babilon dadi susah.”+ 35  Yéhuwah kandha, ”Ana pedhang sing nglawan wong Khaldéa,Nglawan penduduk Babilon, para pemimpiné, lan wong-wongé sing wicaksana.+ 36  Ana pedhang sing nglawan wong-wong sing seneng omong kosong, lan wong-wong kuwi bakal kétok nèk bodho. Ana pedhang sing nglawan para pejuangé, lan wong-wong kuwi bakal kewedèn.+ 37  Ana pedhang sing nglawan jaran lan kréta-kréta perangé,Nglawan wong-wong asing sing manggon ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal dadi kaya wong wédok.+ Ana pedhang sing nglawan hartané, lan kuwi bakal dijarah.+ 38  Cilaka tenan banyu-banyuné merga bakal dadi asat,+Sebab ana akèh banget patung ukiran ing tanah kuwi,+Lan merga éntuk wahyu sing medèni, wong-wong kuwi dadi édan. 39  Kuwi sebabé kutha kuwi bakal dienggoni kéwan gurun lan asu liar. Manuk unta ya bakal manggon ing kana.+ Ora bakal ana manèh wong sing manggon ing kana. Kutha kuwi ora bakal dienggoni manèh nganti turun-temurun.”+ 40  ”Ora bakal ana sing manggon ing kana,+ kaya Sodom lan Gomora+ lan kutha-kutha ing sekitaré sing wis dihancurké Gusti Allah,”+ kandhané Yéhuwah. 41  Ana bangsa sing teka saka lor. Bangsa sing gedhé+ lan raja-raja sing mulya+ siap-siap arep nyerangSaka bagéan sing paling adoh ing bumi. 42  Senjatané busur panah lan tombak.+ Kabèh kejem lan ora nduwé rasa mesakké.+ Wektu numpak jaran swarané kaya gemuruhé laut.+ Kabèh padha bersatu nggawé barisan tempur kanggo nyerang kowé, hé penduduk Babilon.+ 43  Raja Babilon krungu laporan soal wong-wong kuwi,+Lan dhèwèké dadi lemes banget.+ Dhèwèké dadi susah banget,Kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké. 44  ”Kaya singa sing metu saka semak belukar ing sepanjang Kali Yordan, bakal ana wong sing metu lan nyerang padhang rumput Babilon sing aman. Ning wektu kuwi, Aku bakal nggawé wong Babilon mlayu saka tanahé. Terus, Aku bakal nglantik wong sing wis Tak pilih kanggo mimpin Babilon,+ sebab sapa sing kaya Aku? Sapa sing bakal nantang Aku? Apa ana gembala sing isa ngadhepi Aku?+ 45  Mula, rungokna keputusané Yéhuwah soal Babilon+ lan apa sing wis Dhèwèké pikirké soal tanahé wong Khaldéa. Anak-anak domba mesthi bakal disèrèt lan dipatèni. Panggonané bakal digawé telantar merga tumindaké wong-wong kuwi.+ 46  Pas Babilon direbut, swarané bakal nggawé bumi goncang. Bakal ana swara bengok-bengok ing antarané bangsa-bangsa.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, wong-wong sing manggon ing Babilon.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.
Lit.: ”nyingsoti”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.