Yésaya 37:1-38

  • Hizkia njaluk bantuané Gusti Allah liwat Yésaya (1-7)

  • Sanhèrib ngancam Yérusalèm (8-13)

  • Dongané Hizkia (14-20)

  • Yésaya nyampèkké jawaban saka Gusti Allah (21-35)

  • Malaékat siji matèni 185.000 wong Asiria (36-38)

37  Sakwisé krungu soal kuwi, Raja Hizkia langsung nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni, terus dhèwèké mlebu ing omahé Yéhuwah.+  Bar kuwi, dhèwèké ngongkon pengawas istana yaiku Èliakim, Syébna sekretaris kerajaan, lan wong-wong sing dadi kepalané para imam supaya padha nganggo kain goni lan nemoni Nabi Yésaya+ anaké Amoz.  Wong-wong kuwi kandha, ”Hizkia ngomong ngéné, ’Dina iki awaké dhéwé susah banget merga direndhahké lan digawé isin. Awaké dhéwé kaya wong wédok sing ora kuwat nglairké, padahal wis wektuné nglairké.+  Mungkin Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ngrungokké omongané Rabsyaké, sing dikongkon raja Asiria ngécé Gusti Allah.*+ Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mbales Rabsyaké merga omongané kuwi. Mula, tulung ndonga+ kanggo kepentingané wong-wong sing isih ana ing tanah iki.’”+  Para abdiné Raja Hizkia nemoni Yésaya,+  lan Yésaya ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang rajamu, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Aja wedi+ karo omongan sing bar mbok rungokké, yaiku omongané para abdiné raja Asiria+ sing ngrèmèhké Aku.  Dhèwèké bakal Tak pengaruhi bèn péngin bali ing tanahé+ wektu ana berita sing disampèkké marang dhèwèké. Aku bakal nggawé dhèwèké dipatèni nganggo pedhang ing tanahé dhéwé.”’”+  Sakwisé Rabsyaké krungu nèk raja Asiria narik pasukané saka Lakhis, Rabsyaké bali nemoni raja Asiria. Wektu kuwi, raja Asiria lagi perang nglawan Libna.+  Raja Asiria krungu nèk Raja Tirhaka saka Étiopia arep nyerang dhèwèké. Mula, dhèwèké ngongkon utusané nemoni Hizkia.+ Dhèwèké ngomong ngéné, 10  ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Hizkia raja Yéhuda, ’Aja gelem diapusi Gusti Allahmu sing mbok endelké sing kandha, ”Yérusalèm ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 11  Kowé wis krungu nèk kabèh negara wis diremuk+ raja-raja Asiria. Apa mbok kira kowé ora bakal dipatèni? 12  Apa allah-allah sing disembah bangsa-bangsa sing wis diremuk nènèk moyangku isa nylametké bangsa-bangsa kuwi?+ Gozan, Haran,+ Rèzèf, lan wong Èden sing mbiyèn manggon ing Tèl-asar wis ora ana manèh, ta? 13  Raja Hamat, raja Arpad, lan raja saka kutha-kutha ing Séfarwaim,+ Héna, lan Iwa ya wis ora ana manèh, ta?’” 14  Hizkia nampa surat-surat saka para utusan mau, terus surat-surat kuwi diwaca. Bar kuwi, Hizkia lunga ing omahé Yéhuwah lan mbukak surat-surat kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 15  Terus, Hizkia ndonga marang Yéhuwah,+ 16  ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,+ Gusti Allahé Israèl, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub, mung Njenengan Gusti Allah sing bener ing kabèh kerajaan ing bumi. Njenengan sing nggawé langit lan bumi. 17  Oh Yéhuwah, tulung rungokna tenanan.+ Oh Yéhuwah, tulung deloken.+ Rungokna kabèh omongané Sanhèrib sing ngèlèk-èlèk Gusti Allah.*+ 18  Oh Yéhuwah, kabèh negara wis diremuk raja-raja Asiria,+ termasuk negarané dhéwé. 19  Wong-wong kuwi mbakar patung allah-allahé bangsa-bangsa kuwi,+ merga kabèh kuwi dudu allah sing sejati, ning mung gawéané manungsa+ saka kayu lan watu. Kuwi sebabé patung-patung kuwi isa dihancurké raja-raja Asiria. 20  Ning saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahku, slametna umat-Mu saka raja Asiria bèn kabèh kerajaan ing bumi ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener, oh Yéhuwah.”+ 21  Terus, Yésaya anaké Amoz ngongkon wong ngandhani Hizkia, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ngomong ngéné, ’Aku wis krungu dongamu soal Sanhèrib raja Asiria.+ 22  Aku, Yéhuwah, ngomong ngéné soal Sanhèrib,”Penduduk kutha Zion ngrèmèhké kowé lan ngécé kowé. Penduduk kutha Yérusalèm gèdhèg-gèdhèg ngécé kowé. 23  Kowé nantang+ lan ngécé sapa? Kowé ngomong bengok-bengok marang sapa?+ Kowé nyombongké awakmu dhéwé marang sapa? Marang Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+ 24  Liwat abdimu kowé ngécé Yéhuwah+ lan ngomong,’Nganggo kréta perangku sing akèh banget,Aku bakal munggah ing pegunungan sing dhuwur,+Ing wilayahé Lébanon sing paling plosok. Aku bakal negori wit-wit arasé sing dhuwur lan wit-wit juniperé sing paling apik. Aku bakal munggah ing gunungé sing paling dhuwur lan mlebu ing hutané sing rimbun. 25  Aku mesthi bakal nggali sumur-sumur lan ngombé banyuné. Nganggo tlapak sikilku, kali* ing Mesir bakal tak gawé asat.’ 26  Mosok kowé ora ngerti nèk kèt mbiyèn kuwi wis Tak tentokké? Kèt mbiyèn wis Tak rencanakké.+ Saiki kuwi bakal Tak tindakké.+ Kowé bakal nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé hancur nganti dadi reruntuhan.+ 27  Penduduké ora nduwé kekuwatan kanggo nglawan. Wong-wong kuwi bakal wedi lan isin. Wong-wong kuwi bakal kaya tanduran lan suket ijo,Suket ing atap sing dadi garing merga panasé angin saka wétan. 28  Ning, Aku ngerti tenan kabèh sing mbok tindakké,+Wektu kowé lungguh, wektu kowé lunga, wektu kowé bali, lan wektu kowé nesu karo Aku.+ 29  Aku wis krungu pas kowé nesu+ lan bengok-bengok marang Aku.+ Aku bakal masang gelang wesi ing irungmu lan tali*+ ing cangkemmu,Lan Aku bakal nggawa kowé bali liwat dalan sing mbok liwati wektu kowé teka.” 30  ”’Iki sing bakal dadi tandha kanggo kowé Hizkia: Taun iki, kowé lan rakyatmu bakal mangan hasil tanduran sing thukul tanpa ditandur.* Taun keloro, kowé bakal mangan biji-bijian saka tanduran mau. Ning, pas taun ketelu, kowé bakal nyebar benih lan manèn. Kowé ya bakal nandur wit anggur lan mangan buahé.+ 31  Wong Yéhuda sing slamet lan isih urip+ bakal kaya tanduran sing akaré jero lan sing metu buahé. 32  Wong sing isih urip bakal metu saka Yérusalèm, lan wong sing slamet bakal metu saka Gunung Zion.+ Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.+ 33  ”’Mula, Yéhuwah ngomong ngéné soal raja Asiria,+”Dhèwèké ora bakal mlebu ing kutha iki,+Utawa manahké panahé ing kutha iki,Utawa nyerang kutha iki karo nggawa tamèng,Utawa mbangun gundhukan lemah kanggo ngepung kutha iki.”’+ 34  ’Dhèwèké bakal bali liwat dalan sing diliwati pas dhèwèké teka. Dhèwèké ora bakal mlebu kutha iki,’ kandhané Yéhuwah. 35  ’Aku bakal mbéla+ lan nylametké kutha iki kanggo kepentingan-Ku+ Lan kanggo kepentingané Daud abdi-Ku.’”+ 36  Terus, malaékaté Yéhuwah matèni wong 185.000 ing perkémahané wong Asiria. Pas tangi ésuk-ésuk, wong-wong padha ndelok mayaté wong-wong kuwi.+ 37  Akhiré, Sanhèrib raja Asiria bali ing Niniwé+ lan manggon ing kana.+ 38  Pas Sanhèrib sujud ing kuilé Nisrokh déwané, anak-anaké Sanhèrib, yaiku Adramèlèkh lan Syarèzèr, matèni Sanhèrib nganggo pedhang,+ terus mlayu ing tanah Ararat.+ Bar kuwi, Ésar-hadon+ anaké Sanhèrib nggantèni bapaké dadi raja.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.
Utawa mungkin ”ing antarané”.
Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.
Utawa ”saluran banyuné Kali Nil”.
Kuwi maksudé tali sing digunakké kanggo ngarahké jaran. Tali kuwi ditalèkké ing wesi sing dipasang ing cangkemé jaran.
Utawa ”sing thukul saka biji-bijian sing tiba”.