Yoèl 1:1-20
1 Iki omongané Yéhuwah liwat Yoèl* anaké Pètuèl,
2 ”Para pemimpin,* rungokna.
Kabèh penduduk tanah iki,* gatèkna.
Apa sing kaya ngéné iki tau kelakon ing jamanmu
Utawa ing jamané nènèk moyangmu?+
3 Critakna iki marang anak-anakmu,Terus anak-anakmu bèn crita marang anak-anaké,Lan anak-anaké bèn crita marang keturunané.
4 Tanduran sing ora dipangan walang pelahap, wis dipangan walang penyerbu,+Sing ora dipangan walang penyerbu, wis dipangan walang sing ora nduwé sayap,Sing ora dipangan walang sing ora nduwé sayap, wis dipangan walang sing rakus.*+
5 Wong-wong sing mabuk,+ padha tangia lan nangisa.
Wong-wong sing seneng ngombé anggur, padha nangisa sing banter.
Ora bakal ana manèh anggur anyar kanggo kowé.+
6 Negaraku diserang bangsa sing kuwat sing jumlah rakyaté ora isa diétung.+
Untuné kaya untu singa,+ lan rahangé kaya rahang singa.
7 Bangsa kuwi ngrusak wit anggurku, lan wit araku mung tinggal bonggolé thok.
Kuwi kabèh dikuliti lan dibuwang,Nganti cabang-cabangé padha kétok putih.
8 Padha nangisa sing banter kaya prawan sing nganggo kain goni,Sing nangis merga ditinggal mati tunangané.*
9 Ora ana manèh persembahan biji-bijian+ lan persembahan minuman+ ing omahé Yéhuwah.
Para imam sing nglayani Yéhuwah lagi padha sedhih.
10 Hasil panèn ing ladhang wis entèk kabèh, lan tanah ora ngasilké apa-apa.+
Biji-bijian lan anggur anyar wis ora ana manèh. Minyak ya wis entèk.+
11 Para petani sedhih banget merga gandum lan barli wis ora ana manèh.
Tukang kebon anggur padha nangis banter banget.
Kuwi kabèh merga hasil panèn wis entèk kabèh.
12 Wit anggur dadi garing,Wit ara dadi layu.
Wit delima, palem, lan apel,Kabèh wit ing ladhang dadi garing.+
Rasa senengé wong-wong wis ilang.
13 Para imam, nganggoa kain goni, terus padha nangisa.
Wong-wong sing nglayani ing mézbah,+ padha nangisa sing banter.
Para pelayané Gusti Allahku, mlebua ing bait lan nganggoa kain goni bengi ikiMerga ora ana manèh sing mènèhi persembahan biji-bijian+ lan persembahan minuman+ ing omahé Gusti Allahmu.
14 Padha umumna nèk wong-wong kudu pasa, lan anakna pertemuan istiméwa.+
Klumpukna para pemimpin* lan kabèh penduduk negara ikiMenyang omahé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ lan njaluka tulung marang Yéhuwah.
15 Dinané Yéhuwah medèni banget.
Dina kuwi wis ora suwé manèh.+
Ing dina kuwi bakal ana kehancuran saka Sing Mahakuwasa.
16 Ora ana panganan manèh.
Ora ana rasa seneng manèh ing omahé Gusti Allah.
17 Benih sing ditandur dadi garing.*
Gudhang-gudhang dadi telantar.
Lumbung-lumbung diambrukké merga biji-bijian wis garing.
18 Ternak-ternak padha njerit.
Sapi-sapi padha bingung mrana-mréné merga padhang rumput ora ana manèh.
Domba-domba ya padha sengsara.
19 Oh Yéhuwah, aku bakal ndonga marang Njenengan+Merga geni wis ngobong suket ing padhang belantara,Lan geni sing murub wis ngobong kabèh wit ing ladhang.
20 Kéwan liar malah padha ngarep-arep bèn ditulungi NjenenganMerga kali-kali padha asat,Lan geni wis ngobong suket ing padhang belantara.”
Katrangan Tambahan
^ Artiné ”Yéhuwah Kuwi Gusti Allah”.
^ Utawa ”Para sesepuh”.
^ Utawa ”penduduk bumi”.
^ Tèks Ibraniné nggunakké papat istilah kanggo walang-walang kuwi.
^ Utawa ”bojoné”.
^ Utawa ”para sesepuh”.
^ Utawa ”garing ing ngisor sekopé”.