Yoèl 3:1-21

  • Yéhuwah ngadili kabèh bangsa (1-17)

    • Lembah Yéhosyafat (2, 12)

    • Lembah keputusan (14)

    • Yéhuwah bèntèng kanggo wong Israèl (16)

  • Yéhuwah mberkahi umaté (18-21)

3  ”Ing dina kuwi lan ing wektu kuwi,Wektu aku nggawa bali wong Yéhuda lan wong Yérusalèm sing ditawan,+   Aku ya bakal nglumpukké kabèh bangsaLan nggawa wong-wong kuwi menyang Lembah Yéhosyafat.* Aku bakal ngadili wong-wong kuwi ing kana+Merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi marang umat-Ku lan marang wong Israèl sing dadi duwèk-Ku. Wong-wong kuwi wis nggawé umat-Ku kesebar ing antarané bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi wis mbagi-mbagi tanah-Ku kanggo wong-wong kuwi dhéwé.+   Wong-wong kuwi nguncalké undhi+ kanggo mbagi-mbagi umat-Ku. Wong-wong kuwi mènèhké anak lanang kanggo mbayar pelacurLan mènèhké anak wédok bèn éntuk minuman anggur.   Tirus, Sidon, lan kabèh wilayah Filistia,Kok wani-waniné kowé karo Aku. Apa kowé arep balas dendam? Nèk pancèn kaya ngono,Aku bakal langsung mbales kowé* kaya sing mbok tindakké.+   Kowé wis njupuk pérak lan emas-Ku,+Lan nggawa harta-Ku sing paling berharga menyang kuil-kuilmu.   Wong Yéhuda lan Yérusalèm wis mbok edol marang wong Yunani,+Bèn wong-wong kuwi adoh saka dhaérahé.   Saiki Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali saka panggonanmu ngedol wong-wong kuwi.+ Aku bakal mbales kowé* kaya sing mbok tindakké.   Aku bakal ngedol anak-anakmu lanang lan wédok marang wong Yéhuda,+Lan wong Yéhuda bakal ngedol anak-anakmu kuwi marang wong Syéba, bangsa ing panggonan sing adoh,Sebab Aku, Yéhuwah, Aku dhéwé sing ngomong kuwi.   Umumna marang bangsa-bangsa,+’Kowé kudu siap-siap perang lan nyemangati para pejuang. Kongkonen para prajurit maju lan nyerang.+ 10  Gawénen mata bajakmu dadi pedhang, lan gawénen aritmu dadi tombak. Wong sing lemah kudu kandha, ”Aku kuwat.” 11  Bangsa-bangsa saka ngendi-endi, padha nglumpuka.+ Bangsa sing siji bantunen bangsa liyané.’” Oh Yéhuwah, gawanen para pejuang-Mu sing kuwat menyang panggonan kuwi. 12  ”Bangsa-bangsa saka endi-endi padha mangkata lan maraa menyang Lembah Yéhosyafat,Merga ing kana Aku bakal lungguh kanggo ngadili bangsa-bangsa saka ngendi-endi.+ 13  Sabetna arit, merga panènan wis siap dipanèn. Idak-idaken anggur, merga panggonan meres anggur wis kebak.+ Anggur ing wadhah peresan wis mbludag, merga kejahatané wong-wong kuwi akèh banget. 14  Ana akèh banget wong sing ngumpul ing lembah keputusan,+Merga ing kana dinané Yéhuwah wis ora suwé manèh. 15  Matahari lan bulan bakal dadi peteng,Lan bintang-bintang bakal ilang cahayané. 16  Saka Zion, Yéhuwah bakal nggero kaya singa. Dhèwèké bakal mbengok saka Yérusalèm. Langit lan bumi bakal goncang,Ning Yéhuwah bakal dadi perlindungan kanggo umaté,+Dadi bèntèng kanggo wong Israèl. 17  Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. Aku manggon ing Zion, gunung-Ku sing suci.+ Yérusalèm bakal dadi panggonan sing suci,+Lan wong asing ora bakal ana ing kono manèh.+ 18  Wektu kuwi, gunung-gunung bakal nètèské anggur anyar.+ Ing bukit-bukit bakal ana susu akèh banget. Kabèh kali ing Yéhuda bakal kebak banyu. Mata air bakal ngalir saka omahé Yéhuwah+Lan bakal mili menyang Lembah* Syitim.* 19  Ning Mesir bakal telantar,+Lan Édom bakal dadi padhang belantara sing telantar+Merga wong-wong kuwi nindakké kejahatan marang wong Yéhuda+Lan wis matèni wong sing ora salah ing Yéhuda.+ 20  Ning, Yéhuda bakal terus dienggoni,Lan Yérusalèm ya bakal terus dienggoni turun-temurun.+ 21  Aku bakal nganggep wong-wong kuwi* ora salah,+Lan Aku, Yéhuwah, bakal manggon ing Zion.”+

Katrangan Tambahan

Artiné ”Yéhuwah Kuwi Hakim.”
Lit.: ”mbales tumindakmu ing sirahmu”.
Lit.: ”mbales tumindakmu ing sirahmu”.
Artiné ”Wit-Wit Akasia”.
Utawa ”Wadi”.
Lit.: ”getihé wong-wong kuwi”.