Zéfanya 2:1-15

  • Golèka tuntunané Yéhuwah sakdurungé teka wektuné Yéhuwah nesu marang kowé (1-3)

    • Ngupayaa nindakké apa sing bener, lan duduhna sipat rendah hati (3)

    • ”Mungkin kowé bakal dilindhungi pas Yéhuwah nesu” (3)

  • Penghukuman kanggo bangsa-bangsa sekitaré (4-15)

2  Bangsa-bangsa sing ora nduwé isin,+Padha nglumpuka, padha nglumpuka.+   Sakdurungé keputusané Gusti Allah ditindakké,Sakdurungé telat merga wektuné cepet banget kaya jerami sing kabur kena angin,Sakdurungé Yéhuwah nesu banget marang kowé,+Sakdurungé teka wektuné Yéhuwah nesu marang kowé,   Golèka tuntunané Yéhuwah,+ kowé wong-wong sing rendah hati ing bumi,Sing nindakké Hukumé sing bener. Ngupayaa nindakké apa sing bener, lan duduhna sifat rendah hati. Mungkin kowé bakal dilindhungi pas Yéhuwah nesu.+   Gaza bakal dadi kutha sing telantar. Askélon bakal ora ana sing ngenggoni.+ Penduduk Asdod bakal diusir pas awan,Lan Ékron bakal disingkirké.+   ”Cilaka bangsa Khèrèti+ sing manggon ing dhaérah pinggir laut. Yéhuwah wis kandha nèk bakal ngukum kowé. Kanaan, tanahé wong Filistin, kowé ya bakal Tak hancurké,Nganti ora ana manèh sing manggon ing kono.   Dhaérah pinggir laut bakal dadi padhang rumput. Ing kono ya bakal ana sumur kanggo para gembala lan kandhang watu kanggo domba.   Kuwi bakal dadi wilayahé wong Yéhuda sing slamet.+ Wong-wong kuwi bakal mangan ing kono. Wektu bengi, wong-wong kuwi bakal turu ing omah-omah ing Askélon,Merga Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi, bakal nggatèkké wong-wong kuwi,Lan bakal nglumpukké manèh wong-wong sing ditawan.”+   ”Aku wis krungu wong Moab+ lan wong Ammon+ padha ngrèmèhké lan ngécé umat-Ku,Padha nantang umat-Ku lan karo sombong ngancam arep ngrebut wilayahé umat-Ku.”+   Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Mula demi Aku sing urip,Moab bakal dadi kaya Sodom,+Lan Ammon kaya Gomora,+Lemahé akèh uyahé, kebak tanduran liar, lan gersang saklawasé.+ Barang-barangé wong-wong kuwi bakal dijarah karo umat-Ku sing slamet,Lan dhaérahé bakal direbut karo bangsa-Ku sing slamet. 10  Iki sing bakal dialami wong Moab lan Ammon merga sombong,+Merga ngécé lan rumangsa luwih hébat timbang umaté Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan. 11  Aku, Yéhuwah, bakal nindakké perkara sing luar biasa.* Aku bakal nyingkirké kabèh déwa ing bumi. Kabèh bangsa sing manggon ing pulau-pulau bakal sujud* marang Aku+Saka panggonané dhéwé-dhéwé. 12  Wong-wong Étiopia, kowé ya bakal dipatèni nganggo pedhang-Ku.”+ 13  Dhèwèké bakal ngethungké tangané ing arah lor lan nyingkirké Asiria. Dhèwèké bakal nggawé Niniwé telantar+ lan gersang kaya gurun. 14  Akèh ternak lan kéwan liar bakal manggon ing kutha kuwi. Manuk pelikan lan landak bakal turu ing cedhak reruntuhan cagak-cagaké. Bakal ana swara manuk* ing jendhéla. Bakal ana reruntuhan ing pintu masuk. Papan-papan saka kayu arasé* bakal kena udan lan panas. 15  Kuwi keadaané kutha sing sombong lan sing penduduké ngrasa aman,Sing mbatin, ’Aku iki sing paling hébat, ora ana sing nandhingi aku.’ Wong-wong bakal ora percaya wektu ndelok apa sing mbok alami. Kéwan-kéwan liar bakal manggon ing kono. Saben wong sing liwat bakal ngécé lan gèdhèg-gèdhèg.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”sing mèdèni”.
Utawa ”bakal nyembah”.
Isa waé swara angin utawa swara kéwan liar.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.