Amos 1:1-15

  • Amos nampa pesen saka Yéhuwah (1, 2)

  • Hukuman merga wis bola-bali mbrontak (3-15)

1  Iki omongané Amos,* salah siji peternak domba saka Tékoa.+ Rong taun sakdurungé gempa bumi,+ Amos nampa wahyu soal Israèl. Wektu kuwi, Yéhuda dipréntah Raja Uzzia+ lan Israèl dipréntah Raja Yéroboam+ anaké Yoas.+  Amos kandha,”Saka Zion, Yéhuwah bakal nggero kaya singa,Dhèwèké bakal mbengok saka Yérusalèm. Padhang rumput bakal garing,Lan puncak Karmèl bakal dadi gersang.”+   ”Iki sing diomongké Yéhuwah,’”Merga Damaskus wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis kejem marang Giléad,*+   Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong istanané Hazaèl,+Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé duwèké Bèn-hadad nganti entèk.+   Aku bakal nugel palang-palang ing gerbangé Damaskus.+ Aku bakal nyingkirké penduduk Bikat-awènLan sing mréntah Bèt-èden. Wong Siria bakal didadèkké tawanan menyang Kir,”+ kandhané Yéhuwah.’   Iki sing diomongké Yéhuwah,’”Merga Gaza+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané+ marang Édom.   Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Gaza,+Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.   Aku bakal nyingkirké penduduk Asdod,+Lan sing mréntah Askélon.+ Aku bakal ngangkat tangan-Ku nglawan Ékron,+Lan wong Filistin sing isih urip bakal musnah,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’   Iki sing diomongké Yéhuwah,’Merga Tirus+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané marang ÉdomLan ora éling karo perjanjian paseduluran+ sing wis digawé sakdurungé. 10  Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Tirus,Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.’+ 11  Iki sing diomongké Yéhuwah,’Merga Édom wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Dhèwèké wis ngoyak* seduluré karo nggawa pedhang,+Lan dhèwèké ya ora nduwé rasa mesakké. Karo nesu, dhèwèké nyabik-nyabik sedulur-seduluré,Lan dhèwèké tetep nesu karo wong-wong kuwi.+ 12  Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong Téman,+Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Bozra nganti entèk.’+ 13  Iki sing diomongké Yéhuwah,’”Merga wong Ammon wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi mbelèk wetengé wong wédok ing Giléad sing meteng bèn isa nggawé wilayahé saya amba.+ 14  Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Raba,+Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk. Wektu pasukan nyerang kutha, bakal ana swara perang. Dina kuwi bakal ana badai sing medèni. 15  Raja lan para pejabaté bakal didadèkké tawanan,”+ kandhané Yéhuwah.’

Katrangan Tambahan

Artiné ”Beban; Mikul Beban”.
Lit.: ”wis nggiles Giléad nganggo papan kanggo nggiles”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.