Amos 2:1-16

  • Hukuman merga wis bola-bali mbrontak (1-16)

2  ”Iki sing diomongké Yéhuwah,’”Merga Moab wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis ngobong balung-balungé raja Édom kanggo didadèkké kapur.   Mula Aku bakal nggawé geni ngobong Moab, lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Kèriot nganti entèk.+ Moab bakal mati pas ana ribut-ribut,Pas ana swara perang lan swara trompèt.*+   Aku bakal numpes penguasané* saka tengah-tengahéLan matèni kabèh pejabaté bareng karo para penguasa kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.’   Iki sing diomongké Yéhuwah,’Merga Yéhuda wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nolak hukumé YéhuwahLan ora nindakké peraturan-peraturané.+ Wong-wong kuwi disesatké karo allah-allah palsu sing dipercaya nènèk moyangé.+   Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong Yéhuda,Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Yérusalèm nganti entèk.’+   Iki sing diomongké Yéhuwah,’Merga Israèl wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi ngedol wong bener bèn isa éntuk pérakLan ngedol wong mlarat bèn isa éntuk sandhal sak pasang.+   Sirahé wong cilik diidak-idak ing lemah,+Lan dalané wong sing rendah hati padha dialang-alangi.+ Bapak lan anaké turu karo wong wédok sing padha,Lan kuwi nggawé najis jeneng-Ku sing suci.   Klambi sing dadi jaminan utang+ padha dienggo lèmèk turon ing sampingé saben mézbah.+ Wong-wong kuwi tuku anggur nganggo dhuwit hasil denda lan padha ngombé-ngombé ing kuil déwa-déwané.’   ’Aku iki sing nyingkirké wong Amori saka ngarepé wong-wong kuwi.+ Wong Amori kuwi dhuwuré kaya wit aras lan kuwat kaya wit sing gedhé banget.* Wong Amori wis Tak singkirké nganti entèk, kaya wit sing akar lan buahé wis Tak singkirké.+ 10  Aku nggawa kowé metu saka Mesir.+ Aku nuntun kowé ngliwati padhang belantara 40 taun suwéné+Bèn kowé isa ngrebut tanahé wong Amori. 11  Aku nglantik anak-anakmu lanang dadi nabi+Lan cah-cah lanang ing antaramu dadi wong Nazir.+ Kuwi ta sing wis Tak tindakké, hé wong Israèl?’ kandhané Yéhuwah. 12  ’Ning wong Nazir malah terus-terusan mbok wènèhi minuman anggur,+Lan para nabi mbok préntahké, ”Kowé ora éntuk ngramal.”+ 13  Mula, Aku bakal ngremuk kowé ing panggonanmu,Kaya grobag sing kebak biji-bijian nggiles apa sing ana ing ngisoré. 14  Wong sing mlayuné cepet ora bakal isa mlayu ing endi-endi.+ Wong sing kuwat ora bakal nduwé kekuwatan manèh,Lan ora ana pejuang sing bakal slamet. 15  Pemanah bakal kalah perang. Wong sing mlayuné cepet ora bakal isa lolos,Lan wong sing numpak jaran ora bakal slamet. 16  Malah wektu kuwi, pejuang sing paling kendel waéBakal mlayu ora nganggo klambi,’+ kandhané Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”hakimé”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.
Basa Inggrisé oak.