Amos 4:1-13

  • Berita kanggo wong-wong wédok ing Samaria (1-3)

  • Yéhuwah ngutuk ibadah palsuné wong Israèl (4, 5)

  • Wong Israèl ora gelem dikandhani Gusti Allah (6-13)

    • ’Kowé kudu siap-siap ngadhepi Gusti Allah’ (12)

    • ’Gusti Allah ngandhani manungsa apa sing Dhèwèké pikirké’ (13)

4  ”Hé kowé wong-wong wédok sing manggon ing gunung Samaria,+ rungokna iki,Kowé kuwi kaya sapi-sapi Basyan. Kowé ngapusi wong cilik+ lan nindhes wong mlarat. Kowé kandha karo bojomu,* ’Wènèhana aku minuman keras bèn tak ombé!’   Yéhuwah, Gusti sing Mahakuwasa lan sing suci, wis sumpah kaya ngéné,*’”Sukmbèn kowé bakal digantung nganggo gantungan daging,Lan wong-wong sing isih urip saka antaramu bakal digantung nganggo kail pancing.   Saben wong bakal metu liwat témbok sing jebol sing ana ing ngarepé. Kowé bakal diusir menyang Harmon,” kandhané Yéhuwah.’   ’Maraa ing Bètel lan nggawéa dosa.*+ Maraa ing Gilgal lan nggawéa dosa sing luwih akèh.+ Pas ésuk, wènèhna korbanmu.+ Pas dina ketelu, wènèhna sepersepuluhanmu.+   Bakaren roti sing nganggo ragi+ kanggo korban ucapan syukur marang Gusti Allah. Critak-critakna soal persembahan sukaréla sing mbok wènèhkéMerga kowé kan senengané kaya ngono ta, hé wong Israèl?’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.   ’Aku nggawé kowé kelaparan ing kabèh kuthamuLan kekurangan roti ing kabèh omahmu.+ Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.   ’Telung sasi sakdurungé panèn,+ Aku ora mènèhi udan kanggo kowé. Kutha sing siji Tak wènèhi udan, ning sing liyané ora. Ana tanah sing éntuk udan,Ning ana tanah sing dadi gersang merga ora éntuk udan.   Ana kutha-kutha sing penduduké nganti kudu lunga menyang kutha liyané karo ngelak banget merga arep nggolèk banyu kanggo ngombé,+Ning banyuné ora cukup. Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.   ’Aku bakal ngukum kowé nganggo angin panas lan hama jamur+ sing ngrusak tanduranmu. Senajan kebon lan kebon anggurmu mbok gawé dadi saya akèh,Ning wit ara lan wit zaitunmu+ bakal dipangan walang nganti entèk. Senajan ngono, kowé tetep waé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah. 10  ’Aku nggawé kowé kena wabah penyakit kaya sing tau Tak tindakké ing Mesir.+ Aku matèni cah-cah enom ing antaramu+ nganggo pedhang, lan jaran-jaranmu dijarah.+ Kuwi sebabé perkémahanmu mambu mayat.+ Senajan ngono, kowé ora mertobat,’ kandhané Yéhuwah. 11  ’Aku nggawé negaramu dihancurkéKaya sing Tak tindakké marang Sodom lan Gomora.+ Wong-wong sing slamet ing antaramu kaya kayu sing ditokké saka geni. Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah. 12  ’Mula, hé Israèl, Aku bakal ngukum kowé manèh. Hé Israèl, kowé kudu siap-siap ngadhepi Aku, Gusti Allahmu,Merga Aku bakal ngukum kowé.’ 13  Dhèwèké kuwi sing nggawé gunung+ lan nyiptakké angin.+ Dhèwèké ngandhani manungsa apa sing Dhèwèké pikirké. Dhèwèké nggawé cahaya matahari dadi peteng.+ Dhèwèké mlaku ing panggonan-panggonan sing dhuwur ing bumi.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kuwi jenengé.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”majikanmu”.
Lit.: ”Gusti sing Mahaluhur Yéhuwah wis sumpah demi kesuciané”.
Utawa ”mbrontaka”.