Amos 5:1-27

  • Israèl kaya prawan sing wis tiba (1-3)

  • Ngabdia manèh marang Gusti Allah bèn tetep urip (4-17)

    • Sengit karo apa sing jahat lan seneng karo apa sing apik (15)

  • Pas dinané Yéhuwah suasanané bakal peteng (18-27)

    • Korbané Israèl ditolak (22)

5  ”Hé wong Israèl, rungokna omongan iki sing tak sampèkké dadi lagu sedhih:   ’Israèl, prawan kuwi, wis tiba ing tanahé dhéwé. Dhèwèké ora isa ngadeg manèh. Kabèh wong wis ninggalké dhèwèké. Ora ana sing mbantu dhèwèké ngadeg.’  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kutha sing maju perang nggawa prajurit 1.000, sing bali mung 100. Sing maju perang nggawa prajurit 100, sing bali mung 10. Kuwi sing bakal dialami wong Israèl.’+  ”Iki sing diomongké Yéhuwah marang wong Israèl: ’Ngabdia manèh marang Aku bèn kowé tetep urip.+   Aja lunga menyang Bètel kanggo ngibadah.+ Aja lunga menyang Gilgal+ utawa nyabrang menyang Béèr-syéba,+Merga penduduk Gilgal bakal ditawan+Lan Bètel bakal musnah.*   Ngabdia manèh marang Yéhuwah bèn kowé tetep urip,+Bèn Dhèwèké ora nyingkirké kowé, yaiku keturunané Yusuf, kaya geni,Sing ngobong Bètel nganti entèk tanpa ana sing matèni geniné.   Kowé ngubah keadilan dadi tanduran pait. Apa sing bener wis mbok tolak lan mbok rèmèhké.+   Sing nggawé kelompok bintang Kima* lan kelompok bintang Késil,*+Sing nggawé peteng ndhedhet dadi cahaya ésuk,Sing nggawé awan dadi peteng kaya bengi,+Sing nglumpukké banyu saka lautBèn isa diesokké ing bumi,+Yéhuwah kuwi jenengé.   Wong sing kuwat bakal ujug-ujug dipatèni,Lan panggonan-panggonan sing ana bèntèngé bakal hancur. 10  Kowé sengit karo hakim-hakim sing ngélikké ing gerbang kutha,Lan sengit banget karo wong sing jujur.+ 11  Kowé meksa wong mlarat bèn mbayar séwa ladhang,*Lan kowé terus-terusan njupuk biji-bijiané.+ Mula kowé ora bakal manggon manèh ing omah sing mbok bangun saka watu sing dipotong.+ Kowé ya ora bakal ngombé manèh anggur saka kebon anggur sing paling apik sing mbok tanduri.+ 12  Aku ngerti nèk kowé wis bola-bali mbrontak,Lan dosa-dosamu gedhé banget. Kowé nindhes wong bener. Kowé nampa suap. Ing gerbang kutha, kowé ora tumindak adil marang wong mlarat.+ 13  Mula, merga wektu kuwi susah banget,+ wong sing wicaksana bakal meneng waé. 14  Tindakna apa sing apik, dudu sing èlèk,+Bèn kowé tetep urip.+ Terus, Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan bakal ndhukung kowéKaya sing mbok omongké.+ 15  Kowé kudu sengit karo apa sing jahat lan seneng karo apa sing apik.+ Para hakim ing gerbang kutha, tindakna apa sing adil.+ Sapa ngerti, Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukanBakal nresnani keturunané Yusuf sing isih urip.’+ 16  ”Mula, iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kandha,’Ing kabèh lapangan bakal ana swara tangis. Ing kabèh dalan, wong-wong kuwi bakal kandha, ”Adhuh! Adhuh!” Wong-wong kuwi bakal ngundang* para petani bèn padha sedhih,Lan ngundang wong-wong sing dibayar kanggo nangis bèn padha nangis.’ 17  ’Bakal ana tangisan ing kabèh kebon anggur+ Merga Aku bakal liwat ing tengah-tengahmu kanggo ngukum kowé,’ kandhané Yéhuwah. 18  ’Cilaka tenan wong sing ngarep-arep dinané Yéhuwah.+ Nurutmu, dinané Yéhuwah bakal kaya apa?+ Dina kuwi, suasanané bakal peteng ndhedhet, ora padhang.+ 19  Keadaané bakal kaya wong sing mlayu saka singa ning ketemu beruang,Terus pas wong kuwi mlebu omah lan sèndhèran ing témbok nganggo tangané, dhèwèké dicokot ula. 20  Pas dinané Yéhuwah suasanané bakal peteng, ora padhang. Dina kuwi, suasanané bakal peteng ndhedhet, ora ana cahaya. 21  Aku sengit lan jijik karo perayaan-perayaanmu.+ Aku ora seneng karo ambuné persembahanmu pas pertemuan istiméwamu. 22  Senajan kowé mènèhi Aku persembahan bakaran, Aku tetep ora bakal nampa persembahan-persembahan kuwi. Aku ora bakal seneng.+ Kéwan-kéwanmu sing lemu+ sing mbok wènèhké dadi korban kerukunan* ora bakal Tak tampa. 23  Nyanyianmu sing mbrebegi kuwi aja mbok nyanyèkké manèh. Aku wegah ngrungokké swara alat musikmu sing nganggo senar.+ 24  Bèn waé keadilan mili kaya banyu,+Lan apa sing bener terus mili kaya kali sing ora tau asat. 25  Hé wong Israèl,+ wektu kowé ing padhang belantara 40 taun suwéné,Apa kowé mènèhi Aku korban lan persembahan? 26  Mula, sukmbèn pas ditawan, kowé kudu nggawa Sakut lan Kaiwan,*Yaiku patung-patung déwa bintang sing mbok gawé. 27  Aku bakal nggawé kowé ditawan menyang panggonan sing luwih adoh timbang Damaskus,’+ kandhané Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kuwi jenengé.”+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”bakal dadi panggonan angker”.
Mungkin kelompok bintang Orion.
Mungkin bintang-bintang Pleiades ing kelompok bintang Taurus.
Utawa ”mbayar pajeg tanah”.
Utawa ”nyeluk”.
Loro-loroné mungkin maksudé planèt Saturnus sing didadèkké déwa.