Amos 6:1-14

  • Cilaka tenan wong-wong sing rumangsa nyaman (1-14)

    • Panggonan turu saka gadhing; cangkir gedhé sing isiné anggur (4, 6)

6  ”Cilaka tenan wong-wong sing rumangsa nyaman ing Zion,Lan rumangsa aman ing gunung Samaria,+Yaiku wong-wong penting saka bangsa sing paling hébatLan wong-wong sing diendelké wong Israèl.   Nyabranga menyang Kalné lan deloken. Saka kono, lungaa menyang Hamat sing gedhé kuwi,+Terus lungaa menyang Gat dhaérahé wong Filistin. Apa kutha-kutha kuwi luwih apik timbang kerajaan-kerajaanmu,*Utawa apa dhaérahé luwih jembar timbang dhaérahmu?   Kowé sengaja nglalèkké nèk kowé bakal kena bencana+Lan nggawé wong jahat nindhes liyané.+   Kowé turonan ing panggonan turu saka gadhing+ lan santai-santai ing ranjang.+ Kowé mangan domba lanang sing paling apik lan anak sapi* sing lemu.+   Kowé nyanyi-nyanyi nganggo iringan harpa,*+Lan kaya Daud, kowé nggawé alat musik.+   Kowé ngombé anggur saka cangkir sing gedhé+Lan ngolèsi awakmu nganggo minyak sing paling apik. Ning, kowé ora perduli karo bencana sing dialami keturunané Yusuf.+   Mula, kowé bakal ditawan luwih dhisik,+Lan kowé ora bakal pésta-pésta manèh.   Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné+ pasukan kandha, ’Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tenanan sumpah,* ”Aku sengit banget karo Yakub sing sombong,+Aku ora seneng karo menara-menarané+ sing ana bèntèngé,Lan Aku bakal nyerahké kutha kuwi sak isiné marang mungsuhé.+  ”’”Malah nèk misalé ing salah siji omah isih ana wong sepuluh, wong-wong kuwi ya bakal mati. 10  Seduluré bapaké bakal ngangkat lan ngetokké mayaté* wong-wong kuwi saka omah, terus ngobong kuwi siji-siji. Dhèwèké bakal takon karo wong sing isih ana ing omah kuwi, ’Isih ana liyané manèh ora?’ Terus dijawab, ’Ora ana.’ Terus seduluré mau bakal kandha, ’Menenga waé, saiki wis telat nèk arep nyebut jenengé Yéhuwah.’” 11  Wektu Yéhuwah mènèhi préntah,+Omah sing gedhé bakal hancur Lan omah sing cilik bakal remuk.+ 12  Apa jaran isa mlayu ing tebing watu,Utawa apa isa wong mbajak nganggo ternak ing tebing watu? Kowé ngubah keadilan dadi tanduran beracun Lan apa sing bener dadi tanduran pait.+ 13  Kowé padha seneng karo apa sing ora ana gunané Lan kandha, ”Awaké dhéwé isa nduwé kuwasa merga kekuwatané awaké dhéwé.”*+ 14  Mula wong Israèl, Aku bakal nggunakké salah siji bangsa+ kanggo nglawan kowé. Bangsa kuwi bakal nindhes kowé saka Lébo-hamat*+ nganti tekan Wadi* Araba,’ kandhané Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan.”

Katrangan Tambahan

Maksudé, kerajaan Yéhuda lan kerajaan Israèl.
Utawa ”sapi sing isih enom”.
Utawa ”alat musik bersenar”.
Utawa ”sumpah demi awak-Ku dhéwé”.
Lit.: ”balungé”.
Lit.: ”Awaké dhéwé wis njupuk sungu kanggo awaké dhéwé”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.