Amos 7:1-17

  • Wahyu soal kehancurané Israèl sing ora suwé manèh (1-9)

    • Walang (1-3), geni (4-6), unting-unting (7-9)

  • Amos ora éntuk nyampèkké ramalan (10-17)

7  Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok Dhèwèké ngirim grombolan walang wektu tanduran musim dingin* mulai thukul. Tanduran kuwi ditandur sakwisé suket dipangkas kanggo raja.  Pas walang kuwi wis mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi, aku kandha, ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung umat-Mu diapura.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+  Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.”  Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngukum negara kuwi nganggo geni. Geni kuwi ngobong laut nganti dadi garing lan ngobong sebagéan tanah kuwi nganti entèk.  Terus aku kandha, ”Oh Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung aja Njenengan teruské.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+  Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.”  Terus aku diduduhi wahyu iki: Yéhuwah ngadeg ing cedhak témbok sing digawé nganggo unting-unting,* lan Dhèwèké nyekel unting-unting.  Yéhuwah takon, ”Amos, iki apa?” Bar kuwi aku njawab, ”Unting-unting.” Terus Yéhuwah kandha, ”Aku ngukur umat-Ku Israèl nganggo unting-unting. Aku ora bakal ngapura wong-wong kuwi manèh.+  Panggonan-panggonan dhuwur* duwèké Ishak+ bakal ditelantarké, lan panggonan-panggonan suciné Israèl bakal dihancurké.+ Aku bakal nyerang keluargané Yéroboam nganggo pedhang.”+ 10  Amazia imam Bètel+ ngirim pesen iki marang Yéroboam+ raja Israèl, ”Amos sekongkol nglawan njenengan ing Israèl.+ Wong-wong ing tanah iki wis ora tahan ngrungokké omongané Amos.+ 11  Amos kandha, ”Yéroboam bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.’”+ 12  Terus Amazia kandha marang Amos, ”Lungaa kana, hé kowé wong sing nyampèkké wahyu! Lungaa menyang tanah Yéhuda, lan nyambut gawéa* ing kana. Kowé éntuk ngramal ing kana.+ 13  Ning kowé ora éntuk ngramal ing Bètel manèh+ merga kuwi panggonan suciné raja+ lan kuil kerajaan.” 14  Amos njawab Amazia, ”Mbiyèn aku dudu nabi utawa anaké nabi. Aku mbiyèn gembala+ lan kerja ngurusi wit ara hutan. 15  Ning, aku ora dadi gembala manèh merga Yéhuwah ngundang* lan ngongkon aku, ’Lungaa lan sampèkna ramalan marang umat-Ku Israèl.’+ 16  Mula saiki rungokna omongané Yéhuwah, ’Kowé kandha, ”Aja mènèhi ramalan soal Israèl,+ lan aja ngomongké+ soal keturunané Ishak.” 17  Mula Yéhuwah kandha, ”Bojomu bakal dadi pelacur ing kutha. Anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni nganggo pedhang. Tanahmu bakal dibagi-bagi nganggo tali pengukur, lan kowé dhéwé bakal mati ing negara asing. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.”’”+

Katrangan Tambahan

Maksudé, sasi Januari lan Februari.
Alat iki bentuké tali sing ana bandhulé lan digunakké kanggo nentokké témboké wis lurus apa durung.
Lit.: ”mangana roti”.
Utawa ”nyeluk”.