Amos 9:1-15

  • Ora isa lolos saka hukumané Gusti Allah (1-10)

  • Pondoké Daud dibangun manèh (11-15)

9  Aku ndelok Yéhuwah+ ngadeg ing cedhak mézbah lan kandha, ”Gebugen pucuké tugu kuwi sing banter bèn tugu kuwi goyang. Potongen pucuké tugu kuwi. Wong-wong sing isih urip bakal Tak patèni nganggo pedhang bèn ora ana sing isa lolos.+   Nèk wong-wong kuwi nggali tanah bèn isa dienggo ndhelik ing Kuburan,*Tangan-Ku bakal ngangkat wong-wong kuwi saka kono. Nèk wong-wong kuwi munggah ing langit,Wong-wong kuwi bakal Tak edhunké.   Nèk wong-wong kuwi ndhelik ing puncak Karmèl,Aku bakal nggolèki lan nggawa wong-wong kuwi saka kono.+ Nèk wong-wong kuwi ndhelik ing dhasar laut,Aku bakal mréntahké ula bèn nyokot wong-wong kuwi.   Nèk wong-wong kuwi ditawan mungsuh-mungsuhé,Aku bakal matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang.+ Aku bakal ngukum lan ora mberkahi wong-wong kuwi.+   Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing ngukum* tanah iki Supaya tanah iki goncang+ lan kabèh penduduké sedhih.+ Wong-wong kuwi bakal bingung kaya banyuné Kali Nil ing Mesir pas banjir,+Lan kaya banyuné Kali Nil sing mbludag.’   ’Dhèwèké sing mbangun dalan munggah menyang langit,Sing nggawé kubah sing nutupi bumi,Sing nglumpukké banyu saka lautBèn isa diesokké ing bumi,+Yéhuwah kuwi jenengé.’+   Yéhuwah kandha, ’Hé wong Israèl, kanggoku kowé kaya keturunané wong Kus. Aku nggawa kowé metu saka Mesir+Lan nggawa wong Filistin metu saka Kréta+ lan wong Siria saka Kir.’+   ’Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, wis ngamati kerajaan sing kebak dosa iki,Lan Aku bakal nyingkirké kerajaan iki saka bumi.+ Ning, ora kabèh keturunané Yakub bakal Tak singkirké,’+ kandhané Yéhuwah.   ’Sebab Aku mènèhi préntah,Nèk wong Israèl kudu diayak ing antarané kabèh bangsa,+Kaya wong sing nggoyang-nggoyangké ayakan,Lan ora ana krikil sing tiba. 10  Kabèh wong dosa ing antarané umat-Ku bakal dipatèni nganggo pedhang,Yaiku wong-wong sing kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.”’ 11  ’Wektu kuwi, Aku bakal mbangun manèh pondoké Daud+ sing ambruk. Bagéané sing jebol bakal Tak dandani,Lan reruntuhané bakal Tak bangun manèh. Kuwi kabèh bakal Tak bangun lan bakal dadi kaya mbiyèné,+ 12  Bèn umat-Ku isa ngrebut apa sing isih ana ing Édom+Lan ing kabèh bangsa sing disebut nganggo jeneng-Ku,’ kandhané Yéhuwah, sing nindakké iki kabèh. 13  Yéhuwah kandha, ’Sukmbèn, sakdurungé rampung manèn, umat-Ku wis kudu mbajak,Lan sakdurungé rampung ngidak-idak anggur, umat-Ku wis kudu nyebar benih.+ Gunung-gunung bakal nètèské anggur anyar,+Lan kuwi bakal mili ing bukit-bukit.*+ 14  Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+ Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+ Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+ Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+ 15  ’Aku bakal nandur wong-wong kuwi ing tanahé,Yaiku tanah sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ora bakal dicabut manèh saka kono,’+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahmu.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sing ndemèk”.
Lit.: ”Lan bukit-bukit bakal melèlèh”.