Ayub 31:1-40

  • Ayub nduduhké nèk dhèwèké tetep setya (1-40)

    • Ayub nggawé perjanjian karo mripaté (1)

    • Njaluk Gusti Allah ndelok tumindaké (6)

    • Ora selingkuh (9-12)

    • Ora mburu dhuwit (24, 25)

    • Ora nyembah liyané (26-28)

31  Aku nduwé tékad*+Nèk ora bakal ndelok wong wédok liya karo mikir sing saru-saru.+   Nèk aku nganti kaya ngono, aku bakal diapakké karo Gusti Allah,Lan apa sing bakal tak tampa saka Sing Mahakuwasa?   Wong sing jahat bakal kena bencana,Lan wong sing seneng njahati wong liya bakal kena musibah.+   Apa Gusti Allah ora ndelok tingkah lakuku+Lan nggatèkké kabèh tumindakku?   Apa aku tau ora jujur? Apa aku tau ngapusi wong liya?+   Nèk Gusti Allah adil wektu ndelok tumindakku,*+Dhèwèké bakal ngerti nèk aku bener lan setya.+   Nèk aku ora nindakké apa sing bener,+Utawa nèk aku mikirké sing salah merga apa sing tak delok,*+Utawa nèk aku nindakké apa sing jahat,*   Bèn waé benih sing tak sebar dipangan wong liya,+Lan bèn waé apa sing tak tandur dicabut.*   Nèk aku* nganti kegodha wong wédok liya+Lan ngincer dhèwèké+ ing cedhak omahé tanggaku, 10  Bèn waé bojoku nggiling gandum kanggo wong lanang liya,Lan bèn waé wong lanang liya nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.+ 11  Merga nèk aku tumindak kaya ngono, kuwi ngisin-isini,Lan aku pantes dihukum karo para hakim merga kesalahanku kuwi.+ 12  Kuwi kaya geni sing ngobong nganti entèk,+Sing ngobong* kabèh sing tak duwèni. 13  Nèk aku ora adil karo budhakku lanang lan wédokWektu wong-wong kuwi sambat soal aku, 14  Aku kudu piyé wektu ngadhep Gusti Allah? Aku kudu njawab apa wektu Gusti Allah takon karo aku?+ 15  Sing nyiptakké aku lan wong-wong kuwi ing njero kandungan padha, ta?+ Aku lan wong-wong kuwi kan padha-padha digawé karo Dhèwèké, ta?+ 16  Nèk aku nganti ora gelem mènèhi sing dibutuhké wong mlarat+Utawa nggawé para randha putus asa,+ 17  Nèk aku nganti mangan pangananku dhéwé Lan ora tak bagi karo bocah yatim piatu,+ 18  (Kèt isih enom, aku wis dadi kaya bapak kanggo bocah yatim piatu,*Lan kèt cilik,* aku wis mbantu para randha.*) 19  Nèk aku nganti ndelok wong mèh mati kadhemen merga ora nduwé klambiUtawa wong mlarat sing ora nduwé klambi,+ 20  Nèk aku nganti ora mènèhi wong-wong kuwi klambi saka wulu dombakuBèn wong-wong kuwi ora kadhemen lan akhiré ngucapké maturnuwun karo aku,+ 21  Nèk aku nganti ngancam bocah yatim piatu+ Wektu dhèwèké butuh bantuanku ing gerbang kutha,*+ 22  Nèk kabèh kuwi nganti tak lakoni, bèn waé lengenku ucul saka pundhakku,Lan sikutku tugel. 23  Merga aku wedi banget karo hukumané Gusti Allah,Lan aku ora tahan ngadeg ing ngarepé kemuliaané. 24  Nèk aku nganti ngendelké emasUtawa nganggep nèk emas murni kuwi sing nggawé aku aman,+ 25  Nèk aku nganti bangga karo kekayaanku+Merga aku nduwé harta sing akèh,+ 26  Nèk aku nganti nganggep matahari* kuwi padhangUtawa bulan sing ana ing langit kuwi cahayané apik banget,+ 27  Terus atiku kegodhaLan mulai nyembah* kuwi kabèh,+ 28  Nèk aku pancèn nindakké kesalahan kuwi, aku pantes dihukum karo para hakim,Merga kuwi berarti aku nolak Gusti Allah sing bener. 29  Apa aku tau ngrasa seneng nèk mungsuhku kena bencana+Utawa ngalami kesusahan? 30  Aku durung tau nyumpahi mungsuhku bèn mati. Aku durung tau nindakké dosa kaya ngono.+ 31  Wong-wong sing manggon karo aku kandha,’Kabèh wong sing teka ing omahé Ayub mesthi mangan nganti wareg.’+ 32  Pas bengi, ora ana wong asing sing turu ing njaba.+ Wong-wong kuwi éntuk nginep ing omahku. 33  Apa aku tau nutup-nutupi kesalahanku kaya wong liya,+Kaya ndhelikké kesalahanku ing kanthongé klambiku? 34  Apa aku tau wedi karo tanggepané wong akèh,Utawa wedi diécé sedulur-sedulurku,Nganti aku meneng waé lan ora wani metu saka omah? 35  Coba nèk ana sing gelem ngrungokké aku.+ Aku bakal sumpah nèk kabèh sing tak omongké mau bener. Muga-muga Sing Mahakuwasa njawab aku.+ Coba nèk sing nudhuh aku nulis tudhuhané marang aku. 36  Tulisan kuwi bakal tak gawa ing pundhakku,Lan bakal tak enggo ing sirahku kaya mahkota. 37  Aku bakal crita marang Gusti Allah soal kabèh sing tak tindakké. Kaya pemimpin, aku bakal percaya diri wektu ngadhep Dhèwèké. 38  Nèk tanahku dhéwé sambat merga akuLan tanah sing dibajak padha nangis, 39  Nèk aku mangan hasil panèné wong kuwi tanpa mbayar,+Utawa nèk aku nyusahké sing nduwé tanah kuwi merga tanahé tak rebut,+ 40  Bèn waé sing thukul dudu gandum, tapi semak berduriLan dudu barli, tapi suket sing mambu.” Ayub rampung ngomong.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Aku wis nggawé perjanjian karo mripatku”.
Utawa ”Bèn waé Gusti Allah nimbang aku nganggo timbangan sing pas”.
Utawa ”nèk atiku nuruti mripatku”.
Utawa ”nèk tanganku reged”.
Utawa ”bèn waé keturunanku dipatèni”.
Lit.: ”atiku”.
Utawa ”nyabut”.
Lit.: ”dhèwèké”.
Lit.: ”kèt ing njero wetengé ibuku”.
Lit.: ”dhèwèké”.
Utawa mungkin ”Merga aku éntuk dhukungan ing gerbang kutha”.
Lit.: ”cahaya”.
Lit.: ”ngambung tanganku kanggo nyembah”.