Habakuk 3:1-19

  • Nabi Habakuk ndonga bèn Yéhuwah tumindak (1-19)

    • Gusti Allah bakal nylametké umat sing Dhèwèké lantik (13)

    • Senajan susah, tetep seneng merga Yéhuwah (17, 18)

3  Iki dongané Nabi Habakuk, sing bentuké lagu sedhih:   Oh Yéhuwah, aku wis krungu soal Njenengan. Oh Yéhuwah, aku nggumun karo tumindak-Mu. Tindakna kuwi manèh ing jamanku.* Duduhna kuwi kabèh ing jamanku.* Pas Njenengan nesu, tulung Njenengan mesakké lan éling karo umat-Mu.+   Gusti Allah teka saka Téman,Sing Mahasuci teka saka Gunung Paran.+ (Sela)* Kemuliaané nutupi langit.+ Bumi dikebaki wong-wong sing muji Dhèwèké.   Gusti Allah bersinar kaya cahaya sing padhang.+ Ana sinar loro metu saka tangané. Dhèwèké nyimpen kekuwatané ing kono.   Wabah penyakit mlaku ing ngarepé,+Lan demam tinggi ngetutké ing mburiné.   Wektu Dhèwèké mandheg, bumi goncang.+ Bangsa-bangsa padha ndredheg+ wektu Dhèwèké ndelok. Gunung-gunung sing wis ana kèt mbiyèn dihancurké,Bukit-bukit sing wis ana kèt jaman mbiyèn padha mbungkuk.+ Dhèwèké mlaku ing dalan sing Dhèwèké liwati mbiyèn.   Aku ndelok kesusahan ing kémah-kémahé Kusyan. Kain-kain kémah ing tanah Midian padha obah.+   Oh Yéhuwah, apa Njenengan nesu karo kali-kali? Apa Njenengan ora seneng karo kali-kali kuwi? Utawa apa Njenengan nesu karo laut+ Pas Njenengan numpak jaran-Mu?+ Kréta-kréta perang-Mu sing marahi menang.+   Njenengan wis njupuk busur panah-Mu lan siap manahké kuwi. Tongkat-tongkat* wis siap digunakké nurut sumpah-Mu. (Sela) Njenengan mbelah bumi nganggo kali-kali. 10  Pas ndelok Njenengan, gunung-gunung obah sak kuwat-kuwaté merga ngrasakké lara.+ Udan deres nggrojog ing lemah. Banyu ing ngisor lemah padha ngetokké swara banter+Lan mumbul nganti dhuwur. 11  Matahari lan bulan mandheg ing langit.+ Panah-Mu mlesat kaya sinar.+ Tombak-Mu mengkilap kaya kilat sing padhang banget. 12  Njenengan njlajahi bumi karo nesu. Njenengan ngidak-idak* bangsa-bangsa karo nesu. 13  Njenengan maju kanggo nylametké umat-Mu, kanggo nylametké wong sing Njenengan lantik. Njenengan ngremuk pemimpin saka omahé wong jahat. Omah kuwi dirobohké saka atap nganti pondhasiné. (Sela) 14  Njenengan matèni para prajurité nganggo senjatané* wong-wong kuwi dhéwé. Wong-wong kuwi kaya badai, ngocar-ngacirké aku.* Wong-wong kuwi seneng banget ngincer lan nyaplok wong sing sengsara. 15  Karo numpak jaran, Njenengan ngidak-idak laut,Ngliwati ombak sing gedhé ing samudra. 16  Pas krungu laporan iki, aku ndredheg. Pas krungu iki, lambéku gemeter. Balung-balungku ya lemes,+Lan sikilku gemeter. Ning karo tenang, aku arep nunggu dina sing kebak kesusahan kuwi,+Sing bakal ngenani bangsa sing nyerang aku. 17  Senajan wit ara ora metu kembangé,Lan tanduran anggur ora metu buahé,Senajan wit zaitun gagal panèn,Lan ladhang ora ngetokké hasil,Senajan kambing lan domba padha mlayu saka kandhang,Lan ora ana ternak ing kandhang, 18  Ning nèk aku, aku bakal seneng merga Yéhuwah. Aku bakal bahagia merga Gusti Allah sing nylametké aku.+ 19  Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa kuwi kekuwatanku;+ Dhèwèké bakal nggawé sikilku gesit kaya sikil kidang,Bèn aku isa mlaku ing lèrèng sing terjal.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ing antarané taun-taun kuwi”.
Lit.: ”ing antarané taun-taun kuwi”.
Utawa ”Panah-panah”.
Lit.: ”nggiles”.
Lit.: ”tongkaté”.
Lit.: ”aku kabèh”.