Hagai 1:1-15

  • Diélikké merga ora mbangun bait manèh (1-11)

    • ”Lha saiki apa ya wis wektuné kowé manggon ing omah sing dilapisi kayu sing apik?” (4)

    • ”Gatèkna tumindakmu” (5)

    • Nyebar benih akèh, ning sing dipanèn mung sithik (6)

  • Wong-wong manut omongané Yéhuwah (12-15)

1  Ing taun keloro pamréntahané Raja Darius, ing dina pertama sasi keenem, Yéhuwah kandha liwat Nabi Hagai*+ marang gubernur Yéhuda, yaiku Zérubabèl+ anaké Syéaltièl, lan marang Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak. Iki sing diomongké:  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha ngéné, ’Bangsa iki kandha, ”Saiki durung wektuné mbangun* omahé* Yéhuwah.”’”+  Yéhuwah kandha manèh liwat Nabi Hagai,+  ”Lha saiki apa ya wis wektuné kowé manggon ing omah sing dilapisi kayu sing apik, padahal omah-Ku remuk?+  Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Gatèkna tumindakmu.  Benih sing mbok sebar akèh, ning sing mbok panèn mung sithik.+ Kowé mangan, ning ora nganti wareg. Kowé ngombé, ning ora nganti puas. Kowé nganggo klambi, ning ora krasa anget. Wong sing nyambut gawé nyimpen upahé ing kanthong sing bolong.’”  ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Gatèkna tumindakmu.’  ”Yéhuwah kandha, ’Munggaha gunung, lan jupuken kayu.+ Terus, bangunen omah-Ku+ bèn Aku seneng lan diluhurké.’”+  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé péngin éntuk hasil panèn akèh, ning mung éntuk sithik. Kuwi mbok gawa mulih ing omahmu, ning kuwi Tak sirnakké.+ Kenapa? Merga omah-Ku hancur, ning kowé malah sibuk ngurusi omahmu dhéwé.+ 10  Mula ora ana embun saka langit, lan tanah ora ngetokké hasilé. 11  Aku bakal terus nggawé tanahmu lan gunungmu dadi gersang, mula kowé dadi kekurangan biji-bijian, anggur, minyak, lan tanduran. Kowé lan ternakmu sengsara, lan kabèh kerja kerasmu ora ana gunané.’” 12  Zérubabèl+ anaké Syéaltièl,+ Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak,+ lan kabèh wong saka bangsa kuwi manut omongané Yéhuwah Gusti Allahé lan omongané Hagai, merga Yéhuwah Gusti Allahé wis ngutus Hagai. Bangsa kuwi dadi wedi marang Yéhuwah. 13  Terus, kaya sing dipréntahké Yéhuwah, Hagai utusané Yéhuwah nyampèkké pesen iki marang bangsa kuwi: ”’Yéhuwah kandha, ’Aku ndhukung kowé kabèh.’”+ 14  Mula, Yéhuwah ngarahké+ Zérubabèl anaké Syéaltièl, gubernur Yéhuda+ kuwi, lan Yosua+ anaké Yéhozadak, imam agung kuwi, lan kabèh wong saka bangsa kuwi. Wong-wong kuwi mulai mbangun omahé Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 15  Kuwi kabèh kelakon ing dina ke-24 sasi ke-6, ing taun keloro paméntahané Raja Darius.+

Katrangan Tambahan

Artiné ”Lair Pas Perayaan”.
Utawa ”mbangun manèh”.
Utawa ”baité”.