Hagai 2:1-23

  • Kemuliaané bait sing keloro bakal ngluwihi sing sakdurungé (1-9)

    • Kabèh bangsa digoncang (7)

    • Harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu (7)

  • Berkah-berkah merga mbangun bait manèh (10-19)

    • Apa sing suci ora isa nggawé liyané mèlu dadi suci (10-14)

  • Pesen kanggo Zérubabèl (20-23)

    • ”Aku bakal ndadèkké kowé kaya cincin meterai” (23)

2  Ing dina ke-21 sasi ke-7, Yéhuwah kandha liwat Nabi Hagai,+  ”Takona marang Zérubabèl+ anaké Syéaltièl, gubernur Yéhuda+ kuwi, lan Imam Agung Yosua+ anaké Yéhozadak,+ lan kabèh wong saka bangsa kuwi:  ’Sapa ing antaramu sing isih kèlingan karo keindahané omah-Ku mbiyèn?+ Nèk saiki piyé? Dibandhingké sing mbiyèn, saiki ora ana apa-apané, ta?’+  ”Yéhuwah kandha, ’Kowé kudu kuwat Zérubabèl, lan kowé ya kudu kuwat Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak.’ ”Yéhuwah kandha manèh, ’Kabèh rakyat ing tanah iki,+ kowé kabèh kudu kuwat lan nyambut gawéa,’ ”’Merga Aku ndhukung kowé’,+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.  ’Élinga janji-Ku wektu kowé metu saka Mesir,+ lan saiki Aku isih nuntun kowé nganggo kuwasa-Ku.+ Aja wedi.’”+  ”Merga iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Ora suwé manèh, Aku arep nggoncangké langit, bumi, laut, lan darat sepisan manèh.’+  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku arep nggoncangké kabèh bangsa, lan harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu+ menyang omah iki. Aku bakal ngebaki omah iki nganggo kemuliaan.’+  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Pérak kuwi duwèk-Ku, emas kuwi ya duwèk-Ku.’  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Kemuliaané omah iki bakal ngluwihi sing sakdurungé.’+ ”’Aku bakal mènèhi kowé kedamaian ing panggonan iki,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.” 10  Ing dina ke-24 sasi ke-9, ing taun keloro pamréntahané Darius, Yéhuwah kandha marang Nabi Hagai,+ 11  ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Takona marang para imam soal Hukum iki:+ 12  ”Nèk ana wong sing nggawa daging sing suci* ing jubahé, terus jubahé kuwi ngenani roti, sop, anggur, minyak, utawa panganan apa waé, apa panganan kuwi ya bakal dadi suci?”’” Para imam njawab, ”Ora.” 13  Terus Hagai takon, ”Nèk panganan kuwi didemèk wong sing najis merga ndemèk mayat, apa panganan kuwi ya bakal dadi najis?”+ Para imam njawab, ”Ya, kuwi bakal dadi najis.” 14  Mula Hagai kandha, ”Yéhuwah kandha, ’Ya ngono kuwi umat-Ku lan bangsa iki. Ya ngono kuwi kabèh sing dihasilké wong-wong kuwi nganggo tangané. Apa waé sing diwènèhké wong-wong kuwi dadi persembahan, kuwi kabèh najis.’ 15  ”’Ning saiki, mulai dina iki, gatèkna tenanan: Sakdurungé baité Yéhuwah mulai dibangun manèh,+ 16  piyé keadaané? Pas wong teka kanggo njupuk gandum 20 taker, sing ana mung 10. Terus, pas wong teka menyang panggonan meres anggur kanggo njupuk anggur 50 taker, sing ana mung 20.+ 17  Kabèh sing mbok hasilké nganggo tanganmu bakal Tak hukum nganggo angin sing panas banget, hama jamur,+ lan udan ès. Ning, ora ana wong siji-sijia sing bali marang Aku,’ kandhané Yéhuwah. 18  ”’Dina iki, dina ke-24 sasi ke-9, pondhasi baité Yéhuwah dibangun.+ Gatèkna tenanan apa sing bakal kelakon mulai dina iki: 19  Apa isih ana benih ing gudhang-gudhang?+ Wit anggur, ara, delima, lan zaitun ya durung metu buahé, ta? Mulai dina iki, Aku bakal mènèhi berkah.’”+ 20  Terus Yéhuwah kandha manèh marang Hagai ing dina ke-24 sasi kuwi,+ 21  ”Kandhanana Zérubabèl, gubernuré Yéhuda, ’Aku bakal nggoncangké langit lan bumi.+ 22  Aku bakal nyingkirké takhtané kerajaan-kerajaan lan nyingkirké kekuwatan kerajaané bangsa-bangsa.+ Aku bakal nyingkirké kréta perang lan sing numpaki. Jaran-jarané bakal padha tiba, lan sing numpaki bakal patèn-patènan nganggo pedhang.’”+ 23  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Wektu kuwi Aku bakal nggunakké kowé, abdi-Ku Zérubabèl+ anaké Syéaltièl.’+ Yéhuwah kandha, ’Aku bakal ndadèkké kowé kaya cincin meterai, merga kowé sing wis Tak pilih,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”

Katrangan Tambahan

Maksudé, daging kéwan sing wis diwènèhké dadi korban marang Gusti Allah.