Kaimaman 1:1-17

  • Persembahan bakaran (1-17)

1  Saka kémah pertemuan,+ Yéhuwah ngundang* Musa lan kandha,  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk kowé arep mènèhké ternakmu dadi persembahan marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké sapi, domba, utawa kambing.+  ”’Nèk kowé arep mènèhké sapi dadi persembahan bakaran, sapiné kudu sapi lanang sing séhat.+ Kowé kudu réla+ wektu mènèhké kuwi marang Yéhuwah ing lawangé kémah pertemuan.  Kowé kudu numpangké tanganmu ing ndhuwur endhasé kéwan persembahan bakaran mau, lan dosa-dosamu bakal diapura.  ”’Sapi enom mau kudu dibelèh ing ngarepé Yéhuwah, lan anak-anaké lanang Harun, yaiku para imam,+ bakal mènèhké lan nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah+ sing ana ing lawangé kémah pertemuan.  Kéwan persembahan bakaran mau kudu dikuliti lan dipotong-potong.+  Terus anak-anaké Harun, yaiku para imam, kudu ndèlèhké geni* ing ndhuwuré mézbah+ lan nata kayu-kayu ing ndhuwuré geni kuwi.  Para imam kuwi kudu nata potongan-potongan kéwan persembahan kuwi,+ termasuk endhas lan gajihé,* ing ndhuwuré kayu-kayu sing lagi diobong sing ana ing ndhuwur mézbah.  Usus lan sikilé* kudu dikumbah nganggo banyu. Terus, imam kudu ngobong* kuwi kabèh ing ndhuwuré mézbah dadi persembahan bakaran, yaiku persembahan sing dibakar sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.*+ 10  ”’Nèk kowé arep mènèhké domba+ enom utawa kambing dadi persembahan bakaran, kowé kudu mènèhké sing lanang lan séhat.+ 11  Kuwi kudu dibelèh ing sisih loré mézbah, ing ngarepé Yéhuwah. Terus, para imam kudu nyipratké getih kéwan mau ing sak ubengé mézbah.+ 12  Kéwan mau kudu dipotong-potong. Terus, imam bakal nata potongan-potongan kuwi, termasuk endhas lan gajihé,* ing ndhuwuré kayu-kayu sing lagi diobong ing ndhuwur mézbah. 13  Imam bakal ngumbah usus lan sikilé* kéwan mau nganggo banyu. Terus, imam bakal mènèhké kuwi kabèh dadi persembahan bakaran lan ngobong kuwi kabèh ing ndhuwuré mézbah. Kuwi persembahan bakaran, yaiku persembahan sing dibakar sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 14  ”’Ning, nèk kowé arep mènèhké manuk dadi persembahan bakaran marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké manuk derkuku utawa dara sing isih enom.+ 15  Imam bakal nggawa manuk kuwi menyang mézbah lan mbelèh guluné, terus ngecurké getihé manuk kuwi ing sisihé mézbah. Bar kuwi, manuk kuwi diobong ing ndhuwuré mézbah. 16  Wuluné kudu dicabuti lan temboloké* kudu ditokké, terus dibuwang menyang sisih wétané mézbah, yaiku panggonan awu.*+ 17  Manuk kuwi dibelah ing tengah ing antarané sayapé, ning ora nganti tugel. Terus, imam bakal ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré kayu sing murub. Kuwi persembahan bakaran, yaiku persembahan sing dibakar sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Mungkin maksudé areng sing murub.
Utawa ”gajih sing ana ing sekitaré ginjal”.
Utawa ”tenang”.
Lit.: ”kudu nggawé asap saka”.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Utawa ”gajih sing ana ing sekitaré ginjal”.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Kanthong sing ana ing guluné manuk kanggo nyimpen panganan.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.