Kaimaman 11:1-47

  • Kéwan sing haram lan ora haram (1-47)

11  Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun,  ”Wong Israèl kandhanana ngéné, ’Iki kéwan ing darat sing éntuk mbok pangan:+  Kabèh kéwan sing memamah biak* lan sing kukuné mbelah lan ana celahé.  ”’Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung kukuné mbelah. Sing pertama yaiku unta. Senajan unta kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula unta kuwi haram.+  Kowé ya ora éntuk mangan hiraks.*+ Senajan hiraks kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula hiraks kuwi haram.  Kowé ya ora éntuk mangan kelinci. Senajan kelinci kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula kelinci kuwi haram.  Kowé ya ora éntuk mangan babi.+ Senajan babi kuwi kukuné mbelah lan ana celahé, ning babi ora memamah biak. Mula babi kuwi haram.  Kowé ora éntuk mangan dagingé utawa ndemèk bathangé. Kuwi kabèh haram.+  ”’Saka antarané kéwan sing urip ing banyu, embuh kuwi ing laut utawa kali, sing éntuk mbok pangan+ yaiku kéwan sing nduwé sisik lan sirip. 10  Ning, kéwan apa waé ing laut lan ing kali, termasuk kabèh kéwan cilik liyané* lan kabèh makhluk hidup liyané sing urip ing banyu, sing ora nduwé sisik lan sirip, kuwi kabèh njijiki. 11  Kuwi kabèh kudu mbok anggep njijiki. Dagingé aja mbok pangan lan bathangé ya kudu mbok anggep njijiki.+ 12  Kabèh sing urip ing banyu sing ora nduwé sisik lan sirip kuwi njijiki. 13  ”’Saka antarané kéwan sing mabur sing kudu mbok anggep njijiki lan ora éntuk mbok pangan, yaiku elang,+ elang laut, manuk bangkai hitam,+ 14  elang mérah, saben jenis elang hitam, 15  saben jenis gagak, 16  manuk unta, burung hantu, camar, kabèh jenis manuk alap-alap, 17  burung hantu cilik, manuk pecuk padi, burung hantu sing kupingé dawa, 18  angsa, manuk pelikan, manuk bangkai, 19  bangau, kabèh jenis manuk kuntul, manuk hupo, lan kelélawar. 20  Saben serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki. 21  ”’Saka antarané serangga sing nduwé sayap lan sing isa mlaku, sing éntuk mbok pangan mung serangga sing nduwé sikil dawa loro kanggo mlumpat ing lemah, 22  yaiku kabèh jenis jangkrik, walang sing isa dipangan,+ lan walang liyané. 23  Sakliyané kéwan-kéwan kuwi, kabèh serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki. 24  Serangga-serangga kuwi isa nggawé kowé najis. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 25  Sapa waé sing nggawa bathangé kudu ngumbah klambiné,+ lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 26  ”’Kabèh kéwan ing darat sing kukuné mbelah ning ora ana celahé lan sing ora memamah biak kuwi haram. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis.+ 27  Saka antarané kéwan sikil papat sing mlaku nganggo tlapakané* kuwi haram. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 28  Wong sing nggawa bathangé kudu ngumbah klambiné,+ lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ Kabèh kéwan kuwi haram. 29  ”’Kéwan-kéwan cilik ing darat sing uripé nggrombol kuwi haram, yaiku tikus tanah, tikus,+ saben jenis kadal, 30  tekèk, kadal gedhé, salamander, kadal pasir, lan bunglon. 31  Kabèh kéwan kuwi haram.+ Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 32  ”’Apa waé sing ketiban bathang kéwan mau bakal dadi najis, embuh kuwi klambi, kulit, kain goni, utawa barang-barang sing digawé saka kayu. Apa waé barangé, kuwi kudu dikumbah nganggo banyu lan bakal tetep najis nganti matahari terbenam. Bar kuwi, barang mau ora najis manèh. 33  Nèk sing ketiban kuwi wadhah saka tanah liat, wadhah kuwi kudu dihancurké. Kabèh sing ana ing njeroné wadhah kuwi bakal dadi najis.+ 34  Panganan apa waé sing kena banyu saka wadhah kuwi bakal dadi najis. Minuman apa waé sing ana ing wadhah kuwi bakal dadi najis. 35  Apa waé sing ketiban bathang kéwan mau bakal dadi najis. Embuh kuwi oven utawa kompor cilik, kuwi kudu dihancurké. Kuwi kabèh najis lan bakal tetep najis. 36  Ning, mata air utawa sumur* ora dadi najis senajan ana bathang sing tiba ing kono. Tapi, nèk ana wong sing nyingkirké bathang kuwi, wong mau bakal dadi najis. 37  Nèk bathang kuwi tiba ing benih sing arep disebar, benih kuwi ora najis. 38  Ning, nèk ana bagéan saka bathang kuwi sing tiba ing benih sing lagi direndhem sakdurungé disebar, benih kuwi najis. 39  ”’Nèk ana kéwan darat sing mati, yaiku kéwan sing éntuk mbok pangan, kabèh sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 40  Sapa waé sing mangan bathang kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ Sapa waé sing nggawa bathang kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 41  Kabèh kéwan cilik sing haram kuwi najis.+ Kuwi kabèh ora éntuk dipangan. 42  Kowé ora éntuk mangan kéwan cilik apa waé sing merayap nganggo wetengé, sing mlaku nganggo sikil papat, lan sing sikilé akèh, merga kabèh kéwan kuwi kudu mbok anggep njijiki.+ 43  Aja nggawé awakmu dadi njijiki merga kéwan-kéwan cilik kuwi. Aja nggawé awakmu dadi najis merga kuwi kabèh.+ 44  Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé kudu tetep resik lan suci+ merga Aku suci.+ Aja nggawé awakmu dadi najis merga kéwan-kéwan cilik kuwi. 45  Aku, Yéhuwah, sing nggawa kowé metu saka Mesir kanggo nduduhké nèk Aku kuwi Gusti Allahmu.+ Kowé kudu suci+ merga Aku suci.+ 46  ”’Kuwi hukum soal kéwan darat, kéwan sing mabur, kéwan sing urip ing banyu, lan kéwan cilik ing darat, 47  supaya kowé isa mbédakké endi sing najis lan sing ora najis, endi sing éntuk dipangan lan sing ora éntuk dipangan.’”+

Katrangan Tambahan

Maksudé kéwan sing ngunyah manèh panganan sing wis dieleg.
Kéwan kaya marmut sing gedhé, ora nduwé buntut, lan manggon ing tebing watu.
Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.
Misalé singa, beruang, lan serigala.
Yaiku lubang kanggo nampung banyu.