Kaimaman 15:1-33

  • Cairan saka alat kelamin sing nggawé najis (1-33)

15  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun,  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang sing lara lan alat kelaminé ngetokké cairan kaya nanah, cairan kuwi nggawé wong lanang kuwi najis.+  Wong lanang kuwi bakal tetep najis ora soal cairan kuwi metu terus saka alat kelaminé utawa cairan kuwi nyumbat alat kelaminé.  ”’Panggonan apa waé sing dituroni wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis, lan apa waé sing dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis.  Sapa waé sing ndemèk panggonan sing dituroni wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+  Sapa waé sing lungguh ing barang sing bar dilungguhi wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing lungguh kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.  Sapa waé sing ndemèk wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.  Nèk ana wong sing ora najis kena iduné wong lanang sing lara kuwi, wong sing kena idu mau kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing kena kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.  Pelana* apa waé sing dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis. 10  Sapa waé sing ndemèk barang sing bar dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. Sapa waé sing ngangkat barang kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ngangkat barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 11  Nèk wong lanang sing lara+ kuwi ndemèk wong liya padahal tangané durung wisuh, wong sing didemèk kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing didemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 12  Nèk wong lanang sing lara kuwi ndemèk wadhah saka tanah liat, wadhah kuwi kudu dihancurké. Nèk wong lanang sing lara kuwi ndemèk wadhah saka kayu, wadhah kuwi kudu dikumbah.+ 13  ”’Nèk alat kelaminé wong lanang sing lara kuwi wis ora ngetokké cairan kaya nanah manèh lan wong kuwi wis mari, pitung dina sakwisé kuwi wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus nganggo banyu resik bèn dhèwèké ora najis manèh. Sakwisé kuwi, wong lanang kuwi bakal ora najis manèh.+ 14  Ing dina kewolu, wong lanang sing lara kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro ing ngarepé Yéhuwah, ing lawang kémah pertemuan, lan mènèhké kuwi marang imam. 15  Imam kudu mènèhké manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong lanang sing lara kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah supaya wong lanang kuwi ora najis manèh. 16  ”’Nèk wong lanang ngetokké air mani, dhèwèké kudu adus lan bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 17  Wong lanang kuwi kudu ngumbah klambi lan bahan saka kulit sing kena air mani kuwi. Barang-barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 18  ”’Nèk wong lanang nindakké hubungan sèks karo wong wédok lan ngetokké air mani, wong loro kuwi kudu adus lan bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 19  ”’Nèk wong wédok ngetokké getih merga lagi mènstruasi, wong wédok kuwi bakal dadi najis pitung dina suwéné.+ Sapa waé sing ndemèk wong wédok kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 20  Panggonan apa waé sing dituroni wong wédok kuwi pas dhèwèké najis merga mènstruasi bakal dadi najis, lan apa waé sing dilungguhi wong wédok kuwi bakal dadi najis.+ 21  Sapa waé sing ndemèk panggonan sing dituroni wong wédok kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 22  Sapa waé sing ndemèk barang sing bar dilungguhi wong wédok kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 23  Nèk wong wédok kuwi lungguh ing panggonan turu utawa ing barang liyané, wong sing ndemèk barang-barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 24  Nèk wong lanang nindakké hubungan sèks karo wong wédok kuwi lan kena getih mènstruasiné,+ wong lanang kuwi bakal dadi najis pitung dina suwéné. Panggonan apa waé sing dituroni wong lanang kuwi bakal dadi najis. 25  ”’Nèk wong wédok ngetokké getih nganti pirang-pirang dina+ padahal kuwi dudu wektuné dhèwèké mènstruasi,+ utawa nèk dhèwèké isih ngetokké getih padahal biasané mènstruasiné wis rampung, dhèwèké bakal dadi najis. Saksuwéné dhèwèké isih ngetokké getih, dhèwèké bakal dadi najis kaya pas dhèwèké mènstruasi. 26  Saksuwéné wong wédok kuwi isih ngetokké getih, panggonan apa waé sing dituroni+ utawa barang apa waé sing dilungguhi wong wédok kuwi bakal dadi najis kaya pas dhèwèké mènstruasi. 27  Sapa waé sing ndemèk barang-barang kuwi bakal dadi najis. Wong sing ndemèk kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 28  ”’Ning, nèk wong wédok kuwi wis ora ngetokké getih, wong wédok kuwi kudu nunggu pitung dina manèh. Sakwisé pitung dina kuwi, dhèwèké bakal ora najis.+ 29  Ing dina kewolu, wong wédok kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro, lan mènèhké kuwi marang imam ing lawang kémah pertemuan.+ 30  Imam kudu mènèhké manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah supaya wong kuwi ora najis manèh.+ 31  ”’Ya ngono kuwi carané kowé njaga wong Israèl bèn tetep suci lan bèn wong-wong kuwi ora mati merga nggawé najis tabernakel-Ku sing ana ing tengah-tengahé wong-wong kuwi.+ 32  ”’Kuwi hukum soal wong lanang sing ngetokké cairan kaya nanah, wong lanang sing najis merga ngetokké air mani,+ 33  wong wédok sing najis merga mènstruasi,+ wong lanang sing lara merga terus ngetokké cairan utawa wong wédok sing terus-terusan ngetokké getih,+ lan wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong wédok sing najis.’”

Katrangan Tambahan

Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.