Kaimaman 16:1-34

  • Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa (1-34)

16  Yéhuwah kandha marang Musa sakwisé loro anaké Harun mati merga nyedhak ing ngarepé Yéhuwah nganggo cara sing ora pantes.+  Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kandhanana Harun kakangmu nèk dhèwèké ora éntuk mlebu sak gelemé dhéwé ing Ruang Mahasuci*+ lan ngadeg ing ngarep tutup Pethiné Gusti Allah bèn dhèwèké ora mati.+ Sebab, Aku bakal teka liwat méga+ ing ndhuwur tutup Pethi kuwi.+  ”Sakdurungé mlebu ing Ruang Mahasuci, Harun kudu nggawa sapi lanang enom siji kanggo persembahan dosa+ lan domba lanang siji kanggo persembahan bakaran.+  Harun kudu nganggo jubah linèn sing suci,+ celana cendhèk linèn+ kanggo nutupi kemaluané, sabuk saka linèn,+ lan serban* saka linèn ing sirahé.+ Kuwi kabèh suci.+ Harun kudu ngresiki awaké nganggo banyu,+ terus kuwi kabèh dienggo.  ”Bangsa Israèl+ kudu mènèhi Harun kambing lanang enom loro kanggo persembahan dosa lan domba lanang siji kanggo persembahan bakaran.  ”Terus, Harun kudu mènèhké sapi lanang dadi persembahan dosa kanggo Harun dhéwé. Harun bakal njaluk bèn dosané dhéwé+ lan dosané keluargané* diapura.  ”Bar kuwi, Harun bakal njupuk kambing loro kuwi lan nggawa kuwi menyang ngarepé Yéhuwah ing ngarepé kémah pertemuan.  Terus, Harun kudu nguncalké undhi bèn isa nentokké kambing endi sing kanggo Yéhuwah lan kambing endi sing kanggo Azazèl.*  Kambing sing kanggo Yéhuwah kudu digawa Harun+ lan diwènèhké dadi persembahan dosa. 10  Kambing sing kanggo Azazèl ora dipatèni lan kudu digawa ing ngarepé Yéhuwah supaya isa dieculké kanggo Azazèl menyang padhang belantara bèn dosané wong-wong diapura.+ 11  ”Harun kudu nggawa sapi lanang persembahan dosa sing dienggo dhèwèké dhéwé mau lan njaluk bèn dosané dhéwé lan dosané keluargané* diapura. Bar kuwi, Harun kudu mbelèh sapi lanang persembahan dosa kuwi.+ 12  ”Terus, Harun kudu njupuk wadhah dupa+ sing isiné kebak karo bara saka mézbah+ ing ngarepé Yéhuwah lan rong gegem dupa wangi,+ terus nggawa kuwi menyang Ruang Mahasuci.*+ 13  Harun ya kudu ndèlèhké dupa kuwi ing ndhuwuré geni ing ngarepé Yéhuwah+ supaya asap dupa kuwi nutupi tutupé Pethi Kesaksian.*+ Nèk kuwi ora ditindakké, Harun bakal mati. 14  ”Harun kudu njupuk sebagéan getihé sapi lanang+ mau lan nyipratké nganggo drijiné ing ngarepé tutup kuwi, yaiku ing sisih wétané. Harun kudu nyipratké getih kuwi ping pitu ing ngarepé tutup kuwi.+ 15  ”Bar kuwi, Harun kudu mbelèh kambing persembahan dosa kanggo bangsa kuwi+ lan nggawa getihé menyang Ruang Mahasuci.*+ Terus, Harun kudu nyipratké getih kuwi+ padha kaya pas dhèwèké nyipratké getih sapi lanang mau, yaiku ing ngarepé tutup pethi kuwi. 16  ”Harun kudu nindakké kuwi ing Ruang Mahasuci bèn ruang kuwi ora dadi najis merga pelanggaran lan dosa-dosané wong Israèl.+ Harun ya kudu nggawé kémah pertemuan dadi suci merga kémah kuwi ana ing tengah-tengahé wong Israèl sing wis padha tumindak najis. 17  ”Kèt Harun mlebu ing Ruang Mahasuci kanggo nyipratké getih bèn dosa diapura nganti dhèwèké metu saka kono, ora ana wong siji-sijia sing éntuk mlebu ing kémah pertemuan. Ing kono, Harun bakal nyipratké getih bèn dosané dhéwé, dosané keluargané,* lan dosané wong Israèl diapura.+ 18  ”Bar kuwi, Harun kudu metu saka kono lan mara menyang mézbah+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah lan nggawé mézbah kuwi suci. Harun kudu njupuk sebagéan getihé sapi lanang lan getihé kambing kuwi, terus ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah. 19  Nganggo drijiné, Harun ya kudu nyipratké sebagéan getih kuwi ing mézbah nganti ping pitu bèn mézbah kuwi dadi suci lan ora dadi najis merga tumindaké wong Israèl. 20  ”Sakwisé Harun rampung nggawé+ Ruang Mahasuci, kémah pertemuan, lan mézbah dadi suci,+ Harun kudu nggawa kambing sing isih urip mau.+ 21  Harun kudu ndèlèhké tangané loro-loroné ing endhasé kambing sing isih urip mau lan ngakoni kabèh kesalahan, pelanggaran, lan dosa-dosané wong Israèl. Kuwi kaya-kayané Harun ndèlèhké kabèh dosa kuwi ing ndhuwur endhasé kambing kuwi. Terus, Harun kudu mènèhké kambing kuwi+ marang wong sing wis ditugasi, lan wong kuwi kudu ngeculké kambing kuwi menyang padhang belantara. 22  Kambing kuwi kudu dieculké menyang padhang belantara+ bèn nggawa kabèh kesalahané wong Israèl.+ 23  ”Bar kuwi, Harun kudu mlebu menyang kémah pertemuan lan nyopot jubah linèn sing dienggo pas dhèwèké mlebu ing Ruang Mahasuci. Jubah kuwi kudu ditinggal ing kono. 24  Harun kudu ngresiki awaké nganggo banyu+ ing halaman kémah pertemuan, lan nganggo jubah imamé.+ Terus, Harun kudu mènèhké persembahan bakarané dhéwé+ lan persembahan bakarané bangsa kuwi,+ lan njaluk bèn dosané dhéwé lan dosané bangsa kuwi diapura.+ 25  Harun kudu ngobong gajihé kéwan persembahan dosa ing mézbah. 26  ”Wong sing ngeculké kambing kanggo Azazèl+ kudu ngumbah klambiné lan adus. Bar kuwi, dhèwèké éntuk mlebu ing perkémahan. 27  ”Sapi lanang lan kambing sing diwènèhké kanggo persembahan dosa, sing getihé digawa mlebu menyang Ruang Mahasuci kanggo njaluk marang Gusti Allah bèn dosané bangsa kuwi diapura, kudu digawa menyang njaba perkémahan. Kulit, daging, lan telèké kéwan loro kuwi kudu diobong.+ 28  Wong sing mbakar kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Bar kuwi, dhèwèké éntuk mlebu ing perkémahan. 29  ”Kowé kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé: Ing dina kesepuluh sasi kepitu, kowé kudu ngrendhahké dhiri* lan ora olèh nyambut gawé,+ ora soal kowé wong Israèl asli utawa wong asing sing manggon ing antarané wong Israèl. 30  Dina kuwi,+ imam bakal njaluk bèn dosa-dosamu diapura supaya kowé kabèh dadi resik. Dosamu bakal diapura lan kowé bakal dadi resik nurut pandhangané Yéhuwah.+ 31  Iki dina Sabat, yaiku dina istirahat kanggo kowé, lan kowé kudu ngrendhahké dhiri.+ Iki peraturan kanggo sakterusé. 32  ”Imam sing dilantik+ lan diangkat dadi imam*+ kanggo nggentèni bapaké+ kudu mènèhké korban-korban kanggo ngapura dosa. Dhèwèké kudu nganggo jubah linèn,+ yaiku klambi imam.*+ 33  Nganggo cara kuwi, dhèwèké kudu nggawé Ruang Mahasuci,+ kémah pertemuan,+ lan mézbah dadi suci.+ Dhèwèké ya kudu mènèhké persembahan-persembahan kuwi bèn dosané para imam lan kabèh wong Israèl diapura.+ 34  Setaun pisan,+ imam kudu njaluk bèn dosané wong Israèl diapura. Kowé kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.”+ Harun nindakké apa sing wis dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ing panggonan suci ing njeroné kordhèn”.
Iki tutup sirah saka kain sing dienggo imam agung.
Utawa ”sukuné”.
Mungkin artiné ”Kambing sing Lenyap”. Deloken ”Azazèl” ing Daftar Istilah.
Utawa ”sukuné”.
Lit.: ”menyang njeroné kordhèn”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”menyang njeroné kordhèn”.
Utawa ”sukuné”.
Isa waé iki maksudé pasa utawa nindakké pantangan-pantangan liyané.
Lit.: ”klambi suci”.
Maksudé, imam agung.