Kaimaman 17:1-16

  • Tabernakel, panggonan kanggo mènèhké korban (1-9)

  • Aja mangan getih (10-14)

  • Peraturan soal bathang kéwan (15, 16)

17  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang Harun, anak-anaké lanang, lan kabèh wong Israèl, ’Iki préntahé Yéhuwah:  ”’”Nèk ana wong Israèl sing mbelèh sapi, domba, utawa kambing ing njero utawa njaba perkémahan,  lan ora nggawa kéwan kuwi menyang lawang kémah pertemuan kanggo diwènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah ing ngarep tabernakelé Yéhuwah, wong kuwi utang getih. Wong kuwi wis matèni* lan kudu dipatèni.*  Préntah kuwi diwènèhké supaya wong Israèl ora mbelèh ternaké ing padhang manèh, ning nggawa kuwi marang Yéhuwah. Wong Israèl kudu mènèhké kéwan kuwi marang imam ing lawang kémah pertemuan. Kéwan kuwi kudu diwènèhké dadi korban kerukunan* kanggo Yéhuwah.+  Imam kudu nyipratké getih kéwan kuwi ing mézbahé Yéhuwah ing lawang kémah pertemuan lan ngobong gajihé dadi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+  Dadi, wong Israèl ora éntuk manèh nyembah* roh-roh jahat sing bentuké kambing lan mènèhké+ korban marang roh-roh kuwi.*+ Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.”’  ”Kowé kudu kandha marang wong-wong kuwi, ’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antarané wong Israèl sing mènèhi persembahan bakaran utawa korban,  ning ora nggawa kuwi menyang lawang kémah pertemuan kanggo diwènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+ 10  ”’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antarané wong Israèl sing mangan getih apa waé,+ Aku mesthi bakal nolak wong kuwi lan dhèwèké bakal Tak patèni.* 11  Nyawané saben makhluk hidup ana ing getihé.+ Aku mènèhké getih kanggo kowé bèn mbok cipratké ing mézbah+ supaya dosamu isa diapura. Getih kuwi sing nggawé dosamu isa diapura+ merga ana nyawa ing getih kuwi. 12  Kuwi sebabé Aku kandha marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk mangan getih, lan wong asing sing manggon ing antaramu+ ya ora éntuk mangan getih.”+ 13  ”’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antaramu sing mburu lan nyekel manuk utawa kéwan liyané sing éntuk dipangan, getihé kéwan kuwi kudu diecurké+ lan diurugi lemah. 14  Nyawané saben makhluk hidup kuwi getihé merga nyawa ana ing getih. Kuwi sebabé Aku kandha marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk mangan getihé makhluk apa waé merga nyawané saben makhluk kuwi getihé. Sapa waé sing mangan getih kudu dipatèni.”+ 15  Nèk ana wong Israèl asli utawa wong asing sing mangan bathang kéwan utawa kéwan sing bar diserang kéwan buas,+ wong kuwi kudu ngumbah klambiné, adus, lan dadi najis nganti matahari terbenam.+ Bar kuwi, dhèwèké ora najis manèh. 16  Nèk wong kuwi ora ngumbah klambiné lan ora adus, wong kuwi kudu nanggung akibat saka kesalahané.’”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ngutahké getih”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Lit.: ”nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo”.
Lit.: ”marang kambing”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Lit.: ”Tak singkirké saka bangsané”.