Kaimaman 2:1-16

  • Persembahan biji-bijian (1-16)

2  ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian+ marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké tepung alus sing diesoki minyak lan diwènèhi menyan ing ndhuwuré.+  Terus, gawanen kuwi marang anak-anaké Harun, yaiku para imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem sing wis dicampur minyak karo kabèh menyané mau, terus ngobong kuwi kabèh ing ndhuwur mézbah. Kuwi kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.  Sisa saka persembahan biji-bijian kuwi dadi duwèké Harun lan anak-anaké.+ Kuwi bagéan sing suci banget+ saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.  ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing dipanggang ing oven, kowé éntuk mènèhké persembahan roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak, utawa roti tipis tanpa ragi sing diolèsi minyak.+ Kuwi kabèh kudu digawé saka tepung alus.  ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing diolah nganggo wajan datar,+ persembahan kuwi kudu digawé saka tepung alus tanpa ragi sing dicampur minyak.  Persembahan kuwi kudu dipotong-potong lan diesoki minyak ing ndhuwuré.+ Kuwi sing disebut persembahan biji-bijian.  ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing diolah nganggo panci, persembahan kuwi kudu digawé saka tepung alus lan minyak.  Kowé kudu nggawa persembahan biji-bijian sing digawé nganggo bahan-bahan mau marang Yéhuwah. Kuwi kudu mbok wènèhké marang imam sing bakal nggawa persembahan kuwi ing cedhaké mézbah.  Imam kuwi bakal njupuk sebagéan saka persembahan biji-bijian mau kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Kuwi diobong ing mézbah dadi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 10  Sisa saka persembahan biji-bijian kuwi dadi duwèké Harun lan anak-anaké. Kuwi bagéan sing suci banget saka persembahan sing diobong nganggo geni+ kanggo Yéhuwah. 11  ”’Persembahan biji-bijian sing mbok wènèhké marang Yéhuwah aja nganggo ragi merga apa waé sing ana raginé+ utawa maduné ora éntuk mbok wènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 12  ”’Kuwi éntuk mbok wènèhké marang Yéhuwah dadi persembahan hasil panèn pertama,+ ning ora éntuk diobong ing mézbah dadi persembahan sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. 13  ”’Kabèh persembahan biji-bijian sing mbok wènèhké kudu dibumboni uyah. Aja nganti ora diwènèhi uyah. Uyah kuwi bakal ngélingké kowé soal perjanjiané Gusti Allah karo kowé. Kabèh persembahan sing mbok wènèhké kudu diwènèhi uyah.+ 14  ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian marang Yéhuwah saka hasil panènmu sing pertama,+ kowé kudu mènèhké biji-bijian sing bar dipanèn. Kuwi kudu dipanggang lan diremuk dadi tepung kasar. 15  Esokna minyak ing biji-bijian kuwi lan wènèhana menyan ing ndhuwuré. Kuwi sing disebut persembahan biji-bijian. 16  Imam bakal njupuk sebagéan saka tepung kasar sing wis dicampur minyak karo kabèh menyané mau kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Terus, kuwi diobong dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.

Katrangan Tambahan