Kaimaman 21:1-24

  • Imam kudu suci lan ora najis (1-9)

  • Imam agung ora éntuk nggawé awaké dadi najis (10-15)

  • Imam ora éntuk cacad (16-24)

21  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé kudu kandha marang para imam, yaiku anak-anaké lanang Harun, ’Imam ora éntuk mara nyedhaki wong Israèl* sing wis mati merga kuwi isa nggawé awaké dadi najis,+  kecuali nèk wong kuwi keluargané dhéwé, yaiku ibuné, bapaké, anaké lanang, anaké wédok, kakangé utawa adhiné lanang.  Nèk sing mati kuwi adhiné wédok utawa mbakyuné sing isih prawan, manggon sak omah,* lan durung nikah, imam kuwi éntuk nggawé awaké dadi najis.  Nèk sing mati kuwi wong wédok sing wis nikah karo wong lanang saka antarané wong Israèl, imam kuwi ora éntuk nggawé awaké dadi najis lan ora suci.  Imam ora éntuk mbothaki sirahé,+ nyukur kabèh jénggoté, utawa nggawé luka ing awaké.*+  Para imam kudu suci nurut pandhangané Gusti Allahé+ lan ora éntuk nggawé jenengé Gusti Allahé dadi najis.+ Para imam kudu suci+ merga para imam kuwi mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, yaiku panganan* sing diwènèhké dadi persembahan marang Gusti Allahé.  Imam ora éntuk nikah karo pelacur,+ wong wédok sing wis ora prawan, utawa wong wédok sing wis dipegat bojoné, merga imam kuwi suci nurut pandhangané Gusti Allahé.+  Imam kudu mbok anggep suci+ merga imam kuwi sing mènèhké panganan* kanggo Gusti Allahmu. Imam kudu mbok anggep suci merga Aku suci.+ Aku iki Yéhuwah sing wis nggawé kowé suci.  ”’Nèk anaké wédok imam nggawé awaké dadi najis merga dadi pelacur, wong wédok kuwi nggawé isin bapaké. Wong wédok kuwi kudu dipatèni terus diobong.+ 10  ”’Wong sing wis dilantik dadi imam agung saka antarané sedulur-seduluré,* sing sirahé wis diesoki minyak suci,*+ lan sing wis nganggo jubah imam,+ rambuté kudu diurus lan ora éntuk nyuwèk jubahé.+ 11  Wong kuwi ora éntuk mara nyedhaki wong mati+ embuh kuwi bapaké utawa ibuné merga kuwi isa nggawé awaké dadi najis. 12  Wong kuwi ora éntuk ninggalké panggonan suci lan nggawé najis panggonan suciné Gusti Allahé+ merga sirahé wis diesoki minyak suci saka Gusti Allahé+ lan wong kuwi ya nganggo tandha suci.* Aku iki Yéhuwah. 13  ”’Wong kuwi kudu nikah karo wong wédok sing isih prawan.+ 14  Wong kuwi ora éntuk nikah karo randha, wong wédok sing wis dipegat bojoné, wong wédok sing wis ora prawan, utawa pelacur. Wong kuwi kudu nikah karo wong wédok sing isih prawan saka antarané wong Israèl. 15  Wong kuwi ora éntuk nggawé keturunané* sing ana ing antarané wong Israèl+ dadi najis. Aku iki Yéhuwah sing nggawé dhèwèké suci.’” 16  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 17  ”’Harun kandhanana ngéné, ’Kanggo sakterusé, keturunanmu* sing cacad aja nganti mara ing mézbah kanggo mènèhké panganan* marang Gusti Allahé. 18  Wong sing cacad ora éntuk mara ing mézbah, yaiku wong sing wuta, pincang, cacad rainé,* salah siji tangan utawa sikilé kedawan, 19  tangan utawa sikilé tugel, 20  bungkuk, cébol,* mripaté cacad, lara èksim, kurap, utawa buah zakaré rusak.+ 21  Keturunané* Imam Harun sing cacad ora éntuk mara ing mézbah kanggo mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni marang Yéhuwah. Merga cacad, wong kuwi ora éntuk mara ing mézbah kanggo mènèhké panganan* marang Gusti Allahé. 22  Wong kuwi éntuk mangan panganan* sing diwènèhké marang Gusti Allahé, embuh kuwi sing suci+ utawa sing suci banget.+ 23  Ning, dhèwèké ora éntuk nyedhaki kordhèn+ utawa mézbah+ merga dhèwèké cacad. Dhèwèké ora éntuk nggawé najis panggonan suci-Ku.+ Aku iki Yéhuwah sing wis nggawé kabèh dadi suci.’”+ 24  Terus, Musa nyampèkké kuwi kabèh marang Harun, anak-anaké lanang, lan kabèh wong Israèl.

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé wong-wong saka sukuné imam kuwi. Deloken ayat 4, 14, 15.
Lit.: ”sing cedhak karo dhèwèké”.
Mungkin iki kebiasaan kafir.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”roti”.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Maksudé, imam-imam liyané
Utawa ”tandha suci nèk wong kuwi ngabdi marang Gusti Allah; mahkota suci”.
Lit.: ”benihé”.
Lit.: ”benihmu”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”cacad irungé”.
Utawa mungkin ”kuru banget”.
Lit.: ”Benihé”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”roti”.