Kaimaman 22:1-33

  • Imam kudu suci; aturan soal mangan perkara-perkara suci (1-16)

  • Kéwan persembahan kudu sing séhat (17-33)

22  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang Harun lan anak-anaké lanang bèn padha ngati-ati ngurus perkara-perkara suci+ sing wis disucèkké wong Israèl lan sing wis diwènèhké dadi persembahan kanggo Aku. Aja nganti Harun lan anak-anaké lanang nggawé najis jeneng-Ku sing suci.+ Aku iki Yéhuwah.  Kandhanana wong-wong kuwi, ’Nganti sakterusé, nèk ana keturunanmu sing lagi najis sing mara nyedhaki perkara-perkara suci sing wis disucèkké wong Israèl kanggo Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+ Aku iki Yéhuwah.  Keturunané Harun sing lara kusta+ utawa sing ngetokké cairan kaya nanah+ ora éntuk mangan perkara-perkara suci nganti dhèwèké ora najis manèh,+ termasuk wong sing ndemèk wong liya sing najis merga wong mati,+ sing ngetokké air mani,+  sing ndemèk kéwan-kéwan cilik* sing najis,+ utawa sing ndemèk wong sing najis merga apa waé.+  Wong sing ndemèk kuwi kabèh bakal dadi najis nganti matahari terbenam lan ora éntuk mangan perkara-perkara suci sakdurungé dhèwèké adus.+  Sakwisé matahari terbenam, dhèwèké ora najis manèh lan éntuk mangan perkara-perkara suci merga kuwi bagéané.*+  Dhèwèké ya ora éntuk mangan bathang kéwan utawa kéwan sing bar dicabik-cabik kéwan buas bèn dhèwèké ora najis.+ Aku iki Yéhuwah.  ”’Wong-wong kuwi kudu manut préntah-Ku supaya wong-wong kuwi ora dosa lan mati merga nggawé najis perkara-perkara suci. Aku iki Yéhuwah sing nggawé kabèh suci. 10  ”’Wong sing dudu keluargané imam* ora éntuk mangan perkara-perkara suci,+ termasuk wong asing sing manggon sementara karo imam utawa buruh upahan. 11  Ning, wong sing wis dituku imam nganggo dhuwité dhéwé, wong kuwi éntuk mangan,+ termasuk budhak sing lair ing omahé. 12  Nèk anaké wédok imam nikah karo wong sing dudu imam,* wong wédok kuwi ora éntuk mangan perkara-perkara suci sing diwènèhké marang imam. 13  Ning, nèk anaké wédok imam kuwi dadi randha utawa dipegat lan ora nduwé anak, terus bali menyang omahé bapaké kaya pas isih enom, wong wédok kuwi éntuk mangan sebagéan saka panganané bapaké.+ Ning, wong sing dudu keluargané imam* ora éntuk mangan kuwi. 14  ”’Wong sing ora sengaja mangan perkara suci kudu mènèhi ganti rugi marang imam ditambah 20 persèn saka ganti rugi kuwi.+ 15  Dadi, para imam ora éntuk nggawé najis kabèh sing suci sing wis disumbangké wong Israèl kanggo Yéhuwah,+ 16  lan nyebabké wong Israèl salah lan dihukum merga mangan panganan sing suci. Aku iki Yéhuwah sing nggawé kabèh suci.’” 17  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 18  ”Kowé kudu kandha marang Harun, anak-anaké lanang, lan kabèh wong Israèl, ’Nèk wong Israèl utawa penduduk asing ing Israèl mènèhké persembahan bakaran+ marang Yéhuwah kanggo nepati janjiné utawa kanggo persembahan sukaréla,+ 19  wong kuwi kudu mènèhké kéwan sing séhat, yaiku sapi lanang,+ domba lanang enom, utawa kambing bèn Gusti Allah gelem nampa dhèwèké. 20  Aja mènèhké kéwan sing cacad+ merga kuwi bakal nggawé Gusti Allah ora gelem nampa kowé. 21  ”’Nèk ana wong sing mènèhké korban kerukunan*+ marang Yéhuwah kanggo nepati janjiné utawa kanggo persembahan sukaréla, persembahané kudu kéwan sing séhat yaiku sapi, domba, utawa kambing bèn ditampa Gusti Allah. Kabèh kéwan kuwi babar blas ora éntuk ana sing cacad. 22  Kéwan sing diwènèhké ora éntuk kéwan sing wuta, patah tulang, luka, ana kutilé, ana kurapé, utawa korèngen. Kéwan sing kaya ngono kuwi aja mbok wènèhké marang Yéhuwah utawa mbok wènèhké dadi persembahan ing mézbah marang Yéhuwah. 23  Kowé éntuk mènèhké sapi lanang utawa domba sing sikilé dawané ora padha dadi persembahan sukaréla. Ning, nèk kuwi mbok wènèhké dadi persembahan merga kowé nggawé janji, kuwi ora bakal ditampa. 24  Kowé ora éntuk mènèhké persembahan marang Yéhuwah kéwan sing buah zakaré rusak, remuk, ditokké, utawa dikethok. Aja mènèhké kéwan kaya ngono ing negaramu. 25  Nèk ana wong asing sing mènèhké persembahan kaya ngono kuwi, persembahan kuwi aja mbok wènèhké dadi panganan* kanggo Gusti Allahmu merga persembahan kuwi rusak lan cacad. Kuwi ora bakal ditampa Gusti Allah.’” 26  Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 27  ”Sapi lanang, domba lanang, utawa kambing sing lagi waé lair kudu tetep bareng karo ibuné pitung dina suwéné.+ Ning mulai dina kewolu, kowé isa mènèhké kuwi dadi persembahan, yaiku persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 28  Aja mbelèh sapi lanang utawa domba bareng karo anaké ing dina sing padha.+ 29  ”Nèk kowé mènèhké korban kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah,+ wènèhna kuwi nganggo cara sing pantes bèn Gusti Allah gelem nampa korbanmu kuwi. 30  Kuwi kudu langsung dipangan dina kuwi. Aja disisakké nganti ésuk.+ Aku iki Yéhuwah. 31  ”Kowé kudu terus manut lan nindakké préntah-préntah-Ku.+ Aku iki Yéhuwah. 32  Aja nggawé najis jeneng-Ku sing suci.+ Aku kudu disucèkké ing tengah-tengahé wong Israèl.+ Aku iki Yéhuwah sing nggawé kowé suci.+ 33  Aku iki sing nggawa kowé metu saka Mesir kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.
Utawa ”kuwi panganané”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Utawa ”karo wong asing”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Lit.: ”roti”.