Kaimaman 24:1-23

  • Minyak kanggo lampu-lampu tabernakel (1-4)

  • Roti persembahan (5-9)

  • Wong sing ngèlèk-èlèk jenengé Gusti Allah dibandhemi watu (10-23)

24  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa,  ”Préntahna wong Israèl bèn padha mènèhi kowé minyak zaitun murni kanggo lampu-lampu ing kémah pertemuan supaya lampu-lampu kuwi murub terus.+  Harun kudu ngatur bèn lampu-lampu kuwi tetep murub saka bengi tekan ésuk ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan, yaiku ing Ruang Suci* ing cedhak Pethi Kesaksian.* Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.  Harun kudu terus ngurusi lampu-lampu sing ana ing wadhah lampu+ saka emas murni sing ana ing ngarepé Yéhuwah.  ”Panggangen 12 roti sing bentuké kaya gelang. Saben roti kudu digawé saka loro persepuluh éfa* tepung alus.  Roti-roti kuwi dèlèhna ing ndhuwur méja saka emas murni sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Dèlèhna dadi rong susun, sak susun isiné enem roti.+  Ing saben tumpukan roti kuwi, dèlèhna menyan murni. Menyan kuwi bakal ngélingké Gusti Allah nèk kabèh roti kuwi wis diwènèhké dadi persembahan+ sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.  Saben dina Sabat, kabèh roti kuwi kudu didèlèhké ing ngarepé Yéhuwah.+ Iki perjanjian-Ku karo wong Israèl kanggo sakterusé.  Roti kuwi bakal dadi duwèké Harun lan anak-anaké lanang.+ Roti kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci+ merga kuwi bagéan sing suci banget kanggo imam, sing dijupuk saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Iki peraturan kanggo sakterusé.” 10  Ana cah lanang sing ibuné wong Israèl lan bapaké wong Mesir.+ Cah kuwi mara ing antarané wong Israèl, terus gelut karo wong Israèl ing perkémahan. 11  Anaké wong wédok Israèl kuwi ngèlèk-èlèk lan ngutuki jenengé Gusti Allah.+ Mula, wong-wong nggawa cah kuwi marang Musa.+ Ibuné jenengé Syélomit anaké Dibri saka suku Dan. 12  Cah kuwi ditahan nganti ana keputusan saka Yéhuwah.+ 13  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 14  ”Gawanen metu wong sing ngutuki jeneng-Ku menyang njaba perkémahan. Kabèh wong sing krungu pas cah kuwi ngutuki kudu ndèlèhké tangané ing sirahé cah kuwi, terus kabèh wong Israèl kudu mbandhemi* cah kuwi nganggo watu.+ 15  Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wong sing ngutuki Gusti Allahé kudu nanggung akibat saka dosané dhéwé. 16  Dadi, wong sing ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah kudu dipatèni.+ Kabèh wong Israèl kudu mbandhemi* wong kuwi nganggo watu nganti mati. Ora soal wong kuwi penduduk asing utawa wong Israèl asli, nèk wong kuwi ngèlèk-èlèk jenengé Gusti Allah, wong kuwi kudu dipatèni. 17  ”’Wong sing matèni wong liya kudu dipatèni.+ 18  Wong sing matèni ternaké wong liya kudu mbayar ganti rugi, kéwan ganti kéwan.* 19  Nèk ana sing nyilakani wong liya, tumindaké kuwi kudu dibales kaya sing wis ditindakké.+ 20  Patah tulang ganti patah tulang, mripat ganti mripat, lan untu ganti untu. Kaya wektu dhèwèké nggawé wong liya luka, dhèwèké ya kudu digawé ngono.+ 21  Wong sing matèni kéwan kudu mbayar ganti rugi,+ ning wong sing matèni wong liya kudu dipatèni.+ 22  ”’Penduduk asing+ utawa wong Israèl asli kudu manut karo hukum kuwi, merga Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’” 23  Terus, Musa nyampèkké kuwi kabèh marang wong Israèl. Wong-wong padha nggawa metu cah sing ngutuki jenengé Gusti Allah mau menyang njaba perkémahan lan mbandhemi* cah lanang kuwi nganggo watu.+ Wong Israèl nindakké persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ing njabané kordhèn”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
2/10 éfa = 4,4 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”mbalangi”.
Lit.: ”jiwa ganti jiwa”.
Utawa ”mbalangi”.