Kaimaman 26:1-46

  • Aja nyembah brahala (1, 2)

  • Berkahé nèk manut (3-13)

  • Hukuman nèk ora manut (14-46)

26  ”’Aja nggawé allah-allah sing ora ana gunané.+ Aja nggawé patung+ pahatan utawa tugu suci,* lan aja ndèlèhké watu pahatan+ ing negaramu kanggo disembah.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.  Kowé kudu nindakké sabat-Ku lan ngajèni* panggonan suci-Ku. Aku iki Yéhuwah.  ”’Nèk kowé urip manut peraturan-peraturan-Ku, manut préntah-préntah-Ku, lan nindakké kuwi kabèh,+  Aku bakal mènèhi udan pas musimé+ bèn tanah kuwi ngetokké hasilé+ lan wit-wit ing ladhang ngetokké buah.  Panènanmu bakal akèh banget. Durung rampung kowé nggiles* gandum, kowé wis kudu manèn anggur. Pas kowé isih manèn anggur, kowé wis kudu nyebar benih. Kowé bakal mangan roti nganti puas, lan kowé ya bakal aman manggon ing negaramu.+  Aku bakal nggawé negaramu tentrem,+ lan kowé bakal turu tanpa ana sing nggawé kowé wedi.+ Aku bakal ngusir kéwan buas saka negaramu, lan ora ana sing bakal nyerang kowé nganggo pedhang.  Kowé mesthi bakal ngoyak* mungsuh-mungsuhmu lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang.  Wong lima saka antaramu bakal ngoyak* wong 100, lan wong 100 bakal ngoyak wong 10.000. Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang.+  ”’Aku bakal mberkahi kowé. Aku bakal nggawé kowé nduwé akèh anak,+ lan keturunanmu bakal dadi akèh banget. Perjanjian-Ku karo kowé bakal Tak tepati.+ 10  Kowé bakal nglumpukké hasil panèn sing akèh banget nganti cukup kanggo taun sakwisé kuwi. Hasil panèn kuwi akèh banget nganti kowé kudu mbuwang hasil panèn sing sakdurungé bèn ana panggonan kanggo nyimpen hasil panèn sing anyar. 11  Aku bakal ndèlèhké tabernakel-Ku ing tengah-tengahmu,+ lan Aku ora bakal nolak kowé. 12  Aku bakal bareng karo kowé lan dadi Gusti Allahmu,+ lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ 13  Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir bèn kowé ora dadi budhaké wong-wong kuwi manèh. Aku wis mbébaské kowé saka perbudakan* lan nggawé kowé dadi wong merdéka. 14  ”’Ning, nèk kowé ora ngrungokké Aku lan ora nindakké kabèh préntah iki,+ 15  nèk kowé nolak peraturan-Ku+ lan sengit karo hukum-Ku nganti kowé ora nindakké préntah-Ku lan nglanggar perjanjian-Ku,+ 16  Aku bakal nindakké iki: Aku bakal nggawé kowé sengsara merga tuberkulosis lan demam tinggi. Mripatmu bakal rabun, lan kowé bakal kentèkan tenaga. Kowé bakal nyebar benih ning ora ana hasilé merga hasilé bakal dipangan mungsuh-mungsuhmu.+ 17  Aku bakal nolak kowé, lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal diidak-idak wong-wong sing sengit karo kowé.+ Saking wediné, kowé bakal mlayu senajan ora ana sing ngoyak.*+ 18  ”’Nèk sakwisé ngalami kuwi kowé tetep ora gelem ngrungokké Aku, Aku bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot timbang sakdurungé merga dosa-dosamu. 19  Aku bakal nggawé kowé ora ndableg lan ora sombong manèh. Langitmu bakal Tak gawé dadi kaya wesi*+ lan tanahmu dadi kaya tembaga.* 20  Kowé bakal kentèkan tenaga tanpa ana hasilé, merga tanahmu ora bakal ngetokké hasil+ lan wit-wit ing tanah kuwi ora bakal ngetokké buah. 21  ”’Ning, nèk kowé isih tetep nglawan Aku lan ora gelem ngrungokké Aku, Aku bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 22  Aku bakal ngirim kéwan-kéwan buas menyang tengah-tengahmu.+ Kéwan-kéwan kuwi bakal matèni anak-anakmu+ lan ternakmu. Jumlahmu bakal saya sithik, lan dalan-dalanmu bakal dadi sepi.+ 23  ”’Ning, nèk sakwisé ngalami kuwi kabèh, lan sakwisé Tak hukum nganti kaya ngono kowé isih durung kapok+ lan tetep nglawan Aku, 24  Aku ya bakal nglawan kowé lan bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 25  Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang kanggo ngukum kowé merga kowé wis nglanggar perjanjianmu karo Aku.+ Pas kowé mlayu mlebu ing kutha-kuthamu, Aku bakal ngirim penyakit ing tengah-tengahmu,+ lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ 26  Sakwisé persediaan* rotimu*+ Tak hancurké, sisa rotiné mung tinggal sithik banget, nganti wong wédok sepuluh mung butuh oven siji kanggo manggang roti.+ Terus, rotiné bakal ditimbang, lan kowé mung bakal éntuk jatah sithik. Kowé bakal mangan ning ora puas.+ 27  ”’Nèk sakwisé ngalami kuwi kabèh kowé tetep ora gelem ngrungokké Aku lan tetep nglawan Aku, 28  Aku bakal saya nesu karo kowé+ lan bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 29  Kowé bakal mangan dagingé anak-anakmu lanang lan anak-anakmu wédok.+ 30  Aku bakal ngancurké panggonan-panggonan dhuwur*+ lan panggonan-panggonan dupamu. Aku bakal numpuk mayatmu ing ndhuwuré brahala-brahalamu sing njijiki lan ora ana nyawané.+ Aku bakal ninggalké kowé merga jijik.+ 31  Aku bakal ngancurké kutha-kuthamu,+ lan panggonan-panggonan sucimu bakal ditelantarké. Ambu sing nyenengké saka korban-korbanmu ora bakal nggawé Aku seneng. 32  Aku bakal nggawé tanah kuwi telantar,+ nganti mungsuh-mungsuhmu sing bakal manggon ing kono padha kagèt ndelok kuwi.+ 33  Kowé bakal Tak sebar ing antarané bangsa-bangsa.+ Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang.+ Tanahmu bakal telantar,+ lan kutha-kuthamu bakal hancur. 34  ”’Pas kowé ana ing negarané mungsuhmu, tanahmu bakal ditelantarké lan tanahmu bakal mbayar lunas sabat-sabaté. Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi bakal istirahat* merga kudu mbayar sabat-sabaté.+ 35  Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi bakal istirahat. Kuwi merga pas kowé manggon ing kono tanah kuwi ora istirahat saksuwéné sabat-sabatmu. 36  ”’Aku bakal nyebabké wong-wong ing antaramu+ sing manggon ing negarané mungsuhmu padha kewedèn nganti swarané godhong sing kena angin waé nggawé kowé mlayu. Kowé bakal mlayu kaya dioyak* wong sing nggawa pedhang, lan kowé bakal tiba senajan ora ana sing ngoyak.+ 37  Kaya pas kowé lagi dioyak* wong sing nggawa pedhang, sing siji bakal kesandhung sijiné, padahal sakjané ora ana sing ngoyak. Kowé ora bakal sanggup ngadhepi mungsuhmu.+ 38  Kowé bakal mati ing negara liya,+ lan kowé bakal dipatèni ing negarané mungsuhmu. 39  Wong-wong sing isih urip ing antaramu bakal sengsara ing negarané mungsuh+ merga kesalahané dhéwé lan kesalahané nènèk moyangé.+ 40  Terus, wong-wong kuwi bakal ngakoni nèk wong-wong kuwi salah+ lan nèk nènèk moyangé ya salah lan ora setya. Wong-wong kuwi bakal ngakoni nèk wis ora setya lan nglawan Aku.+ 41  Mula, Aku bakal nggawa wong-wong kuwi+ menyang negarané mungsuhé kanggo nduduhké nèk Aku ya nglawan wong-wong kuwi.+ ”’Sapa ngerti wong-wong* sing ndableg kuwi isa rendah hati+ lan ngrasakké akibat saka kesalahané. 42  Terus, Aku bakal éling perjanjian-Ku karo Yakub,+ perjanjian-Ku karo Ishak,+ lan perjanjian-Ku karo Abraham.+ Aku ya bakal éling tanah kuwi. 43  Saksuwéné ditinggal, tanah kuwi bakal mbayar lunas sabat-sabaté+ lan tanah kuwi bakal ditelantarké. Wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat saka kesalahané merga wis nolak hukum-Ku lan sengit karo peraturan-Ku.+ 44  Senajan ngono, pas wong-wong kuwi ana ing negarané mungsuhé, Aku ora bakal bener-bener nolak+ utawa sengit karo wong-wong kuwi nganti kabèh Tak patèni. Merga nèk kaya ngono, berarti Aku nglanggar perjanjian-Ku+ karo wong-wong kuwi. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi. 45  Demi wong-wong kuwi, Aku bakal éling perjanjian-Ku+ karo nènèk moyangé sing wis Tak gawa metu saka Mesir ing ngarepé bangsa-bangsa.+ Kuwi kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahé wong-wong kuwi. Aku iki Yéhuwah.’” 46  Kuwi peraturan, keputusan hukum, lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Gunung Sinai.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wedi marang”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”Aku wis nugel kayu sing dipasang ing gulumu”.
Utawa ”nguber”.
Maksudé, ora bakal ana udan saka langit.
Maksudé, tanah bakal gersang merga ora ana udan.
Utawa ”pangananmu”.
Lit.: ”tongkat”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.
Utawa ”nindakké sabat”.
Utawa ”diuber”.
Utawa ”diuber”.
Lit.: ”atiné”.