Kaimaman 4:1-35

  • Persembahan dosa (1-35)

4  Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong sing nindakké dosa merga ora sengaja+ nindakké apa sing dilarang Yéhuwah, iki sing kudu ditindakké:  ”’Nèk imam+ sing dipilih* nindakké dosa+ lan nggawé wong sak bangsa dadi dosa, dhèwèké kudu mènèhké sapi lanang enom siji sing séhat marang Yéhuwah dadi persembahan dosa kanggo dosané kuwi.+  Dhèwèké kudu nggawa sapi kuwi menyang lawangé kémah pertemuan+ ing ngarepé Yéhuwah lan ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi, terus mbelèh sapi kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+  Bar kuwi, imam+ sing dipilih* mau kudu nggawa sebagéan getih sapi kuwi menyang njero kémah pertemuan.  Dhèwèké kudu nyelupké drijiné ing getihé+ sapi kuwi lan nyipratké getih kuwi ping pitu+ ing ngarepé Yéhuwah, ing ngarepé kordhèn sing ana ing panggonan suci.  Imam kuwi ya kudu ngolèské getihé sapi kuwi ing sungu-sunguné mézbah dupa wangi,+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran,+ sing ana ing lawangé kémah pertemuan.  ”’Terus, dhèwèké kudu njupuk kabèh gajihé sapi persembahan dosa mau, termasuk gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus,  lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 10  Sing dijupuk saka sapi lanang kuwi kudu padha kaya sapi lanang sing dadi korban kerukunan.*+ Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah persembahan bakaran. 11  ”’Ning kulit, daging, endhas, sikil,* usus, lan telèké,+ 12  yaiku kabèh bagéan liyané saka sapi kuwi, kudu digawa menyang njaba perkémahan, menyang panggonan khusus,* yaiku panggonan mbuwang awu.* Imam kudu ngobong kuwi ing ndhuwuré kayu.+ Kuwi kudu diobong ing panggonan mbuwang awu. 13  ”’Nèk kabèh wong Israèl nindakké kesalahan merga ora sengaja nindakké dosa,+ ning jemaat* kuwi ora sadhar nèk wis nindakké apa sing dilarang Yéhuwah,+ 14  lan akhiré wong-wong kuwi ngerti nèk wis nindakké dosa, jemaat* kuwi kudu nggawa sapi lanang enom siji menyang ngarepé kémah pertemuan lan mènèhké kuwi dadi persembahan dosa. 15  Ing ngarepé Yéhuwah, para pemimpiné* wong Israèl kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi, lan sapi kuwi kudu dibelèh ing ngarepé Yéhuwah. 16  ”’Terus, imam sing dipilih* kudu nggawa sebagéan getihé sapi kuwi menyang njero kémah pertemuan. 17  Imam kudu nyelupké drijiné ing getihé sapi kuwi lan nyipratké getih kuwi ping pitu ing ngarepé Yéhuwah, ing ngarepé kordhèn.+ 18  Imam kuwi ya kudu ngolèské getih kuwi ing sungu-sunguné mézbah+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran, sing ana ing lawangé kémah pertemuan.+ 19  Terus, imam kuwi kudu njupuk kabèh gajihé sapi kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah.+ 20  Sapi lanang iki kudu diwènèhké kaya sapi lanang persembahan dosa mau. Kuwi sing kudu ditindakké imam agung bèn dosané bangsa kuwi diapura,+ lan bangsa kuwi bakal diapura. 21  Dhèwèké bakal nggawa sapi kuwi menyang njaba perkémahan lan ngobong kuwi ing kana, kaya sing ditindakké marang sapi lanang sing mau.+ Kuwi persembahan dosa kanggo jemaat.*+ 22  ”’Nèk ana salah siji pemimpiné+ bangsa kuwi sing ora sengaja nindakké dosa lan dhèwèké salah merga nindakké apa sing dilarang Yéhuwah Gusti Allahé, 23  utawa nèk dhèwèké sadhar wis nglanggar préntahé Gusti Allah, dhèwèké kudu nggawa kambing lanang enom siji sing séhat dadi persembahan. 24  Dhèwèké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé kambing kuwi, terus mbelèh kuwi ing ngarepé Yéhuwah,+ ing panggonan mbelèh persembahan bakaran. Kuwi persembahan dosa. 25  Imam kudu nyelupké drijiné ing getih persembahan dosa kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu+ sing ana ing mézbah persembahan bakaran. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran.+ 26  Kabèh gajihé kambing kuwi kudu diobong ing mézbah, kaya gajih korban kerukunan.*+ Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané pemimpin mau diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura pemimpin kuwi. 27  ”’Nèk ana wong Israèl sing ora sengaja nindakké dosa lan dhèwèké salah merga nindakké apa sing dilarang Yéhuwah,+ 28  nèk dhèwèké sadhar wis nglanggar préntahé Gusti Allah, dhèwèké kudu nggawa kambing wédok enom siji sing séhat dadi persembahan kanggo dosa sing wis ditindakké. 29  Dhèwèké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé kambing kuwi, terus persembahan dosa kuwi dibelèh ing panggonan mbelèh persembahan bakaran.+ 30  Imam kudu nyelupké drijiné ing getih persembahan dosa kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah persembahan bakaran. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah.+ 31  Kabèh gajihé+ kambing kuwi kudu dijupuk, kaya gajih saka korban kerukunan.*+ Imam kudu ngobong kuwi ing mézbah dadi persembahan sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura dhèwèké. 32  ”’Ning, nèk dhèwèké arep mènèhké domba dadi persembahan dosa, dhèwèké kudu nggawa domba wédok enom siji sing séhat. 33  Dhèwèké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé kéwan persembahan dosa mau, terus mbelèh kuwi dadi persembahan dosa ing panggonan mbelèh persembahan bakaran.+ 34  Imam kudu nyelupké drijiné ing getih persembahan dosa kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah persembahan bakaran.+ Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah. 35  Kabèh gajihé kéwan kuwi kudu dijupuk kaya gajihé domba lanang enom kanggo korban kerukunan.* Imam kudu ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré persembahan sing diobong nganggo geni+ kanggo Yéhuwah. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong mau diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura dhèwèké.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”imam sing dilantik nganggo minyak”. Maksudé, imam agung.
Lit.: ”imam sing dilantik nganggo minyak”. Maksudé, imam agung.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Lit.: ”panggonan sing resik”.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.
Mungkin maksudé para pemimpin sing dadi wakilé jemaat.
Mungkin maksudé para pemimpin sing dadi wakilé jemaat.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”imam sing dilantik nganggo minyak”. Maksudé, imam agung.
Mungkin maksudé para pemimpin sing dadi wakilé jemaat.