Kaimaman 5:1-19

  • Dosa-dosa liyané lan persembahan sing kudu diwènèhké (1-6)

    • Nglaporké dosané wong liya (1)

  • Persembahané wong mlarat (7-13)

  • Persembahan kesalahan merga dosa sing ora disengaja (14-19)

5  ”’Nèk ana wong sing ndelok wong liya nindakké dosa,+ utawa wong kuwi ngerti soal dosa kuwi lan krungu nèk dibutuhké seksi* kanggo mènèhi kesaksian soal dosa kuwi, ning ora gelem mènèhi kesaksian, wong kuwi salah lan kudu tanggung jawab.  ”’Nèk ana wong sing ndemèk apa waé sing najis, misalé bathang kéwan liar sing najis, kéwan peliharaan sing najis, utawa kéwan-kéwan cilik liyané* sing najis,+ wong kuwi bakal dadi najis lan salah ing ngarepé Gusti Allah senajan ora sengaja pas ndemèk kuwi.  Nèk ana wong sing ora sengaja ndemèk apa waé sing marahi najis,+ dhèwèké bakal dadi najis ing ngarepé Gusti Allah senajan dhèwèké ngertiné bar nindakké kuwi.  ”’Nèk ana wong sing kesusu nggawé sumpah arep nindakké apa waé embuh kuwi sing apik utawa èlèk, ning akhiré sadhar nèk dhèwèké wis kesusu nggawé sumpah, dhèwèké tetep salah ing ngarepé Gusti Allah.*+  ”’Nèk ana wong sing salah ing ngarepé Gusti Allah merga nindakké salah siji sing disebutké mau,+ dhèwèké kudu ngakoni dosané.  Dhèwèké ya kudu mènèhké persembahan kesalahan marang Yéhuwah kanggo dosa sing ditindakké.+ Sing diwènèhké yaiku domba wédok siji utawa kambing wédok enom dadi persembahan dosa, terus para imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura.  ”’Nèk ora isa mènèhké domba utawa kambing, dhèwèké kudu mènèhké manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro dadi persembahan kesalahan marang Yéhuwah. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+  Dhèwèké kudu nggawa manuk kuwi marang imam. Pertama, imam bakal mènèhké manuk sing siji dadi persembahan dosa dhisik lan mbelèh guluné manuk kuwi ning ora nganti tugel.  Imam kudu nyipratké getihé manuk kuwi ing sisihé mézbah, ning ngecurké sisa getihé ing bagéan ngisor mézbah.+ Kuwi sing disebut persembahan dosa. 10  Manuk sing sijiné manèh kudu diwènèhké dadi persembahan bakaran kaya biasané.+ Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+ 11  ”’Nèk ora isa mènèhké manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, dhèwèké kudu nggawa sepersepuluh éfa*+ tepung alus dadi persembahan dosa. Tepung kuwi aja dicampur minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan dosa. 12  Dhèwèké kudu nggawa tepung kuwi marang imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan. Terus, kuwi diobong ing mézbah ing ndhuwuré persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kuwi sing disebut persembahan dosa. 13  Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi, yaiku salah siji dosa sing disebutké mau, isa diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+ Sisa persembahan kuwi bakal dadi duwèké para imam,+ kaya persembahan biji-bijian.’”+ 14  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 15  ”Nèk ana sing ora setya merga ora sengaja nglanggar hukum soal kabèh sing suci duwèké Yéhuwah,*+ dhèwèké kudu mènèhké domba lanang siji sing séhat dadi persembahan kesalahan marang Yéhuwah.+ Imam kudu nentokké regané domba kuwi pirang syèkel* pérak, nurut syèkel* panggonan suci.+ 16  Dhèwèké ya kudu mbayar ganti rugi merga nglanggar hukum soal panggonan suci, ditambah 20 persèn saka ganti rugi kuwi.+ Dhèwèké kudu nggawa kuwi marang imam. Terus, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi diapura+ liwat domba lanang sing dadi persembahan kesalahan kuwi, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+ 17  ”Nèk ana sing dosa merga nindakké apa sing dilarang Yéhuwah, senajan dhèwèké ora sengaja, dhèwèké tetep salah lan kudu nanggung akibaté.+ 18  Dhèwèké kudu nggawa domba lanang siji sing séhat marang imam dadi persembahan kesalahan.+ Regané domba kuwi kudu padha karo rega sing wis ditentokké imam. Terus, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ora sengaja ditindakké wong kuwi isa diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi. 19  Kuwi sing disebut persembahan kesalahan. Dhèwèké salah merga dosa marang Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”krungu nèk wong-wong wis padha ngutuk”. Kutukan iki mungkin maksudé kutukan marang wong sing nindakké dosa kuwi utawa marang wong sing sakjané ngerti soal dosa kuwi ning ora gelem mènèhi kesaksian.
Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.
Mungkin merga ora nepati sumpah kuwi.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
Maksudé perkara-perkara sing diwènèhké utawa disucèkké kanggo Yéhuwah.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.