Kidung Agung 1:1-17

  • Lagu sing paling apik (1)

  • Wong wédok Syulam (2-7)

  • Wong-wong wédok Yérusalèm (8)

  • Raja (9-11)

    • ”Aku bakal nggawèkké kowé perhiasan saka emas” (11)

  • Wong wédok Syulam (12-14)

    • ”Kekasihku kaya sak kanthong mur sing wangi” (13)

  • Gembala (15)

    • ”Sayangku, kowé ayu banget”

  • Wong wédok Syulam (16, 17)

    • ”Sayangku, kowé nggantheng banget” (16)

1  Lagu sing paling apik, sing digawé Salomo,+   ”Ambungen aku nganggo lambému,Rasa sayangmu luwih nyenengké timbang anggur.+   Ambuné minyak wangimu wangi banget.+ Jenengmu kaya minyak wangi sing diesokké.+ Kuwi sebabé cah-cah wédok seneng karo kowé.   Raja wis nggawa aku ing kamaré. Gawanen aku lunga.* Ayo lunga saka kéné. Ayo awaké dhéwé seneng-seneng. Ayo ngomongké rasa sayangmu marang aku, merga kuwi luwih nyenengké timbang anggur. Pantes waé wong-wong kuwi* seneng karo kowé.   Wong-wong wédok Yérusalèm, aku pancèn ireng, ning aku ayu,Kaya kémah Kédar,+ kaya kain kémahé+ Salomo.   Aja ndelok aku merga aku ireng. Aku ireng merga kena sinar matahari. Kakang-kakangku nyenèni akuLan ngongkon aku njaga kebon angguré,Ning kebon anggurku dhéwé malah ora tak jaga.   Wong sing tak sayangi, tulung kandhani aku,Ing endi kowé njaga ternakmu,+Lan ing endi ternakmu lèrèn pas awan. Tulung kandhani aku bèn aku ora wira-wiri ing antarané ternaké kanca-kancamuKaya wong wédok sing lagi sedhih.”   ”Wong wédok sing ayu dhéwé, nèk kowé ora ngerti,Mlakua ngetutké dalan sing diliwati ternak,Lan kowé kudu angon kambing-kambingmu sing isih cilik ing cedhak kémahé para gembala.”   ”Sayangku, kowé ayu kaya jaran wédok ing krétané Firaun.+ 10  Pipimu apik banget nganggo perhiasan,*Lan gulumu apik banget nganggo kalung. 11  Aku bakal nggawèkké kowé perhiasan saka emas,Lan perhiasan saka pérak.” 12  ”Wektu raja lungguh ing méjané,Minyak wangiku*+ ambuné nyebar. 13  Kanggoku, kekasihku kaya sak kanthong mur*+ sing wangiLan sing ana ing dhadhaku pas bengi. 14  Kekasihku kaya tanduran wangi*+Ing antarané kebon anggur ing Èn-gèdi.”+ 15  ”Sayangku, kowé ayu banget. Kowé pancèn ayu banget. Mripatmu kaya mripaté manuk dara.”+ 16  ”Sayangku, kowé nggantheng banget lan nyenengké.+ Suket ijo dadi panggonané awaké dhéwé turu. 17  Atap omahé awaké dhéwé* saka kayu aras* Lan wit juniper.*

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Tariken aku”.
Maksudé, wong-wong wédok enom.
Utawa mungkin ”ing antarané rambut sing diklabang”.
Lit.: ”Serèh wangiku”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”henna”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”omahé awaké dhéwé sing gedhé”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Wit sing bentuké kaya wit pinus, ambuné wangi, lan kayuné awèt.