Kidung Agung 2:1-17

  • Wong wédok Syulam (1)

    • ”Aku iki mung kembang liar”

  • Gembala (2)

    • ’Kekasihku kaya kembang lili’

  • Wong wédok Syulam (3-14)

    • ”Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné” (7)

    • Omongané gembala dibalèni (10b-14)

      • ”Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku” (10b, 13)

  • Kakang-kakangé wong wédok Syulam (15)

    • ”Cekelen rubah-rubah kuwi”

  • Wong wédok Syulam (16, 17)

    • ”Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku duwèké” (16)

2  ”Aku iki mung kembang liar* sing ana ing dataran pinggir laut,*Kembang lili sing ana ing lembah.”+   ”Ing antarané cah wédok,Kekasihku kaya kembang lili ing antarané semak berduri.”   ”Ing antarané cah lanang,Kekasihku kaya wit apel ing antarané wit-witan sing ana ing hutan. Aku péngin banget ngéyub ing ngisoré,Lan kanggoku buahé rasané legi.   Dhèwèké nggawa aku ing panggonan kanggo pésta.* Kabèh ngerti nèk rasa sayangé mung kanggo aku.   Wènèhana aku roti kismis lan apel,+Bèn aku seger lan kuwat. Aku ora nduwé tenaga merga aku lagi jatuh cinta.   Tangan kiwané ndemèk sirahku,Lan tangan tengené ndhekep aku.+   Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpahDemi kidang lanang karo kidang wédok+ ing padhang,Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.+   Aku krungu swarané kekasihku. Dhèwèké teka,Munggah gunung lan mlayu ngliwati bukit-bukit.   Kekasihku kaya kidang, kaya anak kidang.+ Dhèwèké ngadeg ing mburi témbok,Ndelok saka jendhéla,Saka celah-celah jendhéla. 10  Kekasihku ngomong karo aku,’Sayangku, ayo mréné,Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku. 11  Musim udan* wis rampung. Udané wis mandheg. 12  Kembang-kembangé wis padha mekar ing désa.+ Wis wektuné kanggo ngethoki cabang-cabangé wit anggur,+Lan swarané manuk derkuku isa dirungokké ing désané awaké dhéwé.+ 13  Buah ara wis mateng ing wité.+ Wit anggur ngembang lan wanginé nyebar. Sayangku, ayo mréné. Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku. 14  Kowé kaya manuk dara sing ana ing celah tebing watu,+Ing celahé lèrèng gunung. Aku péngin ketemu kowé lan krungu swaramu,+Merga kowé ayu lan swaramu apik.’”+ 15  ”Cekelen rubah-rubah kuwi,Rubah-rubah cilik sing ngrusak kebon anggur,Merga kebon anggurku lagi ngembang.” 16  ”Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku duwèké.+ Dhèwèké lagi njaga ternak+ ing antarané kembang lili.+ 17  Sayangku, ayo ndang baliKaya kidang+ utawa anak kidang+ ing gunung sing ana ing antarané awaké dhéwé,*Sakdurungé ana angin lan sakdurungé bayang-bayang ilang.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”safron”.
Utawa ”ing Syaron”.
Lit.: ”ing omah minuman anggur”.
Utawa ”Musim dingin”.
Utawa ”Pegunungan Bèter”.