Kidung Agung 3:1-11

  • Wong wédok Syulam (1-5)

    • ’Pas bengi, aku mikirké kekasihku’ (1)

  • Wong-wong wédok Zion (6-11)

    • Rombongané Salomo

3  ”Pas bengi ing panggonanku turu,Aku mikirké kekasihku.+ Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.+   Aku arep tangi lan ngubengi kutha. Aku arep nggolèki kekasihku,Ing dalan lan ing lapangan. Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.   Para penjaga sing ngubengi kutha ketemu karo aku lan tak takoni,+’Apa njenengan weruh kekasihku?’   Ora let suwé sakwisé ketemu para penjaga kuwi,Aku ketemu karo wong sing tak sayangi. Dhèwèké tak cekeli, ora bakal tak eculké Nganti aku nggawa dhèwèké ing omahé ibuku,+Ing omahé* ibu sing nglairké aku.   Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpahDemi kidang karo kidang wédok ing padhang,Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.”+   ”Sing teka saka padhang belantara kaya asap kuwi apa? Wanginé kaya mur* lan menyan,Lan ambuné kaya bedhak wangi saka pedagang.”+   ”Kuwi tandhuné* Salomo. Ing sak ubengé tandhu kuwi,Ana prajurit Israèl 60,+   Kabèh nduwé pedhang,Kabèh dilatih perang,Kabèh nduwé pedhang ing pinggangéBèn siap ngadhepi serangan pas bengi.”   ”Kuwi tandhuné Raja SalomoSing digawé Salomo saka wit ing Lébanon.+ 10  Cagak-cagaké digawé saka pérak,Sèndhèrané digawé saka emas,Lan kursiné saka wol ungu. Bagéan njeroné dihias karo wong-wong wédok YérusalèmNganggo rasa sayang.” 11  ”Wong-wong wédok Zion, ayo padha metu. Deloken Raja Salomo. Dhèwèké nganggo mahkota sing digawé ibuné+Pas dhèwèké arep nikah,Pas atiné lagi seneng.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”kamaré”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Kursi sing dipanggul kanggo nggawa raja utawa wong penting.