Kidung Agung 4:1-16

  • Gembala (1-5)

    • ”Sayangku, kowé ayu banget” (1)

  • Wong wédok Syulam (6)

  • Gembala (7-16a)

    • ”Calon bojoku, atiku wis dadi duwèkmu” (9)

  • Wong wédok Syulam (16b)

4  ”Sayangku, kowé ayu banget. Kowé pancèn ayu banget. Mripatmu sing ketutupan cadar kaya mripaté manuk dara. Rambutmu kaya kumpulan kambingSing mudhun saka Pegunungan Giléad.+   Untumu putih lan apik,Kaya kumpulan domba sing bar dicukur lan diadusi. Kabèh bentuké apik lan rapi banget,Lan ora ana sing ilang.   Lambému kaya pita abang,Lan omonganmu nyenengké. Pipimu sing ketutupan cadarKaya buah delima sing dibelah.   Gulumu+ kaya Menara Daud+ Sing dibangun nganggo watu sing ditata rapi. Ing ndhuwuré ana tamèng sèwu sing dicanthèlké,Yaiku tamèng bunder duwèké para prajurit sing kuwat.+   Payudaramu kaya anak kidang loro,Anak kidang kembar,+Sing mangan ing antarané kembang lili.”   ”Sakdurungé ana angin lan sakdurungé bayang-bayang ilang,Aku arep lunga ing gunung mur*Lan munggah ing bukit menyan.”+   ”Sayangku,+ kowé pancèn ayu banget. Kowé ora nduwé cacad.   Ayo lunga saka Lébanon karo aku, calon bojoku. Ayo lunga saka Lébanon.+ Mudhuna saka puncak Amana,Saka puncak Sénir, saka puncak Hèrmon,+Saka panggonané singa, saka gunungé macan tutul.   Sayangku, calon bojoku, atiku wis dadi duwèkmu.+ Aku dheg-dhegan merga kowé ndelok akuLan merga aku ndelok permata ing kalungmu. 10  Sayangku, calon bojoku, rasa sayangmu nggawé aku bahagia.+ Rasa sayangmu kuwi luwih nyenengké timbang anggur,+Lan minyak wangimu luwih wangi timbang kabèh minyak wangi.+ 11  Calon bojoku, lambému legi kaya madu murni.+ Ilatmu kaya susu lan madu,+Lan wanginé klambimu kaya wanginé hutan Lébanon. 12  Sayangku, calon bojoku, kowé kaya kebon sing dipageri,Kaya kebon sing dipageri, kaya mata air sing ditutup rapet. 13  Kowé* kaya kebon sing ditanduri wit delima, sing metu akèh buahé. Buah ing kebon kuwi apik-apik, lan ing kono ya ana tanduran-tanduran wangi, 14  Tanduran sing akaré wangi,+ kembang liar,* suket wangi,*+ kayu manis,+Mur, gaharu,*+ kabèh jenis wit menyan,Lan kabèh tanduran sing ambuné wangi.+ 15  Kowé kaya mata air ing kebon, sing banyuné seger banget,Lan kaya kali sing mili saka Lébanon.+ 16  Angin saka lor, ayo tangi. Angin saka kidul, ayo teka. Ayo teka ing kebonku,Bèn wanginé nyebar.” ”Muga-muga kekasihku teka ing kebonéLan mangan buah-buah sing paling apik.”

Katrangan Tambahan

Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Kulitmu”.
Lit.: ”safron”.
Basa Inggrisé calamus.
Wit sing kayuné wangi. Ing jaman mbiyèn, kuwi biasané dienggo nggawé minyak wangi.