Kidung Agung 6:1-13

  • Wong-wong wédok Yérusalèm (1)

  • Wong wédok Syulam (2, 3)

    • ”Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku duwèké” (3)

  • Raja (4-10)

    • ”Kowé ayu banget kaya kutha Tirza” (4)

    • Omongané wong-wong wédok dibalèni (10)

  • Wong wédok Syulam (11, 12)

  • Raja (lan sing liyané) (13a)

  • Wong wédok Syulam (13b)

  • Raja (lan sing liyané) (13c)

6  ”Kowé, wong wédok sing paling ayu,Kekasihmu ing endi? Kekasihmu lunga ing endi? Ayo digolèki bareng-bareng.”   ”Kekasihku lunga ing keboné,Ing taman sing ditanduri tanduran wangi. Kekasihku njaga ternak ing konoKaro methik kembang lili.+   Kekasihku kuwi duwèkku,Lan aku duwèké.+ Dhèwèké lagi njaga ternak ing antarané kembang lili.”+   ”Sayangku,+ kowé ayu banget kaya kutha Tirza,*+ Lan apik banget kaya kutha Yérusalèm,+Kowé kétok hébat kaya prajurit sing arep perang.+   Mbok aja ndelok+ aku terus,Aku dadi dheg-dhegan. Rambutmu kaya kumpulan kambingSing mudhun saka Pegunungan Giléad.+   Untumu putih lan apik,Kaya kumpulan domba sing bar diadusi. Kabèh bentuké apik lan rapi banget,Lan ora ana sing ilang.   Pipimu sing ketutupan cadarKaya buah delima sing dibelah.   Ing kéné ana ratu 60Lan selir 80. Aku ya nduwé wong wédok akèh banget.+   Ning, mung dhèwèké sing kaya manuk dara kanggo aku,+ dhèwèké ora ana cacadé. Kanggoné ibuné, dhèwèké sing paling istiméwa. Dhèwèké anak kesayangané ibuné.* Cah-cah wédok ndelok dhèwèké lan ngomong nèk dhèwèké bahagia,Para ratu lan selir padha muji dhèwèké. 10  ’Dhèwèké kaya cahaya pas ésuk,Kaya bulan purnama sing apik banget,Kaya cahaya matahari sing padhang,Lan kétok hébat kaya prajurit sing arep perang.’”+ 11  ”Aku lunga ing kebon buah-buahan+Arep ndelok apa ana tunas sing wis thukul ing lembah,*Apa wit anggur wis metu tunasé,*Lan apa wit delima wis metu kembangé. 12  Saking pénginé ndelok,Aku nganti ora sadharNèk aku wis ana ing cedhak krétané wong-wong penting.”* 13  ”Ayo mréné manèh, wong wédok Syulam. Ayo mréné, ayo mréné,Bèn aku isa ndelok kowé manèh.” ”Ngapa kok njenengan péngin ndelok wong wédok Syulam kaya aku?”+ ”Merga nèk ndelok kowé, kuwi kaya ndelok tariané rong kelompok.”*

Katrangan Tambahan

Utawa ”Kutha sing Nyenengké”.
Lit.: ”paling suci kanggo ibuné”.
Utawa ”wadi”.
Utawa ”metu kuncupé”.
Utawa mungkin ”para pejabat”.
Utawa ”tarian Mahanaim”.