Kidung Agung 7:1-13

  • Raja (1-9a)

    • ’Sayangku, kowé nyenengké banget’ (6)

  • Wong wédok Syulam (9b-13)

    • ”Aku duwèké kekasihku. Mung aku sing dipéngini kekasihku.” (10)

7  ”Cah wédok sing apikan,Sikilmu sing nganggo sandhal kuwi apik banget. Bentuké pinggangmu kaya perhiasan,Sing digawé tukang sing trampil.   Pusermu kaya mangkok bunder,Sing ora tau kekurangan anggur. Wetengmu kaya tumpukan gandum,Sing diubengi kembang lili.   Payudaramu kaya anak kidang loro,Anak kidang kembar.+   Gulumu+ kaya menara saka gading.+ Mripatmu+ kaya kolam ing Hésbon,+Sing ana ing cedhaké Bat-rabim. Irungmu kaya menara ing LébanonSing madhep Damaskus.   Sirahmu kaya Gunung Karmèl+ sing apik banget. Rambutmu*+ kaya wol ungu.+ Raja kesengsem karo rambutmu sing dawa lan apik.   Sayangku, kowé ayu lan nyenengké banget,Luwih saka apa waé sing nyenengké.   Pawakanmu kaya wit palem,Lan payudaramu kaya buah kurma sak grombol.+   Aku ngomong, ’Aku bakal mènèk wit palem kuwiBèn isa methik buahé.’ Muga-muga payudaramu kaya buah anggur sak grombol. Ababmu wangi kaya apel,   Lan cangkemmu kaya anggur sing paling apik.” ”Muga-muga kuwi mili kanggo kekasihku,Mili ing lambéné kekasihku sing lagi turu. 10  Aku duwèké kekasihku.+ Mung aku sing dipéngini kekasihku. 11  ”Kekasihku, ayo mréné,Ayo lunga ing ladhang,Ayo manggon ing antarané tanduran wangi.*+ 12  Ayo tangi ésuk-ésuk, terus lunga ing kebon anggur,Bèn isa ndelok apa wit anggur wis metu tunasé*Lan apa kembangé wis mekar,+Ndelok apa wit delima wis metu kembangé.+ Ing kana, aku bakal nduduhké rasa sayangku marang kowé.+ 13  Ambuné buah nyebar+ tekan ngendi-endi. Ana akèh buah ing ngarep lawang,+Sing lagi waé dipethik utawa sing wis suwé disimpen. Kuwi kabèh tak simpen kanggo kowé, sayangku.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Sirahmu”.
Utawa ”henna”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”metu kuncupé”.