Injil Lukas 13:1-35

  • Mertobat utawa mati (1-5)

  • Perumpamaan soal wit ara sing ora metu buahé (6-9)

  • Wong wédok sing bungkuk dimarèkké pas dina Sabat (10-17)

  • Perumpamaan soal biji sing cilik banget lan soal ragi (18-21)

  • Kudu ngupaya bèn isa mlebu liwat lawang sing sempit (22-30)

  • Hérodès, ”wong licik” (31-33)

  • Yésus sedhih merga Yérusalèm (34, 35)

13  Wektu kuwi, ana wong sing ngandhani Yésus nèk Pilatus matèni wong Galiléa sing lagi mènèhké korban.  Yésus njawab, ”Apa mbok pikir wong Galiléa sing mati kuwi dosané luwih gedhé timbang wong Galiléa liyané?  Ora. Ning kowé tak kandhani, nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.+  Apa mbok pikir wong 18 sing mati kambrukan menara ing Siloam kuwi salahé luwih akèh timbang wong-wong liyané ing Yérusalèm?  Ora. Ning kowé tak kandhani, nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.”  Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki, ”Ana wong sing nduwé wit ara ing kebon angguré. Dhèwèké lunga ing keboné merga arep nggolèk buah ing wit kuwi, ning wit kuwi babar blas ora ana buahé.+  Mula, dhèwèké ngomong karo tukang keboné, ’Wis telung taun aku ngentèni wit ara iki ngetokké buah, ning ora tau ana. Tegoren waé wit iki. Percuma wit iki thukul, ning ora metu buahé.’  Ning, tukang keboné njawab, ’Ndara, coba dientèni setaun manèh. Aku tak nggali lemah ing sak ubengé, terus bakal tak wènèhi pupuk.  Sapa ngerti taun ngarep wit iki metu buahé. Ning nèk ora, ya wis ditegor waé.’”+ 10  Terus, pas dina Sabat, Yésus mulang ing sinagogé.* 11  Ing kono, ana wong wédok sing wis 18 taun lara merga diganggu roh jahat. Dhèwèké bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg. 12  Wektu ndelok wong wédok kuwi, Yésus ngundang* wong wédok kuwi lan kandha, ”Bu, penyakitmu bakal tak marèkké.”+ 13  Pas Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wédok kuwi, wong wédok kuwi langsung ngadeg jejeg. Terus, wong wédok kuwi ngluhurké Gusti Allah. 14  Ning, ketua sinagogé ing kono dadi nesu merga Yésus marèkké wong pas dina Sabat. Dhèwèké kandha marang wong akèh, ”Ana enem dina kanggo kerja.+ Nèk péngin dimarèkké, tekaa pas dina-dina kuwi. Aja teka pas dina Sabat.”+ 15  Ning, Gusti Yésus njawab, ”Kowé kuwi wong munafik.+ Pas dina Sabat, kowé kan ya ngeculké sapi utawa keledaimu saka kandhang lan nggawa kéwan kuwi bèn isa mbok ombèni, ta?+ 16  Wong wédok iki, dhèwèké kuwi keturunané Abraham lan wis 18 taun digawé sengsara karo Sétan. Mesthiné dhèwèké ya éntuk dimarèkké pas dina Sabat, ta?” 17  Wektu krungu kuwi, kabèh wong sing nentang Yésus dadi kisinan. Ning, sing liyané seneng banget merga ndelok tumindaké Yésus sing luar biasa.+ 18  Terus Yésus kandha, ”Kerajaané Gusti Allah kuwi isa dipadhakké karo apa lan kaya apa? 19  Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya biji sing cilik banget* sing ditandur wong ing keboné. Terus, biji kuwi thukul lan dadi wit. Manuk-manuk ing langit nggawé susuh ing cabang-cabangé.”+ 20  Yésus kandha manèh, ”Kerajaané Gusti Allah kuwi isa dipadhakké karo apa? 21  Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wédok lan dicampur karo tepung sing akèhé telung takeran gedhé* nganti kabèh adonan kuwi ngembang.”+ 22  Pas perjalanan menyang Yérusalèm, Yésus ngliwati kutha-kutha lan désa-désa lan mulang wong-wong. 23  Terus, ana wong lanang sing takon, ”Gusti, apa wong sing dislametké kuwi mung sithik?” Yésus njawab, 24  ”Kowé kudu ngupaya sak kuwat tenagamu bèn isa mlebu liwat lawang sing sempit.+ Kowé tak kandhani, akèh sing péngin mlebu, ning ora isa. 25  Wektu sing nduwé omah wis ngancing lawangé, kowé bakal ngadeg ing njaba lan dhodhog-dhodhog karo kandha, ’Ndara, bukaken lawangé.’+ Ning, sing nduwé omah bakal njawab, ’Aku ora kenal karo kowé.’ 26  Terus kowé bakal kandha, ’Aku tau mangan lan ngombé bareng karo njenengan. Njenengan ya tau mulang ing dalan-dalan utama ing kuthaku.’+ 27  Ning, sing nduwé omah bakal njawab, ’Aku ora kenal karo kowé. Lungaa kana, hé kowé wong-wong sing nindakké kejahatan.’ 28  Kowé bakal ndelok Abraham, Ishak, Yakub, lan kabèh nabi, ana ing Kerajaané Gusti Allah. Ning, kowé dhéwé bakal diuncalké menyang njaba. Ing kana, kowé bakal nangis lan putus asa.*+ 29  Sakliyané kuwi, wong-wong bakal teka saka wétan, kulon, lor, lan kidul, terus lungguh lan mangan bareng ing Kerajaané Gusti Allah. 30  Pancèn, sing terakhir bakal dadi sing pertama, lan sing pertama bakal dadi sing terakhir.”+ 31  Wektu kuwi, ana wong-wong Farisi sing marani Yésus lan kandha, ”Hérodès arep matèni kowé. Kana, lungaa saka kéné.” 32  Yésus njawab, ”Kandhanana wong licik* kuwi, ’Dina iki lan sésuk, aku ngusir roh-roh jahat lan marèkké wong. Ing dina ketelu, gawéanku bakal rampung.’ 33  Ning, aku bakal neruské gawéanku dina iki, sésuk, lan sésuké manèh. Aku ya bakal neruské perjalananku, merga ora mungkin nabi dipatèni ing panggonan liya sakliyané Yérusalèm.+ 34  Hé wong-wong ing Yérusalèm, kowé wis matèni para nabi lan mbandhemi* wong-wong sing diutus marani kowé.+ Wis bola-bali aku péngin nglumpukké kowé kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor sayapé. Ning kowé wegah.+ 35  Kuwi sebabé Gusti Allah bakal ninggalké omahmu.*+ Kowé tak kandhani, kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.’”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken ctn. ing Mat. 13:31.
Lit.: ”takeran séa”. 1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Lit.: ”rubah”. Ing Israèl, rubah dianggep kéwan sing licik.
Utawa ”mbalangi”.
Maksudé, bait.
Deloken Lamp. A5.