Injil Lukas 16:1-31

  • Perumpamaan soal pengurus sing ora bener (1-13)

    • ”Wong sing setya karo perkara sing cilik ya bakal setya karo perkara sing gedhé” (10)

  • Taurat lan Kerajaané Gusti Allah (14-18)

  • Perumpamaan soal wong sugih lan Lazarus (19-31)

16  Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ana wong sugih sing nduwé pengurus.* Pengurus kuwi ditudhuh ngentèk-entèkké hartané majikané.  Mula, pengurus mau diundang* majikané lan diomongi ngéné, ’Aku krungu laporan sing ora apik soal kowé. Saiki wènèhna laporan keuanganmu, merga kowé wis ora tak ijinké manèh ngurus omahku.’  Terus, pengurus kuwi mikir, ’Aku kudu piyé, ya? Sedhéla manèh majikanku arep mecat aku. Aku wis ora kuwat nèk kudu kerja ing ladhang. Aku ya isin nèk kudu ngemis.  Oh ya, aku ngerti piyé carané bèn wektu aku dipecat, wong-wong gelem nampa aku ing omahé.’  Terus, pengurus kuwi ngundang* wong-wong sing nduwé utang marang majikané. Dhèwèké nakoni wong sing pertama, ’Kowé utang pira karo majikanku?’  Wong sing pertama kuwi njawab, ’Satus takeran* minyak zaitun.’ Pengurus kuwi kandha, ’Iki tak balèkké surat perjanjian utangmu. Lungguha, lan saiki tulisen dadi 50.’  Terus, pengurus kuwi nakoni wong liyané, ’Nèk utangmu pira?’ Wong kuwi njawab, ’Satus takeran gedhé* gandum.’ Pengurus kuwi kandha, ’Iki tak balèkké surat perjanjian utangmu. Lungguha, lan saiki tulisen dadi 80.’  Senajan pengurus kuwi ora bener, ning pengurus kuwi dialem majikané merga pinter nggunakké akalé.* Pancèn, soal urusan karo wong-wong sak jamané, wong-wong ing jaman iki* kebukti luwih pinter nggunakké akalé timbang umaté Gusti Allah.*+  ”Kowé tak kandhani manèh: Gunakna harta saka donya iki*+ kanggo nggolèk kanca. Dadi, pas harta kuwi entèk, kanca-kancamu kuwi bakal nampa kowé ing panggonan kanggo urip saklawasé.+ 10  Wong sing setya* karo perkara sing cilik ya bakal setya* karo perkara sing gedhé. Wong sing ora setya karo perkara sing cilik ya ora bakal setya karo perkara sing gedhé. 11  Mula, nèk kowé ora setya wektu nggunakké harta saka donya iki,* ya ora bakal ana sing gelem mercayakké harta sing sejati marang kowé. 12  Terus, nèk kowé ora setya wektu ngurus hartané wong liya, ya ora bakal ana sing mènèhi kowé upah sing kuduné isa mbok tampa.+ 13  Ora ana abdi sing isa dadi budhak kanggo majikan loro, sebab dhèwèké bakal sengit marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.”+ 14  Sakwisé krungu omongané Yésus kuwi, wong Farisi mulai ngécé Yésus,+ merga wong Farisi kuwi wong sing mentingké dhuwit. 15  Mula, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi péngin kétok bener ing ngarepé manungsa,+ ning Gusti Allah ngerti isi atimu.+ Apa sing dianggep penting karo manungsa sakjané ora penting kanggoné Gusti Allah.+ 16  ”Nganti jamané Yohanes, Taurat lan Tulisané Para Nabi mènèhi ramalan soal apa sing bakal kelakon. Kèt wektu kuwi, Kerajaané Gusti Allah diumumké dadi kabar apik, lan saben wong ngupaya tenanan bèn isa mlebu ing kono.+ 17  Percayaa, senajan langit lan bumi iki isa waé ora ana, tapi bagéan huruf sing paling cilik ing Taurat bakal terus ana nganti kabèh kuwi kelakon.+ 18  ”Nèk ana wong lanang sing megat bojoné lan nikah karo wong wédok liyané, wong kuwi nindakké laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat bojoné mau ya nindakké laku jina.+ 19  ”Ana wong sugih sing nganggo klambi ungu lan kain linèn sing larang regané. Dhèwèké urip méwah saben dina. 20  Terus, ana pengemis sing jenengé Lazarus. Awaké Lazarus kebak gudhig, lan dhèwèké kerep lungguh ing ngarep gerbangé wong sugih kuwi. 21  Lazarus péngin banget mangan sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih kuwi. Asu-asu ya kerep teka lan ndilati gudhigé. 22  Akhiré Lazarus mati, lan para malaékat nggawa dhèwèké ing sisihé Abraham.* ”Wong sugih kuwi ya mati lan dikubur. 23  Wektu lagi ngrasakké sengsara ing Kuburan,* wong sugih kuwi ndhangak. Dhèwèké ndelok Abraham saka kadohan, lan ana Lazarus ing sisihé Abraham.* 24  Terus, wong sugih kuwi mbengok, ’Bapak Abraham, tulung mesakké aku. Kongkonen Lazarus nyelupké pucuk drijiné ing banyu lan nètèské banyu kuwi ing ilatku. Aku sengsara banget ing geni sing murub iki.’ 25  Abraham njawab, ’Lé, élinga nèk pas kowé isih urip, kowé wis nampa akèh perkara sing apik, ning Lazarus sengsara banget. Saiki, Lazarus ing kéné kepénak, ning kowé sengsara banget. 26  Sakliyané kuwi, ana jurang sing gedhé ing antarané awaké dhéwé. Saka kéné, ora ana sing isa nyabrang ing panggonanmu, lan saka kana ya ora ana sing isa nyabrang ing panggonanku.’ 27  Terus, wong sugih mau kandha, ’Nèk ngono Pak, aku njaluk tulung bèn njenengan ngongkon Lazarus mara ing omahé bapakku. 28  Aku isih nduwé sedulur lima. Kongkonen dhèwèké ngélingké sedulur-sedulurku bèn ora mlebu ing panggonan sing marahi sengsara iki.’ 29  Ning Abraham kandha, ’Sedulur-sedulurmu kan wis nduwé tulisané Musa lan Tulisané Para Nabi, ya bèn kuwi waé sing dirungokké sedulur-sedulurmu.’+ 30  Terus, wong kuwi kandha, ’Bapak Abraham, sedulur-sedulurku ora bakal ngrungokké kuwi. Ning, nèk ana wong mati sing urip manèh lan nemoni sedulur-sedulurku, sedulur-sedulurku mesthi bakal mertobat.’ 31  Tapi, Abraham kandha, ’Nèk sedulur-sedulurmu ora ngrungokké tulisané Musa+ lan Tulisané Para Nabi, sedulur-sedulurmu ya ora bakal ngrungokké wong mati sing urip manèh.’”

Katrangan Tambahan

Utawa ”wong sing dipercaya ngurus omah”.
Utawa ”diceluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”takeran bat”. 1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Satus takeran kor”. 1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”merga wicaksana”.
Lit.: ”anak-anaké sistem donya iki”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”anak-anaké terang”.
Lit.: ”Gunakna kekayaan sing ora bener”.
Utawa ”isa dipercaya”.
Utawa ”isa dipercaya”.
Lit.: ”nggunakké kekayaan sing ora bener”.
Lit.: ”ing dhadhané Abraham”.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ing dhadhané Abraham”.