Injil Markus 3:1-35

  • Wong lanang sing tangané lumpuh dimarèkké (1-6)

  • Kumpulan wong ing pantai (7-12)

  • Rasul 12 (13-19)

  • Ngrèmèhké roh suci (20-30)

  • Ibu lan adhi-adhiné Yésus (31-35)

3  Yésus mlebu ing sinagogé* manèh. Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+  Wong Farisi péngin nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong Farisi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong kuwi pas dina Sabat.  Yésus ngomong karo wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Mrénéa, ngadega ing tengah.”  Terus, Yésus takon marang wong Farisi, ”Menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ Ning, wong-wong kuwi meneng waé.  Yésus jèngkèl pas ndelok wong-wong kuwi. Dhèwèké ya sedhih banget merga ngerti nèk wong-wong kuwi ora tanggap.+ Terus, Yésus ngomong karo wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané mari.  Wong Farisi sing ana ing kono langsung metu lan sekongkol karo para pengikuté partai Hérodès+ kanggo matèni Yésus.  Terus, Yésus lunga menyang pinggir laut bareng karo murid-muridé. Akèh wong saka Galiléa lan Yudéa ngetutké Yésus.+  Malah, wong-wong saka Yérusalèm, Iduméa, sabrangé Kali Yordan, lan dhaérah sekitaré Tirus lan Sidon ya teka marani Yésus. Wong-wong kuwi wis krungu akèh soal apa sing ditindakké Yésus.  Yésus ngongkon murid-muridé nyiapké prau cilik supaya dhèwèké ora kedhesek-dhesek wong akèh kuwi. 10  Yésus wis marèkké wong akèh, mula akèh wong sing lara parah dhesek-dhesekan bèn isa ndemèk Yésus.+ 11  Malah saben ketemu Yésus, roh-roh jahat*+ bakal sujud ing ngarepé Yésus karo mbengok, ”Kowé Anaké Gusti Allah.”+ 12  Tapi, Yésus bola-bali tegas nglarang roh-roh jahat* kuwi crita soal dhèwèké.+ 13  Bar kuwi, Yésus munggah ing gunung lan ngundang* murid-murid sing wis dhèwèké pilih,+ lan murid-murid kuwi ngetutké Yésus.+ 14  Murid-murid sing dipilih kuwi jumlahé ana 12, lan Yésus nyebut wong 12 kuwi rasul-rasul. Wong 12 kuwi sing bakal ngancani Yésus lan diutus kanggo martakké kabar apik. 15  Wong-wong kuwi ya bakal diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat.+ 16  Wong 12+ sing dipilih Yésus kuwi, yaiku Simon, sing ya dijenengi Pétrus,+ 17  Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes seduluré Yakobus (Yésus ya njenengi wong loro kuwi Boanèrgès, sing artiné ”Anak-Anak Bledhèg”),+ 18  Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon wong Kanani,* 19  lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus. Terus, Yésus mlebu ing salah siji omah. 20  Ning, akèh wong teka manèh marani Yésus nganti Yésus lan murid-muridé ora kober mangan. 21  Wektu krungu soal kuwi, sedulur-seduluré Yésus mara merga arep nggawa Yésus lunga. Sedulur-seduluré Yésus kandha, ”Dhèwèké kuwi wis édan.”+ 22  Sakliyané kuwi, para ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm kandha, ”Dhèwèké kesurupan Béèlzébul.* Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh-roh jahat.”+ 23  Terus, Yésus ngundang* wong-wong kuwi lan ngomong nggunakké perumpamaan, ”Apa isa Sétan ngusir Sétan? 24  Nèk ing kerajaan rakyaté padu dhéwé-dhéwé, kerajaan kuwi mesthi bakal hancur.+ 25  Nèk ing keluarga wongé ora rukun, keluarga kuwi mesthi bakal hancur. 26  Padha kaya kuwi, nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, dhèwèké bakal hancur lan lenyap. 27  Ora ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi. Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok. 28  Percayaa, kabèh dosa sing ditindakké manungsa lan omongané sing ngrèmèhké bakal diapura. 29  Ning, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura.+ Dosa kuwi ora bakal diapura saklawasé.”+ 30  Yésus ngomongké kuwi kabèh, merga wong-wong kandha, ”Dhèwèké kesurupan roh jahat.”*+ 31  Wektu kuwi, ibuné Yésus lan adhi-adhiné lanang+ teka. Wong-wong kuwi ngadeg ing njaba lan ngongkon wong kanggo ngundang* Yésus.+ 32  Wong-wong sing lungguh ing sekitaré Yésus kandha, ”Ibumu lan adhi-adhimu lanang ana ing njaba lagi nggolèki njenengan.”+ 33  Ning Yésus njawab, ”Sapa ibuku, lan sapa adhi-adhiku?” 34  Terus, Yésus ndelok wong-wong sing lungguh ing sekitaré lan kandha, ”Iki ibuku lan adhi-adhiku.+ 35  Sapa waé sing nindakké karepé Gusti Allah kuwi adhiku lanang, adhiku wédok, lan ibuku.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”roh-roh najis”.
Lit.: ”roh-roh najis”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”wong sing semangat”.
Sebutan kanggo Sétan.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”nyeluk”.