Injil Markus 5:1-43

  • Yésus ngéntukké roh-roh jahat mlebu ing babi-babi (1-20)

  • Anaké wédok Yairus; wong wédok ndemèk klambi njabané Yésus (21-43)

5  Yésus lan murid-muridé tekan ing sabrang laut, ing dhaérahé wong Gérasa.+  Sakwisé Yésus mudhun saka prau, ana wong lanang sing kesurupan roh jahat* teka saka kuburan lan marani Yésus.  Wong kuwi biasa manggon ing kuburan. Nganti wektu kuwi, ora ana sing isa nalèni dhèwèké senajan nganggo ranté.  Sakjané, tangan lan sikilé wis kerep diranté, ning dhèwèké isa medhot lan ngrusak ranté kuwi. Ora ana wong sing cukup kuwat sing isa ngalahké dhèwèké.  Saben awan lan bengi, dhèwèké bengok-bengok ing kuburan lan ing gunung. Dhèwèké ya ngantemi* awaké nganggo watu.  Wektu ndelok Yésus saka kadohan, dhèwèké langsung mlayu marani Yésus lan sujud.+  Terus, dhèwèké mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Anaké Gusti Allah sing Mahaluhur? Kowé kudu sumpah demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal nyiksa aku.”+  Dhèwèké mbengok kaya ngono merga Yésus bar ngomong, ”Roh jahat,* metua saka wong iki.”+  Mula, Yésus takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Jenengku Lègiun,* merga jumlahku akèh banget.” 10  Roh-roh kuwi terus njaluk karo Yésus bèn ora dikongkon lunga saka dhaérah kono.+ 11  Wektu kuwi, ana sak kumpulan babi+ lagi mangan ing bukit.+ 12  Roh-roh kuwi njaluk marang Yésus, ”Préntahna aku bèn mlebu ing babi-babi kuwi.” 13  Terus, Yésus ngéntukké roh-roh kuwi mlebu ing babi-babi kuwi. Mula, roh-roh jahat* kuwi metu lan mlebu ing babi-babi sing jumlahé kira-kira 2.000. Bar kuwi, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing laut nganti akhiré mati kleleb. 14  Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan nyritakké kuwi marang wong-wong ing kutha lan ing dhaérah sekitaré. Wong-wong sing krungu crita kuwi padha teka merga péngin ngerti apa sing sakjané kelakon.+ 15  Pas ketemu Yésus, wong-wong kuwi ndelok nèk wong lanang sing mauné kesurupan Lègiun kuwi lagi lungguh, wis nganggo klambi, lan pikirané wis waras. Mula, wong-wong kuwi dadi wedi. 16  Wong-wong sing ndelok peristiwa mau crita karo wong-wong sing teka soal apa sing dialami wong lanang sing kesurupan kuwi lan soal babi-babi kuwi. 17  Mula, wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus lunga saka dhaérah kuwi.+ 18  Wektu Yésus numpak prau, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi njaluk bèn isa mèlu Yésus.+ 19  Ning, Yésus ora ngéntukké wong kuwi mèlu. Yésus ngomong, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah* kanggo kowé. Critakna nèk Dhèwèké wis mesakké karo kowé.” 20  Terus, wong lanang kuwi lunga lan mulai nyritakké ing Dékapolis* soal kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké. Mula, wong-wong dadi nggumun. 21  Yésus numpak prau lan lunga manèh ing sabrang. Wektu Yésus isih ana ing pinggir laut, akèh wong marani Yésus.+ 22  Terus, salah siji ketua sinagogé* sing jenengé Yairus teka mrono. Wektu ndelok Yésus, dhèwèké sujud ing sikilé Yésus.+ 23  Dhèwèké terus njaluk marang Yésus lan ngomong, ”Anakku wédok sing isih cilik lara parah.* Tulung njenengan mara ing omahku, lan tumpangna tanganmu ing ndhuwuré,+ supaya dhèwèké mari lan tetep urip.” 24  Terus, Yésus lunga karo dhèwèké. Akèh wong ngetutké Yésus lan dhesek-dhesekan ing mburiné. 25  Ana wong wédok sing wis 12 taun+ lara pendarahan.+ 26  Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, ning dhèwèké malah digawé saya sengsara.* Kabèh hartané wis entèk, ning dhèwèké ora mari lan malah dadi saya parah. 27  Wektu krungu soal Yésus, dhèwèké ndhesel ing antarané wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Terus, dhèwèké ndemèk klambi njabané Yésus+ 28  merga dhèwèké terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.”+ 29  Wektu kuwi, pendarahané langsung mandheg. Wong wédok kuwi isa ngrasakké nèk awaké wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara. 30  Yésus langsung krasa nèk ana kuwasa+ sing metu saka dhèwèké. Terus, Yésus méngo lan ndelok kumpulan wong kuwi. Yésus takon, ”Sapa sing ndemèk klambi njabaku?”+ 31  Murid-murid kandha, ”Guru, ngapa kok njenengan takon sapa sing ndemèk njenengan? Sing dhesek-dhesekan ing mburiné njenengan kan akèh banget.” 32  Ning, Yésus tetep ndelok sekitaré merga péngin ngerti sapa sing ndemèk dhèwèké. 33  Wong wédok kuwi kewedèn lan ndredheg merga ngerti sing dhèwèké alami. Mula, wong wédok kuwi nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus, terus dhèwèké nyritakké sing saktenané. 34  Yésus kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Muliha, lan ora usah kuwatir.+ Kowé wis mari saka penyakit sing nggawé kowé sengsara.”+ 35  Wektu Yésus lagi ngomong, wong-wong lanang saka omahé Yairus teka lan ngandhani Yairus, ”Anakmu wédok wis mati. Aja ngrépoti Guru manèh.”+ 36  Ning, wektu krungu omongan kuwi, Yésus kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir. Kowé mung kudu nduwé iman.”+ 37  Yésus ora ngéntukké wong akèh kuwi mèlu dhèwèké. Sing éntuk mèlu mung Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré Yakobus.+ 38  Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ndelok ing kono wis ramé banget, lan wong-wong lagi nangis banter banget.+ 39  Sakwisé mlebu omah, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé nangis lan padha ramé-ramé ing kéné? Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 40  Yésus malah diguyu karo wong-wong. Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi metu. Bar kuwi, Yésus ngejak murid-muridé sing mèlu dhèwèké lan wong tuwané cah wédok kuwi mlebu ing panggonané cah wédok kuwi diturokké. 41  Yésus nyekel tangané cah wédok kuwi lan kandha, ”Talita kumi,” sing nèk diterjemahké artiné: ”Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia.”+ 42  Cah wédok kuwi langsung tangi lan mlaku. (Umuré 12 taun.) Kuwi nggawé wong tuwané seneng banget. 43  Ning, Yésus bola-bali ngandhani* wong-wong kuwi bèn ora nyritakké kuwi karo wong liya.+ Yésus ya ngongkon bèn cah wédok kuwi diwènèhi mangan.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”ngamplengi”.
Lit.: ”Roh najis”.
Lit.: ”roh-roh najis”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”arep mati”.
Utawa ”kelaran”.
Utawa ”tegas ngandhani”.