Mikha 1:1-16

  • Samaria lan Yéhuda diadili (1-16)

    • Penyebabé yaiku dosa lan pembrontakan (5)

1  Ing jamané Yotam,+ Ahaz,+ lan Hizkia,+ yaiku raja-raja Yéhuda,+ Yéhuwah kandha marang Mikha*+ liwat wahyu soal Samaria lan Yérusalèm. Mikha kuwi asalé saka Morèsyèt. Mikha kandha,   ”Bangsa-bangsa, padha rungokna. Bumi lan sak isiné, padha gatèkna. Yéhuwah ana ing baité sing suci,Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngadili kowé.+   Yéhuwah metu saka panggonané. Dhèwèké bakal mudhun lan ngidak-idak panggonan-panggonan dhuwur ing bumi.   Gunung-gunung bakal melèlèh ing ngisoré,+Lan bukit-bukit bakal mbelah,Kaya lilin* ing cedhak geni,Lan kaya banyu sing nggrojog ing panggonan sing curam.   Kuwi kabèh merga Yakub mbrontakLan merga dosa-dosané wong Israèl.+ Ngapa kok Yakub mbrontak? Merga wong Samaria, ta?+ Ngapa kok ana panggonan-panggonan dhuwur* ing Yéhuda?+ Merga wong Yérusalèm, ta?   Aku bakal nggawé Samaria dadi tumpukan watu ing ladhangLan dadi panggonan kanggo nandur anggur. Watu-watuné bakal Tak uncalké ing lembah,Lan pondhasiné bakal Tak bongkar.   Kabèh patung ukirané bakal diremuk.+ Kabèh upahé merga dadi pelacur bakal diobong.+ Aku bakal ngremuk kabèh brahalanéMerga kuwi kabèh diklumpukké saka hasil pelacurané,Lan kuwi bakal dibalèkké manèh dadi upahé para pelacur.”   Kuwi sebabé aku bakal nangis lan nggero-nggero.+ Aku bakal mlaku nyèkèr lan wuda.*+ Tangisanku bakal kaya swarané asu liar,Lan tangisanku merga sedhih bakal kaya manuk unta.   Lukané ora isa ditambani,+Lan kuwi wis nyebar tekan Yéhuda.+ Wabah kuwi wis nyebar nganti tekan gerbangé bangsaku, nganti tekan Yérusalèm.+ 10  ”Kuwi aja mbok umumké ing Gat. Kowé ya aja nganti nangis. Penduduk Bèt-afra,* padha gulung-gulunga ing debu. 11  Penduduk Syafir, padha nyabranga karo wuda lan isin. Penduduk Zaanan ora metu. Mbiyèn Bèt-èzel kuwi perlindunganmu, ning saiki ing kono mung ana swara tangisan. 12  Penduduk Marot ngarep-arep apa sing apik,Ning Yéhuwah mènèhi apa sing èlèk ing gerbang Yérusalèm. 13  Penduduk Lakhis,+ pasangen jaran ing kréta perang. Kowé sing nyebabké penduduk Zion nggawé dosa. Penduduk Zion, kowé ya wis mbrontak kaya wong Israèl.+ 14  Mula kowé bakal mènèhké hadiah-hadiah perpisahan marang Morèsyèt-gat. Raja-raja Israèl ora percaya manèh karo penduduk Akhzib.+ 15  Penduduk Marésyah,+ Aku bakal ngirim wong sing ngalahké kowé.+ Kemuliaané Israèl bakal tekan Adulam.+ 16  Bothakana sirahmu lan cukuren rambutmu merga anak-anakmu lanang sing mbok sayangi bakal kena bencana. Bothakana sirahmu kaya elang Merga anak-anakmu lanang wis digawa lunga menyang pembuangan.”+

Katrangan Tambahan

Jeneng dawané yaiku Mikhaèl (artiné ”Sapa Kaya Gusti Allah?”) utawa Mikaya (artiné ”Sapa Kaya Yéhuwah?”)
Mungkin kuwi bahan sing dihasilké tawon sing gampang melèlèh lan gunané kanggo nyimpen madu.
Utawa ”lan mung nganggo klambi njero”.
Utawa ”Penduduk ing omahé Afra”.