Mikha 2:1-13

  • Cilaka wong-wong sing nindhes (1-11)

  • Israèl bakal diklumpukké manèh (12, 13)

    • Tanah kuwi bakal ramé banget (12)

2  ”Cilaka wong-wong sing nggawé siasat jahat,Sing nggawé rencana jahat ing panggonané turu. Pas wis ésuk, wong-wong kuwi mulai nindakké rencananéMerga padha nduwé kuwasa lan kemampuan kanggo nindakké kuwi.+   Nèk péngin nduwé ladhang, wong-wong kuwi padha ngrampas.+ Nèk péngin nduwé omah, wong-wong kuwi padha ngrebut. Bèn isa éntuk omah lan warisané wong liya,+Wong-wong kuwi padha ngapusi.   Kuwi sebabé Yéhuwah kandha,’Aku nggawé rencana bèn kowé kena bencana,+ lan kowé ora bakal isa lolos.+ Kowé ora bakal mlaku karo sombong manèh,+ merga pas kuwi kowé bakal kena bencana.+   Wektu kuwi, kowé bakal dadi bahan omongané wong-wong,Lan kowé bakal ditangisi.+ Wong-wong bakal kandha, ”Awaké dhéwé wis hancur.+ Gusti Allah wis mènèhké warisané awaké dhéwé marang wong liya. Warisané awaké dhéwé wis lenyap.+ Tanahé awaké dhéwé wis diwènèhké marang bangsa sing ora nyembah Gusti Allah.”   Mula ing antarané jemaaté Yéhuwah,Ora bakal ana sing ngukur tanah sing wis dibagi nganggo undhi.   Wong-wong kuwi kandha, ”Aja nyampèkké berita manèh! Perkara-perkara iki aja dikabarké. Awaké dhéwé ora bakal dirèmèhké.”   Hé, keturunané Yakub, kowé ngerti nèk wong-wong padha ngomong ngéné: ”Mosok Yéhuwah wis ora sabar? Mosok Gusti Allah nindakké iki?” Omongan-Ku mesthi ana manfaaté kanggo wong sing bener.   Ning akhir-akhir iki, umat-Ku dadi kaya mungsuh. Kowé terang-terangan ngrampas hiasan sing apik lan* klambiné wong,Yaiku wong-wong sing lagi énak-énak mlaku kaya wong sing bar bali saka perang.   Wong-wong wédok ing antarané umat-Ku mbok usir saka omahé sing nyaman. Kabèh sing apik sing Tak wènèhké marang anak-anaké mbok rampas lan ora mbok balèkké manèh. 10  Ngadega lan mangkata, merga iki dudu panggonan istirahat. Merga najis,+ panggonan iki bakal hancur, bener-bener hancur.+ 11  Nèk ana wong nindakké sing ora ana gunané, ngapusi, lan kandha sing ora bener kaya ngéné iki,”Aku arep nyampèkké berita marang kowé soal anggur lan minuman keras.” Wong kaya ngono kuwi cocog dadi nabiné bangsa iki.+ 12  Oh Yakub, Aku mesthi bakal nglumpukké kowé kabèh. Aku ya mesthi bakal nglumpukké wong Israèl sing isih urip.+ Kabèh bakal Tak klumpukké dadi siji kaya domba ing kandhang,Kaya domba-domba ing padhang rumput.+ Ing kana bakal dadi ramé banget.’+ 13  Wong sing mbukak dalan bakal mlaku ing ngarepé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal nrobos lan ngliwati gerbang, terus metu saka kono.+ Rajané bakal mlaku ing ngarepé wong-wong kuwi,Lan Yéhuwah dhéwé sing dadi pemimpiné.”+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”saka”.