Nahum 1:1-15

  • Gusti Allah bakal ngukum mungsuh-mungsuhé (1-7)

    • Gusti Allah njaluk bèn mung Dhèwèké sing disembah (2)

    • Yéhuwah njaga wong sing berlindung marang Dhèwèké (7)

  • Niniwé bakal disingkirké (8-14)

    • Niniwé ora bakal isa nglawan manèh (9)

  • Kabar apik diumumké kanggo Yéhuda (15)

1  Berita kanggo Niniwé:+ Buku sing isiné wahyu sing ditampa Nahum* wong Élkos:   Gusti Allah Yéhuwah njaluk bèn mung Dhèwèké sing disembah.+ Yéhuwah bakal ngukum mungsuh-mungsuhé.+ Yéhuwah ora bakal lali karo kejahatané wong-wong kuwi, lan Dhèwèké bakal nesu karo wong-wong kuwi. Dhèwèké bakal mbales mungsuh-mungsuhé.   Yéhuwah sabar+ lan nduwé kuwasa sing gedhé.+ Ning, Yéhuwah mesthi ngukum wong-wong sing nindakké dosa.+ Dhèwèké nggunakké angin lan badai sing ngrusak,Lan méga-méga kaya debu ing ngisor sikilé.+   Dhèwèké nggetak laut,+ lan laut dadi garing. Dhèwèké ya nggawé kabèh kali dadi garing.+ Basyan lan Karmèl dadi gersang,+Lan kembang-kembang ing Lébanon dadi layu.   Gunung-gunung goncang merga Dhèwèké,Bukit-bukit padha hancur.+ Bumi gemeter ing ngarepé. Donya lan kabèh sing manggon ing njeroné ya mèlu gemeter.+   Sapa sing sanggup ngadhepi wektu Dhèwèké nesu?+ Sapa sing tahan wektu Dhèwèké nesu banget?+ Nesuné bakal ngobong kaya geni. Watu karang waé bakal hancur merga Dhèwèké.   Yéhuwah kuwi apikan.+ Dhèwèké kaya bèntèng pas wong ngalami kesusahan.+ Dhèwèké njaga* wong sing berlindung marang Dhèwèké.+   Nganggo banjir gedhé sing ngrusak, Dhèwèké nyingkirké Niniwé.* Mungsuh-mungsuhé bakal ana ing petengan.   Apa sing bakal mbok rencanakké kanggo nglawan Yéhuwah? Dhèwèké bakal nyingkirké kowé nganti entèk,Lan kowé ora bakal disingkirké manèh.+ 10  Senajan wong Niniwé kaya tanduran eri sing thukulé rapetLan kaya wong sing mabuk merga bir,Wong-wong kuwi bakal musnah kaya jerami garing sing kobong. 11  Saka antaramu, bakal ana wong sing nggawé rencana jahat kanggo nglawan Yéhuwah. Wong kuwi mènèhi naséhat sing ora mutu. 12  Yéhuwah ngomong ngéné: ”Senajan wong Asiria* kuwat banget lan jumlahé akèh,Wong-wong kuwi bakal disingkirké lan mati.* Yéhuda, Aku wis ngukum kowé, ning Aku ora bakal ngukum kowé manèh. 13  Saiki Aku bakal mbébaské kowé saka kuwasané mungsuhmu.*+ Aku bakal medhot belenggu sing ngranté kowé. 14  Yéhuwah mènèhi préntah soal kowé, Niniwé,*’Ora bakal ana keturunan sing nganggo jenengmu. Aku bakal nyingkirké patung pahatan lan patung logam* saka kuilé déwa-déwamu. Kuburan wis Tak siapké kanggo kowé merga kowé ora ana gunané.’ 15  Wong sing nggawa kabar apik, sing nyritakké kabar sing nggawé ayem,+ teka saka gunung-gunung. Oh Yéhuda, rayakna perayaan-perayaanmu,+ lan tepati janjimu. Wong-wong sing jahat ora bakal nyerang kowé manèh. Wong-wong kuwi bener-bener bakal disingkirké.”

Katrangan Tambahan

Artiné ”Wong sing Mènèhi Penghiburan”.
Utawa ”mikirké”. Lit.: ”kenal”.
Lit.: ”panggonané”.
Lit.: ”wong-wong kuwi”. Asiria kuwi negara sing ibu kotané Niniwé.
Utawa mungkin ”lan dhèwèké bakal liwat”.
Utawa ”Aku bakal nugel kayu sing ana ing gulumu”.
Utawa ”Asiria”.
Utawa ”lan patung saka logam sing dilebur”.