Nahum 2:1-13

  • Niniwé bakal dihancurké (1-13)

    • ”Pintu-pintu air ing kali bakal kebukak” (6)

2  Wong sing arep ngocar-ngacirké kowé* wis teka nglawan kowé.+ Jaganen bèntèng-bèntèngmu. Kowé kudu ngawasi dalan-dalan. Kowé kudu siap-siap lan nglumpukké kekuwatanmu.   Kemuliaané Yakub lan kemuliaané Israèlbakal dipulihké manèh karo Yéhuwah. Mungsuh-mungsuh wis ngalahké wong-wong kuwi*+Lan ngrusak tunas-tunasé.   Tamèngé mungsuhé Niniwé dicèt abang. Wong-wong kuwi nganggo klambi abang. Wektu wong-wong kuwi siap-siap perang,Perlengkapan wesi ing kréta perangé murub kaya geniLan tombak-tombaké* diacungké.   Ing dalan-dalan, kréta-kréta perangé cepet banget. Kréta kuwi bolak-balik ing lapangan-lapanganLan bersinar kaya obor sing murub lan nyamber kaya kilat.   Dhèwèké* ngundang para pejabaté. Pas mangkat, wong-wong kuwi bakal kesandhung. Wong-wong kuwi cepet-cepet marani témboké. Wong-wong kuwi mbangun pertahanan.   Pintu-pintu air ing kali bakal kebukak,Lan istana kuwi bakal hancur.   Iki sing wis ditetepké: Kutha iki kaya ratu sing digawé isin. Dhèwèké digawa lunga, lan budhak-budhaké wédok padha nangis.* Tangisané kaya swarané manuk dara.   Sakjegé uripé, Niniwé+ kaya kolam banyu,Ning saiki penduduké padha mlayu. Ana sing mbengok, ”Balia. Aja lunga.” Ning ora ana sing bali.+   Jarahen pérak, jarahen emas. Hartané ora ana entèké. Ing kana ana akèh banget barang-barang berharga. 10  Kutha kuwi kosong, telantar, lan hancur.+ Atiné wong-wong kuwi dadi wedi, dhengkulé dadi lemes, awaké lara kabèh,Lan wajahé dadi pucet. 11  Apa sing dialami kutha sing kaya guwa singa*+ kuwi, panggonané anak singa mangan,Panggonané singa mlaku-mlaku karo anakéTanpa ana sing nggawé wedi? 12  Singa kuwi nangkep mangsa kanggo anak-anakéLan matèni mangsa kanggo singa-singa wédok. Guwané dikebaki hasil buruanéLan kebak kéwan sing ditangkep. 13  Yéhuwah pemimpiné pasukan+ kandha, ”Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal ngobong kréta-kréta perangmu nganti entèk.+ Singa-singamu sing enom bakal dipatèni nganggo pedhang. Kowé ora bakal mburu mangsa manèh ing bumi.* Swarané para utusanmu ora bakal ana manèh.”+

Katrangan Tambahan

Sing dimaksud ”kowé” yaiku Niniwé.
Maksudé, Israèl.
Utawa ”tombak sing digawé saka kayu juniper”.
Mungkin maksudé raja Asiria.
Lit.: ”padha nggebugi dhadhané”.
Singa kuwi salah siji lambang nasional Niniwé.
Lit.: ”Aku bakal ngeculké mangsamu saka bumi”.