Nahum 3:1-19

  • ”Cilaka kutha sing penduduké matèni wong liya” (1-19)

    • Alesané Niniwé dihukum (1-7)

    • Niniwé bakal hancur kaya No-amon (8-12)

    • Niniwé mesthi bakal dihancurké (13-19)

3  Cilaka kutha sing penduduké matèni wong liya,Sing akèh penipuan lan perampokan,Sing terus-terusan nggolèk mangsa.   Aku krungu swarané pecut lan rodha sing mubeng. Aku ndelok jaran sing gagah lan kréta perang sing cepet banget.   Ana wong sing numpak jaran, ana pedhang sing murub, lan ana tombak sing mengkilap. Ana akèh banget sing dipatèni, lan mayaté tumpuk-tumpuk. Mayat ana ing endi-endi. Wong-wong nganti padha kesandhung merga mayat-mayat kuwi.   Kuwi kabèh merga dhèwèké terus-terusan dadi pelacur. Dhèwèké ayu lan menarik. Dhèwèké ya ahli ilmu gaib. Bangsa-bangsa padha dijebak merga pelacuran lan ilmu gaibé.   Yéhuwah pemimpiné pasukan+ kandha, ”Aku bakal nglawan kowé.* Aku bakal mbukak ujung jubahmu nganti tekan wajahmu,Bèn bangsa-bangsa padha ndelok pas kowé wuda,Lan kerajaan-kerajaan ndelok keadaanmu sing ngisin-isini.   Aku bakal mbandhemi* kowé nganggo regedan. Aku bakal ngrèmèhké kowé. Aku bakal nggawé kowé dadi tontonan.+   Saben wong sing ndelok kowé bakal mlayu ninggalké kowé+ lan kandha,’Niniwé wis dihancurké. Sapa sing bakal mesakké dhèwèké?’ Sapa sing isa nggawé kowé ora sedhih manèh?   Apa kowé luwih apik timbang kutha No-amon,*+ sing ana ing pinggiré saluran banyuné Kali Nil?+ Kutha kuwi diubengi banyu. Laut dadi sumber kekayaané lan témbok perlindungané.   Étiopia lan Mesir dadi sumber kekuwatan sing ora ana batasé. Wong Put+ lan Libia mbantu dhèwèké.+ 10  Senajan ngono, dhèwèké dadi tawanan. Dhèwèké ditawan.+ Anak-anaké digebugi nganti mati ing dalan-dalan. Wong-wongé sing dihormati padha diundhi kanggo didadèkké budhak,Lan para pejabaté padha diranté. 11  Kowé ya bakal mabuk.+ Kowé bakal ndhelik. Kowé bakal mlayu saka mungsuhmu. 12  Kabèh bèntèngmu kaya wit ara sing ngasilké buah ara sing pertama. Nèk digoncang-goncang, buahé bakal tiba ing cangkemé wong sing péngin mangan kuwi. 13  Kekuwatané pasukanmu kaya kekuwatané wong wédok. Gerbang-gerbang negaramu bakal dibukak amba kanggo mungsuhmu. Palang-palangé gerbangmu bakal diobong nganti entèk. 14  Siapna banyu kanggo persediaan pas kowé dikepung.+ Kuwatna bèntèng-bèntèngmu. Golèka panggonan sing berlumpur,Idak-idaken tanah liaté, terus gawéa bata. 15  Senajan ngono, kowé bakal tetep diobong. Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang.+ Kowé bakal dientèkké kaya tanduran sing dipangan walang enom.+ Dadèkna jumlah pendudukmu padha akèhé kaya jumlahé walang enom. Dadèkna jumlahé akèh kaya walang. 16  Pedagangmu dadi saya akèh lan jumlahé luwih akèh timbang bintang ing langit. Walang enom akhiré nduwé sayap* lan mabur nganti adoh. 17  Pengawalmu kaya walang,Lan pejabatmu kaya grombolan walang. Pas hawané adhem, padha ndhelik ing celah témbok watu. Ning pas matahari bersinar, padha mabur kabèh. Ora ana sing ngerti padha lunga menyang endi. 18  Raja Asiria, para gembalamu padha ngantuk. Para bangsawanmu tetep manggon ing omahé. Rakyatmu padha kesebar ing gunung-gunung,Ora ana sing nglumpukké.+ 19  Kowé mesthi bakal terus kena bencana. Lukamu ora bakal isa mari. Kabèh sing krungu laporan soal kowé bakal keplok-keplok.+ Sapa sing durung tau sengsara merga tumindakmu sing kejem?”+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Niniwé.
Utawa ”mbalangi”.
Maksudé, Tèbès.
Lit.: ”akhiré ganti kulit”.