Obaja 1:1-21

  • Édom sing sombong bakal dirèmèhké (1-9)

  • Tumindaké Édom sing kejem marang Yakub (10-14)

  • Dinané Yéhuwah kanggo ngukum kabèh bangsa (15, 16)

  • Keturunané Yakub bakal dipulihké manèh (17-21)

    • Yakub bakal ngobong Édom nganti entèk (18)

    • Yéhuwah bakal mréntah dadi raja (21)

 Obaja* nampa wahyu soal Édom*+ saka Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa. Obaja kandha,”Aku lan bangsaku krungu berita saka Yéhuwah,Ana wong sing wis diutus marang bangsa-bangsa kanggo kandha,’Ayo siap-siap perang nglawan dhèwèké.’”*+   ”Aku wis nggawé kowé dirèmèhké bangsa-bangsa liya; Kowé bener-bener disepèlèkké.+   Atimu sing sombong wis ngapusi kowé.+ Kowé manggon ing tebing watu bèn dilindhungi,Kowé manggon ing gunung-gunung sing dhuwur, lan kowé mbatin,’Sapa sing isa nibakké aku ing bumi?’   Senajan kowé manggon ing panggonan sing dhuwur* kaya elangUtawa nggawé susuh ing antarané bintang-bintang,Aku bakal nibakké kowé saka kana,” kuwi kandhané Yéhuwah.   ”Nèk bengi-bengi kowé diparani maling utawa rampok,Wong-wong kuwi kan mung njupuk apa sing dikarepké waé, ta? Utawa nèk kowé diparani wong sing manèn anggur,Kan mesthi ana buah anggur sing ditinggal, ta?+ Ning, kowé bener-bener bakal dihancurké mungsuh-mungsuhmu.*   Wong-wong kuwi wis ngglédhah Ésau! Hartamu sing mbok dhelikké wis dijarah.   Wong-wong kuwi wis ngusir kowé saka tanahé. Kanca-kancamu* wis ngapusi kowé. Wong-wong sing damai karo kowé wis ngalahké kowé. Wong-wong sing mangan roti bareng kowé bakal njebak kowé,Ning kowé ora bakal ngerti.”   Yéhuwah kandha, ”Ing dina kuwi,Aku mesthi bakal nyingkirké wong-wong sing wicaksana sing ana ing Édom+Lan wong-wong pinter ing dhaérah pegunungan Ésau.   Hé Téman,+ para prajuritmu bakal kewedèn,+Merga kabèh wong ing dhaérah pegunungan Ésau bakal dipatèni.+ 10  Merga tumindakmu sing kejem marang Yakub sedulurmu,+Kowé bakal diisin-isinké,+Lan kowé bakal musnah saklawasé.+ 11  Wektu wong-wong sing ora dikenal nawan para prajurité,+Wektu wong-wong asing mlebu ing gerbangé lan nguncalké undhi+ kanggo Yérusalèm,Kowé mung ngadeg lan meneng waé. Kowé padha jahaté kaya wong-wong kuwi. 12  Kuduné kowé ora seneng wektu ndelok sedulurmu sengsara,+Kuduné kowé ora seneng wektu wong Yéhuda musnah,+Lan kuduné kowé ora ngécé wektu wong-wong kuwi susah. 13  Kuduné kowé ora mlebu ing gerbangé umat-Ku pas wong-wong kuwi kena bencana,+Kuduné kowé ora seneng pas wong-wong kuwi kena bencana,Lan kuduné kowé ora ngrampas hartané pas wong-wong kuwi kena bencana.+ 14  Kuduné kowé ora nyegat lan ora matèni wong-wong sing mlayu,+Lan pas wong-wong kuwi sengsara, kuduné kowé ora nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuhé.+ 15  Dinané Yéhuwah kanggo ngukum kabèh bangsa wis cedhak.+ Sing mbok tindakké kuwi ya bakal mbok alami.+ Kaya sing wis mbok tindakké marang wong liya, kowé ya bakal ngalami sing padha. 16  Kaya kowé wis ngombé anggur ing gunung-Ku sing suci,Kabèh bangsa ya bakal terus ngombé anggur sing nglambangké rasa nesu-Ku.+ Wong-wong kuwi bakal ngombé nganti entèk. Wong-wong kuwi bakal musnah kaya ora tau ana. 17  Tapi, ing Gunung Zion bakal ana wong-wong sing slamet,+Lan gunung kuwi bakal dadi suci,+Lan keturunané Yakub bakal njupuk manèh duwèké.+ 18  Keturunané Yakub bakal dadi kaya geni,Keturunané Yusuf ya kaya geni,Lan keturunané Ésau kaya jerami. Keturunané Yakub lan keturunané Yusuf bakal ngobong keturunané Ésau nganti entèk,Lan ora bakal ana keturunané Ésau sing slamet,+Merga Yéhuwah dhéwé sing kandha. 19  Wong-wong kuwi bakal ngrebut Nègèb lan dhaérah pegunungan Ésau,+Syéféla lan tanahé wong Filistin.+ Wong-wong kuwi bakal ngrebut dhaérah Éfraim lan dhaérah Samaria,+Lan Bènyamin bakal ngrebut Giléad. 20  Wong Israèl sing digawa menyang pembuangan, sing ana ing bèntèng iki,+Bakal nduwèni tanah Kanaan nganti tekan Zaréfat.+ Wong-wong Yérusalèm sing digawa menyang pembuangan, sing ana ing Séfarad, bakal nduwèni kutha-kutha ing Nègèb.+ 21  Para penyelamat bakal munggah menyang Gunung ZionKanggo ngadili dhaérah pegunungan Ésau,+Lan Yéhuwah bakal mréntah dadi raja.”+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Édom.
Ing buku iki, Édom ya disebut Ésau.
Artiné ”Abdiné Yéhuwah”.
Utawa mungkin ”kowé mabur nganti dhuwur”.
Utawa mungkin ”Parah banget kehancuranmu!”
Utawa ”Wong-wong sing nggawé perjanjian karo kowé”.