Pangentasan 1:1-22

  • Jumlahé wong Israèl tambah akèh ing Mesir (1-7)

  • Firaun nindhes wong Israèl (8-14)

  • Para bidan sing wedi karo Gusti Allah ora gelem matèni bayi (15-22)

1  Yakub, yaiku Israèl, lan anak-anaké lanang lunga menyang Mesir bareng karo keluargané dhéwé-dhéwé. Iki jenengé anak-anaké lanang Yakub:+  Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda,+  Isakhar, Zébulon, Bènyamin,  Dan, Naftali, Gad, lan Asyèr.+  Keturunané Yakub* ana 70, tapi Yusuf wis ana ing Mesir wektu kuwi.+  Akhiré Yusuf mati.+ Kabèh kakang adhiné Yusuf lan kabèh wong sing urip sak jaman karo wong-wong kuwi* akhiré ya mati.  Keturunané Israèl dadi akèh banget lan terus nambah. Wong-wong kuwi cepet banget nambahé lan dadi saya kuwat nganti ngebaki tanah kuwi.+  Terus ana raja anyar ing Mesir, sing ora ngerti apa-apa soal Yusuf.  Raja kuwi ngomong karo rakyaté, ”Wong Israèl luwih akèh lan luwih kuwat timbang awaké dhéwé.+ 10  Ayo nggolèk cara bèn wong-wong kuwi ora tambah akèh. Nèk ora, wektu ana perang, wong-wong kuwi bakal mbantu mungsuhé awaké dhéwé lan nyerang awaké dhéwé, terus wong-wong kuwi ninggalké tanah iki.” 11  Wong Mesir milih para pengawas kanggo nindhes wong Israèl lan ngongkon wong-wong kuwi kerja paksa.+ Wong Israèl dikongkon mbangun Pitom lan Raamsès, yaiku kutha-kutha sing dienggo nyimpen panganan lan barang-barangé Firaun.*+ 12  Ning, saya ditindhes, wong Israèl dadi saya akèh lan saya nyebar. Wong Mesir dadi wedi banget lan sengit karo wong Israèl.+ 13  Mula, wong Mesir ndadèkké wong Israèl dadi budhak, lan wong-wong kuwi dipeksa kerja keras.+ 14  Wong Mesir nggawé wong Israèl dadi sengsara banget. Wong Israèl dikongkon ngadhuk semèn, nggawé bata, lan kerja keras ing ladhang. Wong Mesir kejem banget nindhes wong Israèl, lan wong Israèl dikongkon nggarap kabèh gawéan sing biasa dilakoni budhak.+ 15  Terus, raja Mesir ngomong karo bidan Ibrani* sing jenengé Syifra lan Pua, 16  ”Wektu kowé mbantu wong wédok Ibrani nglairké,+ terus anak sing lair kuwi lanang, anak kuwi kudu mbok patèni. Ning, nèk anaké wédok, aja dipatèni.” 17  Merga wedi karo Gusti Allah sing bener, bidan-bidan kuwi ora manut karo préntahé raja Mesir lan ora matèni bayi lanang sing lair.+ 18  Akhiré, raja Mesir ngundang* bidan-bidan kuwi lan takon, ”Ngapa kok kowé ora matèni bayi lanang sing lair?” 19  Bidan-bidan kuwi njawab, ”Wong wédok Ibrani ora kaya wong wédok Mesir. Wongé kuwat-kuwat, wis nglairké sakdurungé bidan teka.” 20  Gusti Allah mberkahi bidan-bidan kuwi. Wong Israèl dadi tambah akèh lan tambah kuwat. 21  Merga bidan-bidan kuwi wedi karo Gusti Allah, Gusti Allah mènèhi bidan-bidan kuwi keturunan. 22  Akhiré Firaun mréntahké kabèh rakyaté, ”Kabèh bayi lanang Ibrani sing lagi waé lair buwangen menyang Kali Nil. Ning, bayi wédok aja dipatèni.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Sing metu saka pupuné Yakub”.
Utawa ”kabèh generasi kuwi”.
Sebutan kanggo raja Mesir. Deloken Daftar Istilah.
Sebutan liya kanggo wong Israèl. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.