Pangentasan 10:1-29

  • Bencana ke-8: walang (1-20)

  • Bencana ke-9: peteng (21-29)

10  Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu nemoni Firaun. Bèn waé dhèwèké lan para abdiné* tetep ndableg+ supaya Aku isa nggawé mukjijat ing ngarepé Firaun,+  lan bèn kowé isa crita marang anak putumu nèk Aku wis ngukum wong Mesir lan nèk Aku wis nggawé akèh mukjijat ing kana,+ lan kowé bakal ngerti tenan nèk Aku Yéhuwah.”  Mula, Musa lan Harun nemoni Firaun lan ngomong, ”Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani kandha, ’Nganti kapan kowé ora gelem manut karo Aku?+ Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku.  Nèk kowé tetep ora ngéntukké umat-Ku lunga, sésuk Aku bakal nggawé walang nyerbu tanahmu.  Kabèh walang kuwi bakal nutupi lemah nganti lemahé ora kétok. Kabèh walang kuwi bakal mangan tanduran sing isih ana sakwisé udan ès. Kabèh wit sing ana ing ladhang ya bakal dipangan.+  Walang-walang kuwi bakal ngebaki omahmu, omahé para abdimu, lan kabèh omah ing Mesir. Bapakmu lan simbahmu durung tau ndelok sing kaya ngono kuwi.’”+ Sakwisé kuwi, Musa lan Harun lunga saka ngarepé Firaun.  Terus para abdiné Firaun kandha karo Firaun, ”Nganti kapan wong iki bakal nyusahké awaké dhéwé? Bèn waé wong-wong kuwi lunga lan nyembah Yéhuwah Gusti Allahé. Apa njenengan ora sadhar nèk Mesir wis hancur?”  Mula, Firaun ngundang* Musa lan Harun manèh, terus kandha, ”Kowé éntuk lunga lan ngibadah marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Ning, sapa waé sing arep mèlu?”  Musa njawab, ”Sing enom, sing tuwa, bocah-bocah lanang, bocah-bocah wédok, domba, lan sapi+ merga aku kabèh bakal nggawé perayaan kanggo Yéhuwah.”+ 10  Firaun kandha, ”Kowé mesthi nduwé niat jahat. Apa mbok pikir Yéhuwah bener-bener ndhukung kowé+ nganti aku ngéntukké kowé lan anak-anakmu lunga? 11  Ora kabèh éntuk lunga. Kowé péngin ngibadah marang Yéhuwah, ta? Nèk ngono, sing lanang waé sing éntuk lunga.” Terus, Firaun ngusir Musa lan Harun saka kono. 12  Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing tanah Mesir bèn walang nyerbu tanah Mesir lan mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi sing isih ana sakwisé udan ès.” 13  Terus, Musa langsung ngethungké tongkaté ing tanah Mesir, lan Yéhuwah nggawé angin saka wétan teka ing tanah kuwi sedina sewengi. Ésuké, angin saka wétan kuwi nggawa walang akèh banget. 14  Kabèh walang kuwi teka lan ngebaki tanah Mesir.+ Walangé akèh banget.+ Durung tau ana walang semono akèhé, lan kuwi ora bakal kelakon manèh ing tanah Mesir. 15  Walang-walang kuwi nutupi tanah Mesir nganti langit* dadi peteng. Walang-walang kuwi mangan kabèh tanduran lan kabèh buah saka wit sing isih ana sakwisé udan ès. Ing tanah Mesir, blas ora ana godhong manèh ing wit-witan utawa ing tanduran sing ana ing ladhang. 16  Mula, Firaun cepet-cepet ngundang* Musa lan Harun. Firaun kandha, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah Gusti Allahmu lan marang kowé. 17  Saiki aku njaluk ngapura. Tulung njaluka marang Yéhuwah Gusti Allahmu bèn nyingkirké bencana iki.” 18  Mula, dhèwèké* lunga saka Firaun lan njaluk marang Yéhuwah.+ 19  Terus Yéhuwah ngubah arah anginé. Mula, ana angin sing banter banget teka saka kulon. Angin kuwi nggawa lunga walang-walangé menyang Laut Merah. Ora ana walang siji-sijia sing isih ana ing tanah Mesir. 20  Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg,+ lan Firaun ora ngéntukké wong Israèl lunga. 21  Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing langit bèn tanah Mesir dadi peteng banget.” 22  Musa langsung ngethungké tongkaté ing langit. Terus, tanah Mesir dadi peteng banget telung dina suwéné.+ 23  Wong Mesir ora isa ndelok apa-apa, lan wong-wong kuwi ora lunga menyang endi-endi telung dina suwéné. Tapi, panggonané wong Israèl tetep padhang.+ 24  Firaun ngundang Musa lan kandha, ”Kowé éntuk lunga lan ngibadah marang Yéhuwah.+ Bocah-bocah ya éntuk mèlu. Ning, domba lan sapimu ora éntuk mbok gawa.” 25  Musa kandha, ”Ora isa. Njenengan kudu ngéntukké aku kabèh nggawa ternakku bèn isa tak dadèkké korban lan persembahan bakaran kanggo Yéhuwah Gusti Allahku.+ 26  Ternakku bakal tak gawa. Ora ana kéwan sing bakal ditinggal, merga ana sing arep tak gunakké kanggo ngibadah marang Yéhuwah Gusti Allahku. Aku dhéwé ya ora ngerti apa sing bakal tak korbanké marang Yéhuwah nèk durung tekan kana.” 27  Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg, lan Firaun ora ngéntukké wong-wong kuwi lunga.+ 28  Firaun kandha karo Musa, ”Lungaa saka kéné! Aja nemoni aku manèh! Nèk kowé nemoni aku manèh, kowé bakal mati!” 29  Musa njawab, ”Ya. Aku ora bakal nemoni njenengan manèh.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”atiné lan atiné para abdiné”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”tanah kuwi”.
Utawa ”nyeluk”.
Kétoké Musa.
Lit.: ”atiné Firaun”.
Lit.: ”atiné Firaun”.