Pangentasan 11:1-10

  • Bencana ke-10 diumumké (1-10)

    • Wong Israèl njaluk barang-barangé wong Mesir (2)

11  Yéhuwah kandha karo Musa, ”Aku bakal ngukum Firaun lan Mesir sepisan manèh. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal ngéntukké kowé lunga saka kéné.+ Malah, dhèwèké bakal ngusir kowé saka kéné.+  Saiki ngomonga karo kabèh wong Israèl, lanang lan wédok, nèk wong-wong kuwi kudu njaluk barang-barang saka pérak lan emas marang wong Mesir, tanggané wong-wong kuwi.”+  Yéhuwah nggawé wong Mesir apikan karo wong Israèl. Malah, ing tanah Mesir, Musa dihormati banget karo para abdiné Firaun lan kabèh rakyat Mesir.  Musa ngomong karo Firaun, ”Yéhuwah kandha, ’Kira-kira mengko pas tengah wengi, Aku bakal lunga menyang tanah Mesir,+  lan kabèh anak pertama ing Mesir bakal mati,+ saka anak pertamané wong sing lagi mréntah, yaiku Firaun,* nganti anak pertamané budhak wédok sing paling rendah.* Kabèh anak pertamané kéwan ya bakal mati.+  Bakal ana swara tangisan sing banter banget ing tanah Mesir. Durung tau kelakon kaya ngono lan ora bakal kelakon manèh.+  Ning, wong Israèl lan ternaké ora bakal kena apa-apa. Asu waé ora bakal njegogi wong-wong kuwi. Dadi, kowé isa ngerti nèk tumindaké Yéhuwah marang wong Mesir béda karo tumindaké marang wong Israèl.’”+  Musa ya kandha, ”Kabèh abdimu bakal marani aku lan sujud marang aku, terus kandha, ’Kowé lan bangsamu kudu lunga saka kéné.’+ Sakwisé kuwi, aku bakal lunga.” Karo nesu banget, Musa lunga saka ngarepé Firaun.  Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Firaun ora bakal ngrungokké kowé+ bèn Aku isa nggawé mukjijat luwih akèh ing tanah Mesir.”+ 10  Musa lan Harun wis nggawé akèh mukjijat ing ngarepé Firaun.+ Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg. Mula, Firaun ora ngéntukké wong Israèl lunga saka tanahé.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”budhak wédok sing lagi nggunakké gilingan tangan”.
Lit.: ”Firaun sing lagi lungguh ing takhta”.
Lit.: ”atiné Firaun”.