Pangentasan 18:1-27

  • Yitro lan Zipora teka (1-12)

  • Sarané Yitro bèn Musa milih para hakim (13-27)

18  Yitro, imam Midian, bapak maratuwané Musa,+ krungu soal kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah kanggo Musa lan Israèl umaté, yaiku wektu Yéhuwah nggawa wong Israèl metu saka Mesir.+  Sakdurungé kuwi, Musa ngongkon Zipora bojoné mulih menyang omahé Yitro bapak maratuwané Musa. Mula, Yitro ngopèni Zipora  lan anaké lanang loro.+ Sing siji dijenengi Gèrsyom*+ merga Musa kandha, ”Aku dadi wong asing ing tanah asing,”  lan sing sijiné dijenengi Èlièzèr* merga Musa kandha, ”Gusti Allahé nènèk moyangku kuwi sing nulungi aku, sing nylametké aku saka pedhangé Firaun.”+  Yitro, bapak maratuwané Musa, ngejak bojo lan anak-anaké Musa nemoni Musa ing padhang belantara. Wektu kuwi, Musa kémah ing cedhaké gunungé Gusti Allah sing bener.+  Yitro ngirim pesen marang Musa, ”Aku Yitro bapak maratuwamu,+ teka karo bojomu lan anakmu lanang loro.”  Musa langsung nemoni bapak maratuwané, terus dhèwèké sujud lan ngambung bapak maratuwané. Wong loro kuwi padha-padha takon kabaré, terus mlebu ing kémah.  Musa crita karo bapak maratuwané soal kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah marang Firaun lan wong Mesir kanggo nylametké wong Israèl.+ Musa ya crita soal kesusahan sing dialami wong Israèl ing perjalanan+ lan piyé Yéhuwah wis mbantu wong-wong kuwi.  Yitro seneng banget wektu krungu soal kabèh sing ditindakké Yéhuwah kanggo wong Israèl, yaiku nylametké wong-wong kuwi saka Mesir.* 10  Yitro kandha, ”Muga-muga Yéhuwah diluhurké merga wis nylametké kowé saka Mesir lan Firaun lan wis nylametké wong Israèl sing ditindhes wong Mesir. 11  Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah luwih unggul timbang allah-allah liyané,+ merga Dhèwèké wis nglindhungi umaté saka wong Mesir sing sombong lan kejem.” 12  Terus, Yitro bapak maratuwané Musa nggawa persembahan bakaran lan persembahan liyané kanggo Gusti Allah. Harun lan kabèh pemimpiné* Israèl padha teka kanggo mangan bareng bapak maratuwané Musa ing ngarepé Gusti Allah sing bener. 13  Sésuké, kaya biasané, Musa lungguh lan dadi hakimé wong Israèl. Wong-wong padha teka lan ngadeg ing ngarepé Musa saka ésuk tekan bengi. 14  Wektu ndelok sing ditindakké Musa mau, bapak maratuwané takon, ”Kok ngono, ta? Wong-wong padha teka saka ésuk tekan bengi, tapi ngapa kok mbok urusi dhéwé?” 15  Musa njawab, ”Lha wongé teka terus merga péngin njaluk tuntunané Gusti Allah. 16  Nèk ana wong loro sing nduwé masalah, wong loro kuwi nemoni aku lan aku kudu mutuské sapa sing bener. Aku kudu ngandhani apa keputusané Gusti Allah sing bener lan apa préntahé.”+ 17  Bapak maratuwané Musa kandha, ”Kuduné ora ngono. 18  Kowé karo wong-wong kuwi mesthi bakal kesel banget, merga tugas kuwi abot banget kanggo kowé. Kuwi ora isa mbok urusi dhéwé. 19  Coba dirungokké dhisik saranku, lan Gusti Allah mesthi bakal mbantu kowé.+ Kowé bakal dadi wakilé wong-wong kuwi wektu wong-wong kuwi arep ngomong karo Gusti Allah sing bener.+ Kowé kudu nyampèkké masalahé wong-wong kuwi marang Gusti Allah sing bener.+ 20  Kowé kudu ngajari wong-wong kuwi soal hukum lan préntahé Gusti Allah.+ Kowé ya kudu ngandhani wong-wong kuwi carané urip sing bener lan apa waé sing kudu ditindakké wong-wong kuwi. 21  Ning, kowé kudu milih wong-wong lanang sing trampil,+ wedi marang* Gusti Allah, isa dipercaya,+ lan ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. Wong-wong kuwi kudu mbok wènèhi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh.+ 22  Wong-wong kuwi sing bakal dadi hakim kanggo wong Israèl nèk ana masalah. Masalah sing abot bakal mbok urusi,+ lan masalah sing ènthèng bèn diputuské wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi isa mbantu kowé bèn bebanmu ora abot.+ 23  Nèk kowé manut karo saranku lan Gusti Allah setuju, kowé ora bakal kesel, lan kabèh wong bakal ngrasa puas wektu mulih.” 24  Musa langsung setuju lan nindakké sarané bapak maratuwané. 25  Musa milih wong-wong lanang Israèl sing trampil lan mènèhi wong-wong kuwi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh. 26  Wong-wong kuwi dadi hakim wektu ana masalah. Sing ènthèng diputuské dhéwé, lan sing abot dipasrahké Musa.+ 27  Sakwisé kuwi, bapak maratuwané Musa pamit+ lan mulih menyang tanahé.

Katrangan Tambahan

Artiné ”Penduduk Asing ing Kana.”
Artiné ”Gusti Allahku Kuwi sing Nulungi”.
Lit.: ”saka tangané Mesir”.
Utawa ”kabèh sesepuhé”.