Pangentasan 21:1-36

  • Hukum kanggo wong Israèl (1-36)

    • Soal budhak Ibrani (2-11)

    • Soal tumindak kejem marang wong liya (12-27)

    • Soal kéwan (28-36)

21  ”Iki hukum sing kudu mbok sampèkké marang wong Israèl:+  ”Nèk kowé tuku budhak Ibrani,+ dhèwèké bakal dadi budhakmu enem taun suwéné, tapi ing taun kepitu dhèwèké bakal bébas lan ora perlu mbayar apa-apa.+  Nèk dhèwèké durung nduwé bojo pas dadi budhak, mung dhèwèké sing bakal bébas. Ning, nèk dhèwèké wis nduwé bojo pas dadi budhak, bojoné bakal mèlu dhèwèké.  Nèk majikané nikahké dhèwèké karo wong wédok, terus wong wédok kuwi nglairké anak lanang utawa anak wédok, wong wédok lan anak-anaké kuwi bakal dadi duwèké majikané. Mung budhak kuwi sing bakal bébas.+  Ning, nèk budhak kuwi ora gelem lunga lan kandha, ’Aku sayang karo majikanku, bojoku, lan anak-anakku. Aku ora usah dibébaské,’+  majikané kudu ngongkon budhak kuwi ngadeg ing lawang utawa kusèn lawang, terus majikané kudu nindhik kupingé budhak kuwi, lan Gusti Allah sing bener bakal dadi seksiné. Budhak kuwi bakal dadi budhaké saklawasé.  ”Nèk ana wong sing ngedol anaké wédok dadi budhak, carané wong wédok kuwi bébas ora kaya budhak lanang.  Nèk majikané ora seneng karo wong wédok kuwi lan wong wédok kuwi ora sida didadèkké gundhik, ning malah arep diedol, wong wédok kuwi ora éntuk diedol marang wong saka bangsa liya, merga majikané ora nepati janjiné.  Nèk majikané nikahké wong wédok kuwi karo anaké, majikané kudu nganggep wong wédok kuwi kaya anaké. 10  Nèk anaké majikan kuwi* nikah manèh, dhèwèké kudu tetep mènèhi wong wédok kuwi panganan lan klambi, lan kudu tetep nindakké hubungan sèks*+ karo wong wédok kuwi, yaiku bojoné sing pertama. 11  Nèk bojoné ora mènèhi wong wédok kuwi telu-teluné mau, wong wédok kuwi isa bébas lunga lan ora perlu mbayar apa-apa. 12  ”Wong sing ngantem* wong liya nganti mati kudu dipatèni.+ 13  Nèk dhèwèké ora sengaja matèni wong liya lan Gusti Allah sing bener ora tumindak apa-apa, dhèwèké isa mlayu ing panggonan sing bakal Tak tentokké.+ 14  Nèk ana wong sing nesu banget karo wong liya lan sengaja matèni wong kuwi,+ dhèwèké kudu dipatèni senajan dhèwèké nggolèk perlindungan ing mézbah-Ku.+ 15  Wong sing ngantem* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.+ 16  ”Nèk ana wong sing nyulik wong liya+ terus ngedol wong kuwi,+ utawa konangan wis nyulik wong liya lan sing diculik isih ana ing kono, wong sing nyulik kuwi kudu dipatèni.+ 17  ”Wong sing nyumpahi bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.+ 18  ”Nèk ana wong sing gelut, terus sing siji ngantem* utawa nggebug sing sijiné nganggo watu nganti wong sing diantem* kuwi mung isa turonan ing ambèn ning ora mati, iki sing kudu ditindakké: 19  Nèk wong sing diantem* kuwi isa tangi lan mlaku nganggo tongkat, wong sing ngantem* kuwi ora bakal dihukum. Dhèwèké mung kudu ngragadi wong kuwi saksuwéné wong kuwi ora isa kerja, nganti wong kuwi mari tenan. 20  ”Nèk ana wong sing nggebug budhaké lanang utawa wédok nganggo tongkat nganti budhaké kuwi mati, wong kuwi kudu dihukum.+ 21  Ning, nèk budhak kuwi matiné sedina utawa rong dina sakwisé, wong mau ora perlu dihukum, merga budhak kuwi wis dituku nganggo dhuwit. 22  ”Nèk ana wong sing gelut lan ngenani wong wédok sing meteng nganti wong wédok kuwi nglairké sakdurungé wektuné,+ tapi wong wédok lan bayiné kuwi ora mati, wong sing salah kudu mbayar ganti rugi sesuai karo sing dijaluk bojoné wong wédok kuwi, tapi jumlahé kudu cocog karo keputusané hakim.+ 23  Ning, nèk salah sijiné mati,* hukumané yaiku nyawa ganti nyawa,+ 24  mripat ganti mripat, untu ganti untu, tangan ganti tangan, sikil ganti sikil,+ 25  luka bakar ganti luka bakar, luka ganti luka, abuh ganti abuh. 26  ”Nèk ana wong sing ngantem* mripaté budhaké lanang utawa budhaké wédok nganti wuta, budhak kuwi kudu dibébaské kanggo ganti mripaté.+ 27  Nèk ana wong sing ngantem* budhaké lanang utawa budhaké wédok nganti untuné pothol, budhak kuwi kudu dibébaské kanggo ganti untuné. 28  ”Nèk ana sapi sing nyrudug wong lanang utawa wong wédok nganti wong kuwi mati, sapi mau kudu dibandhemi* watu nganti mati.+ Dagingé ora éntuk dipangan, lan sing nduwé sapi ora perlu dihukum. 29  Ning, nèk sapi kuwi biasa nyrudug wong lan sing nduwé wis dikandhani, tapi ora gelem njaga sapi kuwi, terus sapi kuwi matèni wong lanang utawa wong wédok, sapi kuwi kudu dibandhemi* watu nganti mati lan sing nduwé kudu dipatèni. 30  Nèk sing nduwé sapi kuwi dikongkon mbayar bèn dhèwèké ora dipatèni, dhèwèké kudu mbayar manut karo jumlah sing dijaluk. 31  Hukum kuwi ya kudu ditindakké nèk sapi kuwi nyrudug bocah lanang utawa bocah wédok. 32  Nèk sapi kuwi nyrudug budhak lanang utawa budhak wédok, sing nduwé sapi kudu mbayar 30 syèkel* marang majikané budhak kuwi, lan sapiné kudu dibandhemi watu nganti mati. 33  ”Nèk ana wong sing mbukak tutupé lubang utawa nggali lubang ning ora ditutup manèh, terus ana sapi utawa keledai sing tiba ing kono, 34  wong sing nduwé lubang mau kudu mènèhi ganti rugi+ marang wong sing nduwé kéwan kuwi, lan kéwan sing mati kuwi bakal dadi duwèké. 35  Nèk ana wong sing nduwé sapi lan sapiné kuwi matèni sapiné wong liya, sapi sing urip kudu diedol lan hasilé dibagi loro. Sapi sing mati ya kudu dibagi loro. 36  Ning, nèk sing nduwé kuwi wis ngerti nèk sapiné seneng nyrudug tapi sapiné ora dijaga, dhèwèké kudu mènèhi ganti rugi sapi siji, lan sapi sing mati bakal dadi duwèké.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”majikané”.
Lit.: ”nindakké kewajibané dadi bojo”.
Utawa ”ngampleng”.
Utawa ”ngampleng”.
Utawa ”dikampleng”.
Utawa ”ngampleng”.
Utawa ”dikampleng”.
Utawa ”ngampleng”.
Maksudé wong wédok kuwi utawa bayiné.
Utawa ”ngampleng”.
Utawa ”ngampleng”.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”kira-kira 342 gram”. 1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.